Jagad-jawa
Minggu, 9 Januari 2022 - 21:00 WIB

Geguritan Budi Wahyono

Budi Wahyono  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Simbah

simbah mung nduwe teken
minangka congkog urip lan nyeker dhuwit sekethip
ora ana dhuwit pensiyunan
apa maneh sak jejeran tunjangan

Advertisement

ing desa kene, omah sak kepel kena kanggo udhu
piye supaya urip greget gentayangan lumaku
tak sawang maneh omah iki krasa bisu kaya tugu
kanggo giliran tilasan anak-putu;
yen kabeh banjur keterak mawa semeru
sing bablas blandhang
kanca-kanca kelangan cekelan kudang
putuku sing temangsang ana kutha sranta;
urip krasa sepa

Semarang, 2021

 

Advertisement

Bocah

kretek jejeg Glodok Perak keterak
pedhot, nyengklak, gawe atimu nangis kekel
ing bathukmu tak waca kekarep dawa
mbangun kreteg bakoh nanging kaya cepete Bandawasa
gawe candhi saknalika
dikompleti tali menthang njiret gulu wit-witan
mrambat golek ilmu saka sumehe guru

nanging meja-kursi durung diguyangi mbaka siji
kabeh nunggu kahanan tentrem
karene sinau kebak rasa ayem

Advertisement

kretek isih dadi pepalang
sedhela maneh bakal mengkurep. Ewonan sikil
mlaku mbaka siji, semono uga rodha
luwih rata tinimbang watu sak kebo-kebo mlongo

Semarang, 2021

Ibu

; rumini lan salamah
bektine ora kecandhak, sanadyan mung nyampirke pundhak
playune rikat, genine molat-molat; mlayua tetep tiba
mung ibu sing bisa didhekep pasrah
merga kanggo ngetung ambegan wis krasa semplah
“Kowe ora melu Sedulur-Sedulurmu?” pitakone Ibu nunjem
sawangan rapet kagegem
Mripat landhep mung kari sambat mili netesi
“Kula mboten saget ninggal Ibu, ingkang sampun mbobot
Nyusoni, netah, ugi mlajeng kanthi kenceng,” semaurmu
Kocapa ing njaba bayu geni nyuwara kemrosak banter
Ora ana sing wani njajal minger

Semarang, 2021

 

Bapak

sakwise Subuhan mak klepat lunga
gambarane ora cetha
ninggalke aku lan bocah gunggung sejinah
weteng perih tak grujug lenga putih kareben krasa ngelih malih

yen ngonangi sapi lan wedhus, bapak ora kelingan lali adus. Kelingan tumancepe petungan untung-rugi
gulungan jaman bakal ngedhap-edhapi
bapak bali ngetung polahe cempe-cempe
bisa kanggo nyumet ragat sekolah putune
wedhus lan sapi sing ndhelik ana mburi omah, rumangsane wis primpen
nanging suket, godhong turi tekan bentelan dami
kudu golek negara ngendi?

Semarang, 2021

Bojo

Bojoku mabur menyang ngendi?
Jare pamit tilik omah nanging kok durung bali?
Muga mung mbukaki lawang kamar,
senthong, pawon, mbukaki gembolan ngisor kasur dipan
yen kabeh kasil dislametake banjur bali rene

bojoku ana ngendi?
ati mrinding, watuk-e semeru bakal mbludru
nyuntak awu mongah-mongah

aku mung kepengin muluk sarapan Kang
lawuh uyah ora apa-apa
timbang njero weteng ana sing wadul
: Kok telat ana apa?!

Semarang, 2021

Budi Wahyono, penggurit kelairan Wonogiri sing netep ana pinggiran kutha Semarang. Guritane kasebar ana sakwernane media. “Kelingan Gaplek”, kumpulan geguratane paling anyar (2021)

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif