SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Langit Wis Kebak Panjerit lan Kumandhange Tangis

wong-wong ngenteni kabar becik

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

sawise udan barat nggulung wengi dhedhet

lintange padha gogrog kasempyok thathit mobat-mabit

langite suwek kasamber bledheg ngekek

 

pet!

dimar mati

samyuh ambek radio lan televisi

--kang durung rampung ngabarake banjir bandhang

 

tanpa kenthong tanpa titir

atine sapa sing ora sangsaya mendhelong lan ketir-ketir

 

wong-wong ngenteni kabar becik

sing neka malah kanyatan agawe miris

memala sabrayat korate wis pacak baris

nyebar kacintrakan saka kutha-kutha

tumekan desa-ngadesa

sing ala sing becik gusis ditumpes tapis

 

kantor desa puskesmas nganti pegadhen

dikebaki wong mertamba

gumarenggeng suwarane

embuh nggruguh apa ngrapal donga

 

langit wis kebak panjerit

lan kumandhange tangis

 

 

Tritisan, Februari 2021

 

 



Kabar Beci king Esuk Kang Isih Suntrut

esuk-esuk dheweke wis mbrebes mili

ing kantor desa sawise meh semaput nunggu giliran

dhaptar ben diakoni negara olehe nglakoni urip

: kecingkrangan

 

enggal bali tekan omah kepapag anak lan bojo

banjur bareng tetangisan parisuka

 



”mbokne, ayo sesuk takterke nyang rumah sakit”

 

Poncotsenthong, Februari 2021

 

 

Embuh

embuh iki desa apa

kebawah kraton apa negara ngendi

kabeh kaya kumlebat mung jroning pangimpen



wong-wong lumaku rebut rikat

tegalan sawah kantor lan sadawaning delanggung

tekan kuburan wus dadi pasar maling

ya sing dodol ya sing tuku nyambinggendam

nyambi ngglembuk utawa ngenthit

 

embuh iki jaman apa

taun apa lan temu pira sengkalane

apuskrama pitenah lan kadurakan menangi kencana rukmine



yen ketemu rowang apadene sanak-kadang ing sadhengah papan

ngene iki pitakone:

 

sampeyan lara apa, kang!

 

embuh iki piye

ing kene wong-wong padha ngaku waras

kamangka senajan sing kuwarasane dibundheli layang kekancingan

yen ora mendem banyu bening ya kesurupan

 

Sendhangsamun, Februari 2021

 

 

Lurah Tiban

lamon entuk ditengeri bakal dakgaritake gurit sengit

salumahe watu gilang

saemper pawartamanawa duk ing uni ana

lurah tibaning desa kene

 

: panganane ndhas kali, kebo-sapi, lan lemah sangar

 

mati mendem sawuse nampa ganjaran saka njeng bupati

kadidene pelopor pembangunan karang padesan

 

rakyate?

padha kecingkrangan kedawan-dawan

sawise bola-bali kapusan

 

Desa Kene, Februari 2021

 

 

Wus Sagelar Sapapan

yen pasar dadi gambaran

wong dodol ketemu wong tuku

carane wong tetanen: nandur-ngundhuh

o!

saiba nggegirisi lamon teka kapan

mangsane ngundhuh kang tinandur embuh biyene

sapa ora miris nyawang

: sedulur kang kerumatan wus adhep-adhepan

lawan sedulur kang ora kerumatan

sagelar sapapan

ing pabaratan

 

o!

lamon bisa tinumbalan

apa kowe ora gemeter yen kewetu takon

: pira pitukone

 

--sedulur kang kerumatan wus adhep-adhepan

lawan sedulur kang ora kerumatan

 

Kaliwetan, Februari 2021

 

Bonari Nabonenar

Sutresna Sastra Jawa, dedunung ing Jl. Teuku Umar, RT 003/ RW 002, Desa Plumbangan, Kecamatan Doko, Kabupaten Blitar, Jawa Timur.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya