SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (4/10/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yan Tohari, sastrawan kang duwe asma asli Sriyana, mapan ing Dukuh RT 003/RW 009 Ringinputih, Karangdowo, Klaten.

Prau Sing Kudu Kasantang

daktatah pindhaning tresna
gladhak prau sing bakal nyangking kita
mapag ketebang-ketebang rembulan purnama
nadyan aku ngerti kuwi kabeh amung lamising impen
sing kecer mbebeda lelembaking pepenginan

dakrapal maneh wewenganing wengi ijen tanpa kanthi
sinambi nggambar praupanmu sing padhang jingglang
kasuntakan maewu-ewu cahyaning lintang
mbaka salembar kekuwatan tresna dakanam
murih bali sesanggeman ati kang awarna putih mlathi
endi, kabeh prasetyamu sing mboktulis ing layar biyen
mratandhani saiba janjiku lan janjimu lir ombak iku

nimas, isih adoh welah iki kudu sengkut mbebudi
nrajang uleganing godha sarta kumelaping pradondi
jalaran aku ngerti yen telaga iki winates sarana
kang negesake sepira pait lan asining urip kita
prau kudu tetep kasantang, ngudhari manising kapang

Karangdowo, Klaten, 2018

Prau Manising Kalbu

mumpung isih repet-repet, anakku
enggal santangen prau manising kalbu
kanggo negesake saben kecopak banyu uripmu
dina-dina bakal dadi cangkriman werdine lelayaran
tetesing kringet ora ana sing tiba tanpa pitungkasan

mumpung isih jembar tlatah iki kudhung wektu, anakku
sarta legining bun ngendahake sumilake gagat rina
mara gelaken ngimbangi aburing manuk-manuk mriwis
kang mbeburu lenaning kotes lan wader-wader pari
kanggo ngloloh anak-anake sing isih turu kepati

ngger, ora ana paedahe nggersula lan sambat ngaru-ara
urip pancen akeh sing nukulake rasa cubriya
ewasemana enggal santangen greget tumuju eloking jejangka
ana kana wis padha nyranti eseme widadara widadari
kang nujuprana setya ngancani turumu melahi endahing wengi

Karangdowo, Klaten, 2018

Ing Satengker Welah

ing satengker welah, ati iki kudu kepradhah
milang lintang, ngetung gumebyaring padhang
nadyan gaduk tuna nggayuk dhasaring kedhung
“ora mung pasrah, urip perlu reka-daya,” ngono welinge biyung

ing welah, cinipta polah kudu wani ngalah
ngrungu ilining ati, bebarengan negesi jero cetheking kali
kanggo apa ngopeni umriking serik sarta landheping ewa
jalaran kabagyan yaiku wis rampung anyambrang
ngliwati jembar sakathahing pepenginan

Karangdowo, Klaten, 2018

Sangarepe Canthik Rajamala

sangarepe canthik rajamala, sliramu temah nglenggana
lamun sih tresna wis dudu jembar apa ciute Bengawan Sala
utawa rame lan nyenyete ruwang-ruwang Radyapustaka
nanging eseme prawan sunthi sing sansaya nyalawadi
sangu manis nlasaki sadawaning dalan slamet riyadi

pisan maneh rungokna landhepe untu-untu renget
kliwat rosa ngejur-ejur lembaran kaca-kaca kalathidha
taman sriwedari wis kelangan wingite kopel pujangga
saiba tresna malik angin nibakake godhong-godhong ringin
mangkono jaman negakake manis kebon raja amung kari crita

Karangdowo, Klaten, 2018

Tegesing Prau

negesake prau, tetela iku dununging lair lan batinmu
wondene ombaking segara araning jagad gumelar
angin minangka kekuwatan pikir, welah kridhaning ati
temah layar papaning kawruh paran ngendi urip rinengkuh

prau nyambungake jangkahmu ing kiblating Gusti
prau ngemban sedyamu nyambrang memanising ngagesang
prau pambukaning wiwara kanggo apa sira temah cinipta
lan prau dadi pangetusing budi nuduhake dalan tumuju bali

ewasemana tumapak saripathing panggrahita
araning prau bakal lumebur ing uleganing cahya
nadyan tanpa prau sembada tandhes ing banyu kasampurnan
kadidene raden bratasena sing tanpa prau
lulus nyambrangi samodra minang kalbu

Karangdowo, Klaten, 2018

Prau Kapang

isih daksranti sliramu teka ana kene
mumpung kali jurug durung asat banyune
pepraon kaya puluhan taun kepungkur
nuli methik rembulan kang ketangsang
ing pang munggur…

Karangdowo, Klaten, 2018

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya