SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Jagad Pakeliran

Hooong wilaheng
Awigna mastu purnama sidhem
Kembeng-kembeng maskumambang humijil
Kinanthi kekanthen asta
Sesinioman milang-miling wilahing gendhing
Kayon apindho gunung durma dhoyong manengen
Si kidang hanggemprang kataman turidhasmara
Gambuh rasa rumangsa nengenake samubarang reh
Rehing kautaman handhandhang gula kinepyur pulut
Lingsir wengi gumanti ratri…..
Wancine kayon girisa tancep ing tengah kelir
Kumitir ngadeg jejeg hanjegreg ngener kayun
Mratandhani pathet nem gumanti sanga
Ngimpia titiyoni arane
Gagat pajar gumanti manyura, gandayoni hanelahi
Tumanduk pangkur ngenguwung
Wung-wung awang-awang nyenyawang wong-wong
Uwong awas eling
Kekayon kumrosak miring kering
Kekiring Galong gumolong
Kapuspotajem kanyataning sumpena hangawe lintang panjerina
Megat ruhing wanci panglong
Tancep kayon kababar golek mider ngliter jejogedan
Golekana “wos” ing ayang-ayang
Jagad wayang kaluthung hanyekar pucung
Wewayangan manjing kothak panandang wirangrong

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Selogiri, 14 September 2021

 

Truntum

Rinipta hamung kedheping netra
Lumantar sinawang ing bomantara
Katon sumilake mega akasa
Kang sinawur endahe taranggana
Sunar cahyane nundhung sunyane jaja

Ngambar arum mbabar ganda sekar tanjung
Sumawur dumunung taman kedhaton
Paring sasmita Sang Ratu Kencana
Sajroning eninge tapa brata
Manembah marang Gusti Maha Karya

Sinerat madyaning sinjang Prameswari
Kaprada ngentha kartika ngandhut makna
Tresnane Sri Narendra ngrembaka
Sih-kinasih, teruntum-tuntum, tumaruntun
Truntum…….

Selogiri, 15 februari 2018

 

Sujud

Lingsir wengi madya ratri
Sitaresmi gumlewang hanelahi
Hangawe-awe kekasihe
Sembah sujud tahajud khajad malady hening
Ngeningke umbul donga ndedzikir
Nyuntak pait getir jiwangga
Haminta wilasaning Gusti ILLAHI ROBBI
Tirta waspa kekidungan
Ngudhar wedharing nala
Luhuring sajadah hamarikelu
Ngrantu dhumawahing cahya mulya
Bang-bang wetan wus nandang
Mratandhani gagat rahina
Kaduradasih kaayap
Gusti ngijabahi…….

Selogiri, 10 Agustus 2021

Kenyaming Kopi Ireng

Kenyaming sacangkir kopi ireng
Panas mumpal-mumpal, arum sumrik
Gambaraning rasa rukun asih
Dadya marem jroning tyas
Langking keket ing lathi
Gumolong maneka raos:
Pait, rada kecut
Kawuwuhan manise gendhis
Pralambange pagesang…..
Kang tansah sih-sinisihan
Ing antarane ala lan becik
Sajroning bungah lan rimang
Saha papa cintrakane urip
Kang santer ngemutake
Minangka urip iku kebak perjuwangan
Hanggayuh mulya lan kamulyan

Selogiri, 07 Agustus 2018

Ardhanaryswari Buwana Kusumastuti
SMP Negeri 2 Selogiri, Wonogiri

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya