Jagad-jawa
Minggu, 8 Agustus 2021 - 22:35 WIB

Geguritan Anjrah Lelono Broto

Newswire  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

1/
Wengi Sepisanan


krasa abot
dakpegat rangu nadjan alot

Advertisement

kepara suwe ngenam lawe lelimbang
wengi iki apa ora bakal daklali, wiwitan
aku mertamu ing kidungmu
sawise tugu kamanungsan
saya miring dening pacoban

tampanana tekaku kang abot
nyunggi lelakoning titah mbako klobot

Trowulan, 2021

Advertisement

2/
Wengi Angka Loro

ing wengi kapisan wingi
cagak-cagak kidungmu ngemu geni
pindha nayab kang katrungku pulisi
aku durung kuwagang nguja lathi
asung uninga tekaku mengku sedya siji
; silahturahmi

mula ing wengi angka loro iki
dongaku munjung sagunung merapi
geni jroning cagak kidungmu wus mati
bakal luwih setiti olehku ngaji
ayat-ayat kidungmu mbasuh ati

Trowulan, 2021

Advertisement

3/
Wengi Kaping Telu

wengi kaping telu
nalikaning mertamu ing kidungmu
nglangut swara siter ngajak amemitran
binarung amrik arum dalu
tapis sewu panandhang
panguripan

getun sundul wuwung ngelingi semana
prasajaning udrasa dakwaca kanthi premana
wewayangan klawuning jangkah kutah malambah
kinanthi kidung manembah

Trowulan, 2021

Advertisement

4/
Marang Pasuketan

durung sun ngerteni
— kenengapa udan isih
tatag mudun ing wulan juni?

uga durung sun ngerteni
— kenengapa mung sakeplasan
sliramu tumeka lan nyunggi katresnan?

aku uga durung ngaweruhi
— kenengapa aku ngadeg
sapinggiring treteg nuju ambleg?

Advertisement

aku durung bisa nemu wangsulan
— kenengapa sliramu kudu ijenan
ngliwati wot kang rekasa sinabrang?

apa kudu takon marang pasuketan
kang mobah tanpa sanggan?

Trowulan, 2021

 

5/
Ah, Wanodya
Kanggo Nicky Minaj

mripat Kunthinalibrangta
tanpa sabawa
ceblok ing jogan
senadjan wus ora ana Bima
nanging mblasah kang kelangan
krana Arimbi bali jejer Hidimbi

Advertisement

Trowulan, 2021

6/
Akik Junjung Drajad

Junjung Drajad kang ngrenggani driji
Dudu jimat mandragunaning sekti
Kang nyulap lebu dadi barang kang mbejaji
Junjung Drajad kang mbokungalake saiki
sejatine mung siji saka cuwilan watu kali
umpama ora dielus klawan premati

yen ta ulegan panguripan kang nggubet saiki
jejer pawongan tanpa drajat kebak aji
elingana, kita saderma titahing Gusti
kang kudu sumarah ekhlas nglampahi
tanpa kendat setiyar lan dedonga trusing ati

Trowulan, 2021

Anjrah Lelono Broto, cumondok ing Trowulan, Mojokerto. Sregep nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Tetungguling Lingkar Studi Sastra Setrawulan (LISSTRA) iki sakmenika aktif ing Terminal Sastra ingkang disengkuyung Dewan Kesenian Kabupaten Mojokerto (DKKM).
Saged dipunsapa ing nomer WA 085854274197, anantaanandswami@gmail.com, lan dipunsanja ing FB: anjrahlelonobroto, dalah IG: @anjrahlelonobroto.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif