Jagad-jawa
Sabtu, 21 Mei 2022 - 06:38 WIB

Geguritan Aming Aminoedhin

Aming Aminoedhin  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Padhang Mbulan Wulan Pasa

pirang-pirang dina iki wis ora udan
ing akasa katon padhang mbulane
iki tandha pasane wis mlaku luwih saka separo wulan
akeh kanugrahan bakale teka ing wengi-wengi kuwi
akehana olehe ngaji
weneh lan weweh ing wulan suci
bakal oleh ganjaran akeh pinaringane Gusti
padhang mbulan wulan pasa
bisaa ndadekake padhange pikir jembare ati
lumaku kanthi tetep madhep manteb netepi dhawuhing Gusti kuwi
awak bisaa tetep akas trengginas olehe nglakoni pasa
ora mung pijer turu ana mushola
padhang mbulan wulan pasa wengi iki
angel olehku gawe guritan kuwi
mbokmenawa wae aku lali durung tadarus ngaji
kesengsem padhang mbulan ing wengi iki
katon endah lan asri
sing nyenengake ati

Advertisement

Mojokerto, 17/4/2022 (00.19)

 

Gurit Wulan Pasa

Advertisement

wayah pasa ing wulan romadhon
aja mung pijer turu wae
bubar subuhan turu maneh nganti bedhug dhuhur
delengen dina tetep kaya biasane
srengengene metu wayah esuk
mula aja akeh olehe omongan umuk
apa maneh mblithuk
kandhane luwih becik turu
tinimbang melek nanging arep omong elek
utawa mung ngrasani alane liyan
luwih apik laku-turu iku
ora umuk, lan ora bakal mblithuk
kandhamu kuwi bener, nanging ora pener
gurit wulan pasa iki mung arep kandha
dene pasa mono ora diakehi turune
nanging gawenen bisaa mergawe
sisane bisa laku-ngaji
supaya oleh ganjaran akeh ing wulan suci iki
Mojokerto, 16/4/2022 (00.57)

 

Cathetan 11 April 2022

gawe cathetan tanggal kuwi
amung bisa ndeleng saka tivi
ana ombyake demo ing Kutha Jakarta
para buruh lan mahasiswa
ramene demo ketoke nganti tekan wayah bengi
warta saka tivi, lan medsos katon beda surasane
kena apa kok bisa beda?

Advertisement

ora perlu jawaban, marang pitakonan kuwi
kabeh wong wis padha ngerti dhewe apa sababe
kutha-kutha liya uga akeh sing melu demo
klebu kutha-kutha sing ana njaban tanah Jawa
mahasiswa demo njaluk aja nganti diundurke jadwal pemilu
lan ora nambah telung periode kanggo kursi presidhen iku
yen wae tetep mlaku
iku mono laku salah lan nyalahi undang-undang
jalukan liyane saka demo iku rega BBM lan minyak goreng kudu mudun
aja nganti regane nekak gulune rakyat
kamangka barang-barang wis padha mundhak
kaya-kaya regane wis ora kajangka tangan
guritan iki mung sakderma cathetan
bisaa dadi pangeling-eling dina mburi
mahasiswa demo mung ngelingake
dene kursi presidhen iku mung rong periode puterane
ora bisa diganti dhewe kanthi didawakake
ora bisa
iku mono cetha nyalahi undang-undang
Mojokerto, 15/4/2022 (00.33)

 

Tunjungan Plaza Kobong

wingi sore wayah maghrib teka
jam olehe buka pasane sing padha pasa
mall Tunjungan Plaza kobong

Advertisement

wong-wong padha mlayu metu
golek slamete dhewe-dhewe
akeh mobil-mobile ditinggal lunga
dalanan macet amarga ramene sing padha ndelok
akeh geni ceblok saka ndhuwur mall iku
medeni wong-wong sing padha liwat dalan kono
akeh mobil damkar nguing-nguing
nyoba mateni geni
jarene warta radhio ora ana korban mati
mesthi keluke asep wis mlebu neng endi-endi ing njero
mall kuwi
Tunjungan Plaza kobong
aja mesthi digathukake tanggale telulas kuwi
aja nganti! iku mung gugon tuhon
Mojokerto, 14/4/2022

 

Dina-Dina Kebak Ampunan

dina-dina iki wis mlebu dina kebak ampunan saka pinaringane Gusti
dina mancik etungan welasan ing wulan pasa
traweh lan ngajine akehana
sapa ngerti oleh ampunane Gusti
dina mburi bisa ngundhuh wohing pakartimu kuwi
aja nganti kagodha gebyare pasar utawa mall wayah bengi

Advertisement

tawa-tawa diskonan kaya ngedhap-edhapi
iku mono mung gincune setan ing wulan suci iki
kamangka setan dibandha
bisa njelma arupa diskonan kuwi
aja nganti awakmu nurut melu kepilut ing ramadhon iki
terusna olehmu sregep traweh lan ngaji
ora nuruti nguber diskonan
sing sabenere iku jelmaane setan
aja kepencut!
Mojokerto, 13/4/2022 (00.13)

 

Durung Wayahe

mumpung isih ing wulan ramadhon
akehana ndonga
aja mung pijer takon bab THR
wingi kuwi Jakarta kandhane nembe geger
ana demo mahasiswa lan rakyat
sing nggugat presidhene
mudun ana dalan-dalan ngebaki kutha
kabar ramene ora sabaene
wingi iku dengaren wartane bisa katon mlebu tivi
warta ing tivi
pancen beda kang kinabarake ing medsos
kena apa, jarene pancen supaya gembos
jamane wis tinarbuka
donyane pancen wis kuwalik
apik dadi elek, sing elek dadi apik
jungkir jempalik, kewalik-walik

kabeh iku pancen wis pinesthi ginaris saka Gusti
yen pancen wis wayahe
THR bakale arep teka dhewe
aja pijer takon wae?
Mojokerto, 12/4/2022

 

Advertisement

Tekad Kudu Kuwat
* kanggo apa

ngangsu kawruh ing kutha liya
kudu duwe tekad kuwat sembarange
urip butuh niat kanthi ati
bisa nggantha impen iku arep kecekel tangan
dawane lakumu ana dalan
bisa digawe sangu ora bakal goyah kagodha ing jaman jempalikan
tetep kudu bisa rampung kuliyah
mesthi akeh sandungan
anane kabeh sandungan iku
bisa diwudhari krana tetep ndonga nyuwun marang Gusti
salate kudu ora oleh kendhat
akehana olehmu tirakat
kabeh impenmu bakal bisa kajangka tangan
ngangsu kawruh ilmu
butuh tekad kudu kuwat
mesthi dhuwit cumpen

kudu bisa gayuh impen
aja nganti mundur
aja wedi kebentur
iku mung godha saklebatan
dina mburi bakal nemu kaendahan
Mojokerto, 11/4/2022 (00.17)

Aming Aminoedhin
Lair ing Kutha Ngawi, 22 Desember 1957. Weton saka Fakultas Sastra, Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, jurusan Basa lan Sastra Indonesia (1987). Saiki pangarsa FSBS (Forum Sastra Bersama Surabaya). Dedunung ing Puri Mojobaru AZ-22/23 Desa Canggu, Kecamatan Jetis, Kabupaten Mojoketo 61352.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif