Godhonge Katresnan
Urip kekancan panas karo udan
Gandulan ana ing pucuk-pucuke pang
Saklembar-lembare yaiku ngimpi
Kang durung rampung
Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi
Kawentare trisna selawase
Nggawe godhong-godhong kang wus gogrok
Pengin urip ngrembaka
Ora dadi ngapa
Ngrasakne gogrok bola-bali
Amarga ora ana kang sampurna
Sakjroning trisna
Sak liyaning siji ukara yoiku setya
Madiun, 2022
Padang Bulan
Padang bulan wengi iki
Ngelingake nalika cilik
Durung enek padang listrik
Dolanan ing ngarepan
Karo kanca sak pantaran
Jamuran, jamuran
Ya ge gethok jamur apa
Ya ge gethok
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung
Sira badhe jamur apa?
Jaman saiki
Bocah-bocah padha ora ngerti
Apa iku tembang jamuran
Amarga kesenengen hp
Dolanan game nganti lali sinaune
Madiun, 2022
Trisna Selawase
Aku jaluk ngapura
Yen tansah tak celuk jenengmu
Ana ing donga-dongaku
Saumpama mengko
Tanganku loro
Wis ora bisa nulis geguritan
Yakinna
Sakjroning ati
Trisnaku uwis ngrembaka
Madiun, 2022
Gusti Allah Iku Siji
Ora ana kang ngembari
Nyipta kewan lan manungsa
Nyipta bumi lan angkasa
Nggawe udan
Kanggo nukulake wiji
Nyuburake jagung, tela, pari
Gusti Allah iku siji
Welas asihe tanpa upami
Madiun, 2022
Lebu
Aku dudu mawar
Kang abang mbranang
Aku dudu melati
Kang putih memplak
Aku iki lebu
Kang nemplok ana ing watu-watu
Tak kandakna marang sumiliring angin
Aja, aja nggawa awakku
Mabur duwur nyundul langit
Banjur kok ceblokne
Nganti dlosor mengisor
Aku iki lebu
Kang nemplok ana ing watu-watu
Madiun, 2022
Mangsa Ketiga
Ing tengah sawah
Kang urung enek tanduran
Bocah-bocah padha ngumbulke layangan
Tak sawang-sawang
Aku mesam-mesem dhewe
Banget polahe amrih mumbul layangane
Semono uga awakku
Donga, makarya
Ngupaya katekan gegayuhanku
Madiun, 2022
Mangsa Rendheng
Pirang-pirang dina
Udanne ora terang-terang
Ibuku sambat
Taline kebak pemean
Bapak katon sumringah
Banyu lumeber ing sawah
Aku dadi bingung
Melu bungah apa susah
Banjur tak waca
Terang- terang mbah kakung negor gedang, arite gowang
Terung-terung mbah kakung negor rebung, arite buntung
Udan saya deres
Ora mandhi japa mantraku
Nanging ibu bapakku dadi gumuyu
Madiun, 2022
Kangen
Tansah gumandul ing netra
Sliramu priya pepujanku
Nyawang bulan
Katon esemmu
Nyawang lintang
Kebak praupanmu
Angin
Aku titip kangenku
Tulung takonna
Apa atine padha
Kaya kang tak rasakne
Ing jero dhadha
Madiun, 2022
Alina Sukesi lair wonten Madiun, Jawa Timur. Nulis puisi, cerpen, lan geguritan. Asil makaryane wis kamot ing koran, daring, lan buku bebarengan.