SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO – Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (2/7/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yan Tohari, sastrawan ingkang pidalem ing Karangdowo, Klaten.

NGLARUNG SEPA
lan kayadene angin, aku terus kabuncang
mlebu lan metu ing wewengkon ampang
lair lan batinku koncatan edining teges
banjur ana ngendi aku nemu atimu, yayi
saparan laku aku malik abot lebu…

ing esuk iki,
nalika cendhela dakwengakake mawa sagarit was-was
tetela wektu sakalir wektu malik dadi urubing geni
kanthi apa aku kuwawa nylametake sagegem sesanti
tan wurung sakehing jiwa kabeh kabesmi

yayi, marang ketes bun nyoba kita nglarung sepa
mbokmanawa isih kasisan manising wengi
ing kene, ing latar iki, pisan maneh dakronce ukara
nadyan gurit saiki amung kari getiring panarima

Klaten, Karangdowo, 2017

TUMUJU KARAMPUNGAN
embuh kapan bisa karampungan
aku ngudhari irat-irataning kapang
nulis mbaka salarik aksara tresna
nuli nglenggana yen urip iku ngukuti kabagyan

ing kene durung ana cahya kang tetegaran
kabeh wujud brahala
nimas, kanthinen tangan iki
ngelusi kecering sengsem ing tapak sepi
temah wengi ora mung larahan impen

embuh kapan,
tangis owah dadi gumebyaring manis
padhas malik ilining banyu-banyu kawelasan
uga sepi sing karuwat nuju elok pahargyan
ing kene aku nunggu tekaning atimu

Karangdowo, Klaten, Maret 2018

MRING KAMULYANING ANGIN
saka sungsum angin sliramu dilairake
dene bapa biyungmu uga turasing samirana
yen urip kawiwitan kulaking napas ing teleng hawa
melar mingkusing ati minangka unining wewadi
pati utawa urip amung dadi pamilahing pepesthi

rilakna, angin bisa ngrebda ing sanubarimu
ngudhari bundhetaning panalar awit pepaekaning jaman
jaring sakaliring werna kukus mega minangka sesotya
awit angin kang kuwawa ngruwat sukertamu
temah sengit dadi tresna
… lan satru dadi mitra

Karangdowo, Klaten, 2016

ARAHING JANGKAH
tinemu ukara kang koncatan memanis
nalikane surup mbebeda mawa aburing lawa
isih daksimpen gambarmu nimas
dadi rerenggan kamar kita semana
samangsane bedhidhing nulis ukara tresna

ing pereng-pereng kuncuping mawar
daktulis jenengmu mawa wangining angin
murih setyaku tetep ngrebda ing akasa
sumebar ngrenggani sela-selaning asmara

nanging, aku wis kelangan arahing jangkah
angel nalusur maneh tapaking rasa
lair batinku katriwadhan marang kumlebating
pambeg lan pirang-pirang adrenging karep
kang pijer ngenggokake jejeging patrap
temah keblasuk ing pepaekaning ulat

Karangdowo, Klaten, 2018

KALIMPUT ING BIYADA
nggembol rasa kadhung
sapinggiring kali jurug
kasisan gela kang isih matumpuk
banjur apa sing mbokrebutake dina iki
yen kedhunging kali pijer nyipta ribeting ati

apa mboksengguh
panguwasa dadi sakabahe underan kamulyan
kalungguhan nyipta wingka dadi mustika
apa atimu sing kaerut dening geni ewa
sumurupa, kita kabeh lagi kabanda ing lirwa

nggembol rasa bingung, ing pinggir kali jurug
sawangen tanggul iki wis kari sapunthuk
apa sliramu tega nyawang anak putu padha pitakon
geneya awakku lan awakmu kalimput ing biyada
kamangka werna-werna sanggan isih ngalela?

Karangdowo, Klaten, 2018

LELAMISING SUJARAH
ya ing dalan iki, nalika tanganmu dakkanthi
nlasak surup kang rinengga aburing sriti
geneya lair batin durung kuwawa nglenggana
kamangka jaman wis kerep salin rupa
dene taun mbaka taun amung kaisi rebut dhucung

mitra, endi manis sing mboktitipake mekaring mawar
sapinggiring blumbang taman balekambang iki
sliramu nate crita bab ontran-ontran kutha bengawan
yen satemene ora ana panguwasa kang sampurna
ken arok wae kabrongot dening weweging dhadha

ya ing dalan iki, nalika sliramu njiwit lengenku
wengi panggah nyisakake geguyonan kang saru
mara gage pisan maneh kancanana lakuku
nlusur lelamising sujarah, sapa ngerti kabeh bisa nyata
yen satriya piningit iku dudu kabar ngayawara…

Karangdowo, Klaten, 2018

DONGENG ATI
wengi tetep arupa manis esemmu
kang kagambar ing ros-rosaning impen iki
ewasemana sapirang-pirang larik gurit
tan kuwawa mbledig ambaning gendera tresna
sliramu ana ngendi saiki
atiku kijenan kabanda rosaning kapang…

dhik, apa kowe isih mireng?
yen wengi iki ati ketungkul nulis ewon asmara
ngracik dongeng-dongeng ati sing kagarit sepi
dene lintang-lintang mandheg dadi seksi
saiba tresna iki tetep ngluru gegantilaning ati
kang wis mataun-taun kasimpen tumpukan jaman
lan embuh saiki ana ngendi dununge sampeyan

Klaten, Maret 2018

LILIN PANGELING
satemene durung wancine aku ngurubake
jalaran lintang-lintang kober andum cahya
lan peteng tetep dadi wirama kang mencutake
kepara ing ngene klawan kinancan angin
ati sembada nggambar kasulistyanmu

dhik, yen angin sepi wis kaduga mertamu
tengah wengi iki dakcoba ngurubake lilin pangeling
madhangi wewayanganmu kang ngemba melathi
ngrenggani ing melar mingkusing impenku
geneya sliramu kedadak nyawatake pitakon, dhik
“apa isih ana tresna ing ati panjenengan?”

Klaten, Maret 2018

MARANG TRESNA
aku ngerti iki dudu tresna suci
nanging ilining kali ganda amis jejemberi
ewasemana sapa kang bisa nduwa
nalika dewi sukesi pasrah
ing pakone resi wisrawa?

Klaten, Maret 2018

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ekspedisi Mudik 2024
Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya