SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kesenian wayang wong ing Kutha Solo wus ana wiwit atusan taun kepungkur. Masarakat Solo pancen gandrung marang salah sijine jinis kesenian iki. Tandhane yaiku anane Gedhung Wayang Orang (GWO) ing Sriwedari, kang ing taun iki wus genep 102 taun. Ngadeg nalika Sriwedari isih ijo royo-royo lan dadi kebon raja. Mula, kanggo mengeti kuwi, digelar pagelaran wayang wong gabungan saka pepanthan wayang ing Solo lan kutha liyane.

Gelaran kanggo mengeti kuwi, salah sijine yaiku ing dina Rebo (18/7) wengi, dibabar pagelaran wayang wong Gathutkaca Pinilih dening pepanthan wayang wong Sriwedari lan saka Institut Seni Indonesia (ISI) Solo. Para pamirsane ngebaki GWO, kursi kanggo pamirsa kang wus kasedhiya dikebaki dening masarakat ora mung saka Solo, nanging uga ana kang saka Pacitan, Jakarta, Boyolali lan Ponorogo. Uga ana wisatawan mancanagara melu nonton kesenian kang wus diurmati lan diakoni dening masarakat sakdonya.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Gathutkaca Pinilih kuwi nyritakake Adipati Gathutkaca kang duwe mungsuh Kurawa akeh. Para Kurawa pengin perang , nanging Gathutkaca lan para Pandhawa ora gampang ditelukake,” kandhane Pangarsa WO Sriwedari, Agus Prasetyo nalika ditemoni wartawan ing gedhung kasebut.

Dheweke uga kandha, carita kasebut uga bisa dijabarake liya minangka crita ngenani Walikota Solo, Joko Widodo kang saiki maju ing Pilkada DKI Jakarta. “Jokowi kuwi kaya Gathutkaca, satriya kang jujur lan kuwat,” ujare.

Miturut Agus, para pamirsa sing melu nonton adicara kasebut cacahe ana luwih saka sewu wong. Kamangka ing dina umume, pamirsane mung 200-an wong, utawa tikel lima. “Iki dadi tandha manawa wayang wong sejatine isih disenengi masarakat. Mula, pengurus ing taun ngarep bakal luwih temenan anggone nggarap gelaran kesenian kasebut. Salah sijine yaiku kanthi njaga kuwalitas carita, para paragane uga ditambah, sarana lan prasaranane,” kandhane.

Gelaran wayang wong saka pirang-pirang pepanthan kuwi digelar telung dina lawase, yaiku Selasa-Kemis (17-19/7). Ing dina kapisan, mbabar lakon Gareng Dadi Guru, lan dina katelu, Punakawan Tandhang.

Pepanthan wayang wong kang melu ngregengake adicara iki yaiku Sanggar Bharata Jakarta, Sanggar Ngesti Pandhawa Surabaya, WO RRI Solo lan ISI Solo. Gelaran kasebut uga bisa dadi salah sijine agenda pariwisata budaya taunan ing Kutha Solo. Para wisatawan saka lokal lan mancanagara bakal bisa ngematake salah sijine budaya adiluhung kang isih lestari tumeka saiki.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya