SOLOPOS.COM - Wahyu Setyowati, Mahasiswa Sastra Jawa UNS Semester VI

Wahyu Setyowati, Mahasiswa Sastra Jawa UNS Semester VI. (FOTO: Istimewa)

Sakabehing manungsa dititahake dening Gusti kanthi maneka warna kaluwihan apa dene kekurangan.  Ana kang pinter nembang, nggambar, nulis, njoged, lan liya-liyane. Akeh wong kang padha kasil jalaran kaluwihane mau. Ana wong kang padha kasil jalaran nekuni  hobi utawa kasenengane. Akeh wong kang padha kasil jalaran sregep sinau. Sanajan akeh kang kasil uripe jalaran mangkono, nanging uga akeh wong kang padha kasil jalaran sregep gladhen lan usaha kang mempeng. Kabeh mau nyata ana ing donya iki. Ora mung ana ing televisi utawa dongeng saka buku-buku.

Promosi Enjoy the Game, Garuda! Australia Bisa Dilewati

Sejatine, kabeh titahing Gusti mau wis digawani kaluwihan dhewe-dhewe. Kaluwihan kang beda-beda ing manungsa siji lan sijine. Nanging, akeh kang ora bisa ngrasakake menawa dhiri pribadine kuwi duweni kaluwihan. Mula akeh kang padha ora bisa mbudidaya, nggulawenthah lan migunakake kaluwihan mau kanthi becik.

Sanajan kita nduweni kaluwihan dhewe-dhewe, nanging ora dadi jaminan menawa kita bisa kasil jalaran kaluwihan mau. Kaluwihan menawa ora diasah ora bakal bisa nggawa kagunan. Kaya dene lading, apika kaya ngapa menawa ora tau digunakake ya suwe-suwe bakal kethul, teyengen, ora ana gunane. Banjur diglethakake saenggon-enggon. Beda karo lading kang asring digunakake. Saya suwe saya landhep. Prigel ngrajangi apa-apa. Akeh kang kepengin nggunakake. Menawa rada seret utawa kethul, ya gage-gage diasah supaya bisa landhep maneh. Bisa asung kagunan tumrap dhiri pribadi lan uga marang wong liya. Mangkono pasemone.

Awit saka mangkono mau, mula kita kudu bisa tepung karo kaluwihanne dhewe-dhewe. Sing ngerti njaba-njerone pribadi ora liya ya amung awakedhewe. Banjur kaluwihan mau kudu tansah diasah saben wayah. Tansah ginulawenthah supaya bisa ngrembaka lan kasil ginayuh apa kang dadi kepenginane. Ora perlu ngaya. Sing penting ajeg ora ketang mung sethithik.

Kaluwihan utawa bakat asring dicanthel-canthelake karo bisa orane manungsa nindakake apa wae. Tuladhane, akeh wong kang ngomong menawa dheweke ora pinter nulis. Ora duwe bakat, jarene. Panemu kaya mangkono mau keliru. Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil orane manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.

 

Ketemu

Ana bebasan kang unine mangkene “sapa sing tekun bakal tekan, sapa sing temen bakal tinemu”. Bebasan kang mangkono kuwi ngemu teges menawa wong kang tekun, sregep lan ulet anggone magawe, bakal ketekan apa kang dadi sedyane, apa kang dadi gegayuhane. Wong kang tumemen angayahi utawa anglakoni apa wae kang becik, mesthi bakal ketemu apa kang dadi pepenginane.

Kita uga asring krungu ana unen-unen “tekun, teken lan tekan”. Unen-unen kuwi ora beda tegese karo bebasan ing dhuwur mau. Tekun ateges sregep. Teken ngemu teges cagak. Ewadene tekan duweni teges ketekan, wis ketemu. Unen-unen kasebut ora beda karo panemune Bung Karno. Miturut panemune Sang Proklamator kita, yaiku “niat, kemauan dan tindakan”. Niyat kuwi duweni panggonan kang pokok. Wong kang ora duwe niyat, ora bakal bisa nindakake pagawean kanthi becik. Kapindhone yaiku kekarepan. Wong kang duwe tekad kang gedhe bakal ginampangake anggone tumindak. Apa wae bakal diupakara supaya bisa nggayuh pepenginane. Kang pungkasan yaiku tumindak. Wong kang amung duweni niyat karo kekarepan, tanpa tumindak ora bakal kelakon apa kang dadi sedyane.

Ora angel menawa kita nduweni tekad gedhe supaya bisa kasil. Kapisan yaiku tansah ngonjukake rasa syukur marang Sang Maha Wikan. Tansah angabekti rina wengi datan kendhat. Sembayang kuwi tetep nomor siji. Namung Gusti kang bisa paring pitulungan.

Kaping loro, sregep gladhen. Gladhen kuwi perlu kanggo ngasah keprigelan lan kewasisan kita. Saya asring diasah, saya landhep anggone magawe. Kejaba iku, uga bisa migunani marang dhiri pribadi lan sakiwa-tengene dhewe.

Kaping telu, ora wegah ngudi kawruh. Ana bebasan ngangsu apikulan warih. Golek banyu kok wis nggawa banyu? Kuwi tegese kita kudu duwe bekal utawa sangu menawa arep ngudi kawruh. Lha napa kok ndadak ngono? Wangsulane gampang. Ngangsu banyu apikulan warih. Banyu tambah banyu gathuk. Ngudi kawruh sangu kawruh. Karepe supaya bisa gathuk nalika ngudi kawruh. Yen kita ngudi kawruh nanging ora nggawa sangu kawruh, mengko gathuke bakal suwe. Ora tekan-tekan. Tegese samubarang apa wae kudu tansah garthuk lan gathik supaya bisa penak anggone ngudi.

Kanthi andharan ing dhuwur mau, kita kudu mangerteni menawa ora ana alesan ora duwe bakat ora bisa ngapa-ngapa. Sing ana kuwi sejatine tekad, dudu bakat. Wong kang duwe bakat durung mesthi bisa kasil. Wong kang ora duwe bakat durung mesthi ora kasil uripe. Duwe ora duwe bakat, kabeh duwe hak kang padha, gumantung kepriye anggone ngolah lan nduweni tekad kang gedhe kanggo mujudake pepenginan.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya