SOLOPOS.COM - Ilustrasi Ketoprak Pelajar. (Solopos.com/Sunaryo Haryo Bayu/JIBI/SOLOPOS)

Salah siji adegan kethoprak kanthi lakon Joko Kendhil kang dibabar dening siswa-siswa SMKN 1 Tulungagung ing Festival Ketoprak Pelajar 2012 mapan ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) ISI Solo, Minggu (2/12/2012) wengi. (Sunaryo Haryo Bayu/JIBI/SOLOPOS)

Durung suwe iki ing Kutha Solo diadani festival seni drama abasa Jawa, Solo Dalam Komedi, Jemuah-Minggu (9-11/11), lan Festival Ketoprak Pelajar 2012, Setu-Minggu (1-2/12). Loro-lorone dianggep seni kang apik didayakake kanggo ngleluri basa Jawa minangka basa Ibu.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Nalika mbukak festival drama abasa Jawa Solo Dalam Komedi, Pangarsa Dinas Kebudyaaan lan Pariwisata Kutha Solo, Widdi Srihanto, nelakake festival seni drama abasa Jawa kuwi diadani kanthi ancas kanggo urun kridha ngleluri basa Jawa.

“Basa Jawa padinan, basa Jawa sing dianggo srawung padinan. Kanthi mangkono, generasi mudha sing saiki mbokmenawa wus arang-arang nganggo basa Jawa bisa kenal luwih jero marang basa Jawa,” pratelane Widdi, Jemuah (9/11) wengi kapungkur.

YE Marstyanto saka pepanthan Kentroeng Rock ‘n Roll sing manggung ing dina kapindho, Setu (10/11), nalika wawancara kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, nelakake adicara Solo Dalam Komedi pancen diadani kanthi sakmadya banget.

Papan manggunge sakmadya banget, ing Joglo Sriwedari. Piranti tata swarane uga sakmadya banget. Nanging, kanyata para warga sing nonton nuduhake kawigaten kang gedhe marang saben pepanthan sing manggung.

“Takgatekke ing telung wengi kuwi, kanyata saben wong sing teka lan nonton padha nggatekake kepriye basa Jawa sing digunakake dening saben pepanthan sing manggung. Para warga kuwi ora mung ketarik marang dhagelane, nanging malah ketarik marang tetembungan lan ukara-ukara abasa Jawa sing digunakake dening pepanthan-pepanthan sing manggung,” pratelane YE Marstyanto.

Apa sing ditelakake YE Marstyanto pancen ana benere. Ana sawetara pamindeng sing ngrembug tetembungan sing digunakake. Nalika pepanthan Study Teater SMAN 3 Solo manggung ana sawetara pamindeng sing nyaruwe nalika ana paraga sing nggunakake tembung ”ngintip”, kamangka sing dikarepake kuwi ”nginjen”.

“Tembung ‘ngintip’ kuwi ing basa Jawa tegese dadi intip. Yen ‘ngintip’ sing dikarepake kuwi genah nginjen,” pratelane Muryanto, warga Laweyan, Solo sing Jemuah wengi kuwi nonton kridhane para paraga Study Teater SMAN 3 Solo.

 

Basa Jawa Padinan

Ing telung wengi kuwi ana 12 pepanthan sing manggung genti-genten. Ing Jemuah wengi sing manggung kawiwitan dening Study Teater SMAN 3 Solo, banjur Kethoprak Citromitro lan pungkasan Kethoprak Ngampung Balekambang.

Ing dina Setu wengi sing manggung Teater Awan Hijau SMAN 1 Slogohimo, KKTT Wismakarman, Kelompok Teater Dasa Mitro Solo lan Kentrung Rock ‘n Roll. Dene ing wengi pungkasan, sing manggung kawiwitan Teater Lincak Hijau SMAN Teras, Boyolali; Teater Nol Solo; Kelompok Omah Wayang, Klaten lan Kelompok Guyub Rukun Solo.

Widdi Srihanto nelakake lamun saben pepanthan sing manggung ing Solo Dalam Komedi kuwi kudu nggunakake basa Jawa, basa Jawa sing lumrah digunakake ing srawung padinan ing tlatah Soloraya.

“Muga-muga kanthi babaran drama abasa Jawa iki bisa ndayakake basa Jawa supaya ora cures. Kepriye wae basa Jawa kuwi basa ibu awake dhewe. Menawa kelangan basa ibu ateges kelangan jati dhiri,” piterange Widdi.

Widdi uga nelakake rasa mongkoge dene ing adicara kuwi kanyata saperangan gedhe paragane kapetung remaja lan nom-noman. Iki nuduhake lamun basa Jawa isih ngoyot.

Festival Ketoprak Pelajar 2012 sing mapan ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo uga kanthi ancas kanggo ngleluri lan ndayakake basa Jawa. Atusan siswa sekolah ngregengake festival sing lumaku rong dina kuwi.

Festival kethoprak tumrap para siswa sekolah kuwi diadani saben taun. Festival sing dibabar dina  Setu-Minggu (1-2/12) kapungkur kuwi mujudak efestival kethoprak sing kaping papat. Nenem pepanthan kethoprak pelajar saka Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY), Jawa Tengah lan Jawa Timur mbabar kawegigan lan kawasisan.

Pepanthan kuwi antarane yaiku  Komunitas Kopi Moka saka Kutha Jogja, Madrasah Aliyah (MA) Sultan Fatah saka Jepara lan Sanggar Seni Sri Budaya saka Ngawi. Saben pepanthan antuk jatah manggung 40 menit-6o menit. Kabeh kudu nggunakake basa Jawa. Saben pepanthan bebas nemtokake lakon sing dibabar.

Pangarsa panitya festival, Eri Kisworo, nelakake  festival kuwi pancen katujokake para remaja lan generasi mudha. Ancase kanggo ningkatake rasa handarbeni marang seni tradhisi ngiras pantes ngleluri kethoprak lan basa Jawa. ”Supaya bocah-bocah lan remaja duwe greget ngleluri basa Jawa,” pratelane Eri. 

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya