SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Riky Zakub

Pendhak dina Senen, aku, Ruri, Mahmud, Ucup lan Patimah mangkat sekolah numpak pit. Amarga sing duwe pit mung Ruri, Mahmud, karo Patimah, kepegsa aku karo Ucup mbonceng kanca-kanca. Pit duweke Ruri anyar mereke BMX sing larang lan wernane ijo lumut, duweke Mahmud, pit Federal wernane abang lan duweke Patimah pit mini wernane ungu. Aku karo kanca-kanca ngepit pendak dina Senen amarga sekolahku adoh lan saben Senen mlebu esuk jalaran ana upacara.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Wah dina Senen kudu tangi esuk,” pikirku. Klunthing….klunthiiing…thingngngngngngngng…, alarmku muni ning dhuwur sirahku. Aku tangi banjur menyang kolah, wudu banjur salat Subuh. Sawise kuwi aku isah-isah piring, gelas lan liya-liyane. Aku niliki jam sing tememplek ing tembok, pandom nuduhake 05.00 WIB. Aku cepet-cepet ning kolah maneh banjur adus. Udakara 15 menit aku wis rampung adus lan macak nganggo sragam sekolah.

”Rikk… Rikyyyy… Rikkk… ayo mangkat!” pambengoke kanca-kancaku sing ngampiri aku mangkat sekolah.

”Iya, sik, enteni ya!” bengokku.

Aku langsung mlayu metu nyedhaki kanca-kancaku. Aku mbonceng Mahmud. Kira-kira wis teka njaba desa aku kelingan durung pamitan karo ibu.

”Mud, Mud, Mud bali sik, Mud!” kandhaku karo njawil pundhake Mahmud.

”Ana apa, ta?” semaure Mahmud.

”Aku lali durung pamitan karo ibu,” kandhaku.

”O… ya wis, yen ngono ayo bali sik,” ujare Mahmud.

”Mah, Ru, Cup, iki aku arep bali ning omahe Riky, dheweke lali durung pamit ibune,” kandhane Mahmud marang kanca-kanca.

”O…ya, ya, ya.., aku karo kanca-kanca ngenteni kene, Mud,” jawabe Ruri.

Aku karo Mahmud banjur bali mulih, nuju omahku.

”Asalamualaikum? Ibu…!”

Wa’alaikumsalam, ana apa, Le?”

”Kula wau kesupen mboten pamit kalih Ibu,” aturku matang ibu.

”Hla, ya ta, mulakne aja kesusu, durung sarapan barang ta?” semaure ibu.

”Inggih, Bu, mboten sarapan mawon, wekdalipun sampun siang. Kula nyuwun pamit, nyuwun donga pangestu nggih. Assalamualaikum?” astane ibu  tak ambung.

”Ayo, Mud, selak telat sekolah,” kandhaku marang Mahmud.

Aku karo kanca-kanca ngebut. Tekan sekolahan, aku karo kanca-kanca telat. Upacara wis dianyaki. Gerbang sekolah wis ditutup. Aku karo kanca-kanca bingung. Ngenteni upacara rampung lan aku karo kanca-kanca lagi bisa mlebu. Aku karo kanca-kanca didukani bapak guru, lan diukum dhedhe ning tengah latar sekolah nganti sak jam.

Sawise bubaran sekolah lan tekan omah, ganti klambi, maem lan mangkat ngarit suket kanggo wedhusku.

“Cup…, Cup…, Ucup… ayo ngarit!” aku mbengok ngejak Ucup ngarit.

“Ya, enteni sedhela, Ki!” saurane Ucup.

Aku ngenteni Ucup ing dalan ngarep omahe. Ora sengaja aku weruh slebaran sing nemplek ing pager. Slebaran kuwi isine pengumuman arep diadani sepeda santai. Adicara sepeda santai iki diadani minggu ngarep. Wiwitane saka ngarep balai desa.

”Ayo Ki,” Ucup ngajak mangkat.

”Ayo, suwe banget ta, Cup?” pitakonku marang Ucup.

”Lagi maem kok, Ki,” jawabe Ucup.

”Cup, aku mau ngerti pamflet tememplek ing pager ngarep omahmu. Isine acara sepeda santai minggu ngarep sing kawiwitan ing ngarep balai desa, Cup. Ayo melu ndhaptar, Cup!” pangajakku.

”Hla, apa kowe apa duwe pit, Ki? Kok ngejak melu sepeda santai?” pitakone Ucup.

“Iya..ya..hemmmm, piye ya, Cup?” imbuhku.

“Ya wis, ayo ngarit dhisik, Ki. Sepeda santai dipikir sesuk wae,” Ucup ngejak mangkat.

Salebare ngarit aku mulih lan adus. Kaya biyasane wayah wengi aku sinau lan terus kepikiran sepeda santai. Aku banjur matur karo ibu.

”Bu, nyuwun sepedha anyar…!” aku nyuwun karo ibu.



”Ibu durung duwe dhuwit, Le.”

“Nggih pun, Bu. Mboten napa-napa.”

“Kok kadingaren njaluk pit ta, Le? Kanggo apa? Yen sekolah ya mbonceng kanca-kancamu ta?”

”Nggih, Bu. Kula nyuwun sepedha kangge tumut sepeda santai minggu ngajeng lan kangge sekolah.”

”Ibu lagi ora duwe dhuwit, Le. Ngene wae, ning pawon kae ana pit kebo tinggalane Bapakmu, kae diresiki, dikumbah, Le.”

“Nanging sampun lawas Bu. Kuna. Gek teyengen malih.”

”Ya diresiki ta, Le. Rasah gengsi, ngerti kahanane ibu, sakanane wae, Le.”

”Nggih, Bu…”

 



***

 

Kaya biyasane esuk-esuk aku diampiri kanca-kanca mangkat sekolah. Aku crita karo kanca-kanca minggu ngarep ana acara sepeda santai sing kawiwitan ning balai desa. Aku ngejak Ruri, Mahmud, Patimah melu sepeda santai. Kanca-kanca padha gelem melu nanging pada bingung aku ora duwe sepedha kok malah sing ngejak. Aku nerangake marang kanca-kanca aku melu sepeda santai nggawa pit kebone bapakku. Kanca-kanca pada ngguyu cekakakan.

”Hahahahahaha..Ki, kowe arep nggawa pit kebo? Hehehehe….jadul,” kandhane Ruri.

”Jare ibuku rasah gengsi, apa anane wae, ngono Rur,” jawabku.

”Hla aku piye? Ora duwe pit..,” kandhane Ucup.

”Ya mengko mbonceng aku wae, Cup,” kandhaku.

”Ya, Ki. Nuwun hlo..,” jawabe Ucup.

Salebare mulih sekolah aku karo Ucup ngresiki pit keboku, pit keboku tak kumbah nganti resik.



”Hla, ya ngono ta, Le. Pit isih apik. Eman-eman, mosok arep tuku anyar. Kanca-kancamu pite apik ya ben. Pit kebo malah seni lan larang. Ya wis, Ibu ngarit dhisik ya! Ning omah ati-ati. Yen dolan lawange ditutup, ya!” ngendikane Ibu.

Rong jam ngresiki pit kebo, saiki pite dadi kinclong, apik banget. Ruri, Mahmud karo Patimah dumadakan teka ing omahku.

”Piye pit kebone wis mantep durung?” pitakone Mahmud.

”Wis mantep kok kanca-kanca,” jawabku.

Sabanjure aku karo kanca-kancaku kuwi pit-pitan ning lapangan, Ucup tak boncengke.

Acara sepeda santai diadani sesuk. Aku dheg-dhegan lan rada isin mbayangke pite kanca-kanca apik-apik, BMX, federal, pit mini, hla kok duweku pit kebo. Nanging ora papa, kaya ngendikane Ibu,”Aja gengsi.”

Ora krasa dina Minggu wes teka. Aku adus resik banjur aku pamit Ibu, banjur ngampiri Ucup.

“Ayo, Cup.”

“Ya kosik, lagi sarapan.”



Tak enteni rada sakuntara Ucup njedhul saka lawang.

“Ayo gelis, Cup. Selak telat.”

Tekan balai desa aku mrinding lan isin, kabeh pite apik-apik, merek anyar kabeh, sing jadul mung duwekku.

“Piye, Cup, liyane apik-apik, pitku sing kebo dhewe.”

“Ra papa, Ki. Sing penting happy.”

Sepeda santai diawiti. Kabeh pasarta entuk nomer kanggo njupuk doorprize, lan padha siyap-siyap nggenjot pit alon-alon. Ora disangka ning tengah laku ana panitia sing mbiji, mboh mbiji apa.

Sawise tekan garis finish kabeh pasarta leren. Nom-noman sing ngisi acara ngomong arep ana doorprize sepeda BMX kanggo sing pite unik.

“Berarti sing ning dalan kae mau mbiji pit sing unik,” pikirku.

“Mas-Mas, Mbak-Mbak sedaya niki badhe wonten doorprize kangge sepedha ingkang unik ing sacara sepeda santai menika,” ujare sawijining nom-noman anggota panitya.

”Ingkang angsal doorprize sepeda BMX inggih menika nomer urut 13, ingkang anggadhahi nomer 13 mangga kula aturai majeng.”

”Cup, Ucup, nomer 13, Cup,” kandhaku

”Iya, Ki. Kuwi kowe, kuwi nomermu.”

Aku kaya ora percaya bakal entuk hadiah sepedha. Aku maju karo mbrebes mili kelingan ibu ing omah. Aku gage-gage mulih pingin ngandhani ibu menawa aku entuk pit BMX. Atiku seneng banget. Aku karo Ucup mulih dhisik. Ucup tak kon numpak pit BMX. Aku numpaki pit kebo. Tekan ngomah aku matur ibu menawa aku entuk hadiah pit BMX.

Atiku seneng nganti teka wayah wengi. Pit keboku tak elus-elus lan tak resiki. Ing buku cathetan tak tulis tanggal lan dina nalikau aku nampa hadiah pit BMX, banjur gawe karangan asesirah Pit Keboku.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya