SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Salah sijine dolanan kang dadi senengane bocah cilik yaiku dolanan montor-montoran. Dolanan kasebut bisa digawe saka maneka ubarampe, kaya kulit jeruk bali, gembreng wesi, kayu lan kerdhus. Kajaba kuwi, montor-montoran uga bisa digawe saka wit pring, yaiku montor- montoran segi telu.

Carane gawe gampang banget. Cepakke ubarampene, yaiku pring sing wus dialusake, dawane 30 cm lan cacahe ana telung lonjor. Uga pring sing luwih dawa, yakuwi 1 meter cacahe siji. Uga pring wutuh nanging diametere isih cilik, tengahe isih ana bolongane, cacahe ana loro, yaiku dawane 10 cm lan 30 cm.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ubarampe liyane yaiku karet tilas sandal jepit kanggo gawe roda utawa ban, cacahe ana papat. Uga butuh pring sing dawane 14 cm lan 34 cm kanggo as roda. Carane gawe diwiwiti kanthi nata pring sing dawane 30 cm nganti dadi segi telu, carane yaiku bisa dipaku nganggo paku idep, utawa ditali nganggo karet gelang utawa ban njero sepedha motor sing wus ora kanggo.

Ekspedisi Mudik 2024

Sabanjure kuwi, pring sing wutuh lan ing tengahe isi ana bolongan, disambung karo segi telu mau ing sisih sing dipilih. Bisa disambung nganggo karet gelang utawa ban njero wekas sepedha motor. Roda cacahe loro banjur dipasang ing as sing dawane 34 cm, banjur as diarah mlebu ing pring kang isih bolong kasebut.

Roda liyane uga dipasang ing as sing dawane 14 cm banjur dilebokake ing pring bolong sing dawane 10 cm. sabanjure kuwi pring bolong 10 cm ditali ing pucukan kang dawane sak meter. Anggone nail bisa nganggo karet gelang utawa ban njero sepedha sing ora kanggo. Roda sing ase luwih cendhak, dilebokake ing segi telu kasebut, lan dadi ban utawa roda ngarep montor segi telu. Dene pring sing dawane sak meter dadi supire, bisa kanggo nyurung.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya