Jagad-jawa
Kamis, 19 Juli 2012 - 08:48 WIB

Dolanan Montor Othok-othok

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Bocah pancen seneng dolanan kang bisa nyuwara banter. Tambah banter suwarane, malah tambah seneng. Sompring saka wit pring kang tipis lan wus diresiki glugute bisa dadi dolanan, yaiku nalika sompring diselipake ing ban mburi sepedha. Banjur sompring kasebut bakalan muni nalika kena ruji ban mburi. Mula para wongtuwa akeh sing nesu amarga dolanan kasebut marai kuping lara.

Dolanan liyane kang uga nyuwara yakuwi montor othok-othok. Dolanan kasebut dijenengi othok-othok amarga suwarane kaya ngono kuwi. Carane gawe dolanan kasebut yaiku ubarampene kang arupa pring diresiki dhisik. Saliyane kuwi, sandhal karet sing wus ora kanggodibentuk bundher kanggo roda utawa ban montor othok- othok. Aja lali golek kaleng  susu sing wus ora kanggo, potongan gembreng lan karet tilas ban njero sepedha motor.

Advertisement

Carane gawe yaiku pring kang dawane 1 meter disigar dadi loro ing salah sijine pucuk. Sabanjure kuwi ing saben pucuk diwenehi pring kanggo as roda. Dene roda saka wekas sandal karet dibolong ing tengah. As rodha diwenehi gembreng ing tengahe, carane kayu kanggo as disigar ing tengahe, banjur gembreng kasebut dislempitake ing sigaran kuwi. As roda kui dilebokake ing pucuk kayu kang wus ana.

Sabanjure, trempolong wekas susu ditali ing dhuwur as rodha kang wus dipasang sakdurunge. Ing antarane trempolong lan as rodha kang wus ana gembreng mau, diwenehi potongan wekas ban njero sepedha motor kang wus ditali. Ing tali kui uga wus diwenehi kayu. Wus rampung. Carane yaiku rodha yen wus mlaku, gembreng ing as rodha bakal kena kayu kang wus ditali ing karet. Kayu kasebut bakal nuthuk trempolong. Tambah banter olehe nglakokake montor kuwi sansaya tambah banter unine othok- othok.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Kata Kunci : Dolanan Montor Othok-Othok
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif