SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Bandharan bisa kanggo dolanane bocah lanang utawa wadon. Saliyane kuwi, bisa uga dinggo dolanan bareng-bareng. Lumrahe bocah sing dolanan bandharan umure 8-12 taun kanthi cacahe pemain paling sithik loro.

Dolanan bandharan bisa ing ngendi wae, upamane ing latar utawa ing emperan omah. Lan bisa kanggo dolanan ing wayah apa wae. Sing baku, angger ana ubarampene, kuwi wus cukup.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ubarampe kanggo dolanan iki yaiku karet gelang sing diplintir lan sarana kanggo dolanan bandharan yaiku awujud garis pesagi kang dipantha-pantha dadi sawetara kothak. Saben kothak ditulisi angka tartamtu, bisa 1, 2, 3, urut nganti sakebake kothak.

Carane dolanan gampang banget. Nanging pisanan, kudu ngerti paugerane dhisik. Kapisan, kabeh bocah kudu duwe pawitan karet gelang kang gunggunge padha. Kapindho, mapane bocah sing arep nguncalke karet, ngadege ing saknjabaning garis wates kanggo nguncalke karet. Bisa disarujuki sepira adohe. Kapapat, tibane karet kudu ing njero kothak angka. Upamane tibane karet ngenani garis wates kothak, dianggep ora sah. Semono uga yen tibane karet mikul, yaiku ing antarane rong kothak angka, uga dianggep ora sah.

Kalima, kudu nemtokake sapa bandhare. Nalika miwiti dolanan, sing dadi bandhar yaiku pemain sing menang hom pim pah pisanan. Kabeh pemain uga bisa nguncalake karet sakkal luwih saka siji menyang kothak.

Carane dolanan, upamane sing dadi bandhar kuwi bocah A. Bocah B sing mapan ing urutan candhake banjur nguncalke karete sing wus diplintir menyang kothak angka. Upamane dheweke sakkal nguncalke telu. Sing siji nyemplung ing kothak angka 10, sijine ing kothak 12 lan sijine metu saka garis. Bandhar kudu mbayar karet cacah 10 ditambah 12 marang bocah B. gelang sing klebu ing njero kothak angka uga dibalekke marang bocah B. Dene karet sing metu saka garis dadi hake bandhar.

Sabanjure bocah C sing genti ngtuncalke karete. Emane, nalika nguncalke limang karet sakkal, jebul ora ana siji-sijia karet sing mlebu kothak angka. Mula, kabeh karet iku dadi hake bandhar.

Sateruse, sing dadi bandhar yaiku pemain kang duwe karet paling akeh. Dolanan bandharan bisa diterusake nganti sakjelehe utawa nganti pemain liyane wus ora duwe karet maneh.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya