Jagad-jawa
Kamis, 24 Mei 2012 - 09:29 WIB

Dolanan Bocah Nuduhake Kerukunan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Espos/Burhan Aris Nugraha

Espos/Dwi Prasetya

Mangsa bocah yaiku mangsa kang endah. Kayane padinane amung kanggo dolanan lan tetembangan. Sanajan mangkono, sejatine dolanan bocah iku kanthi turun tumurun ngandhut piwulang tumrap bocah, ing antarane karukunan, guyub lan jujur. Para bocah duwe kabebasan utawa ora kawengku nuduhake rasa ing ati, obah lan ora pakewuh. Dheweke isih polos, tanpa corak hunraping citra. Nanging kabeh kuwi kayane wus dadi pangeling-eling. Ing dhusun utawa kutha, wus arang ana bocah dolanan jaranan, dakon, jamuran, sluku-sluku bathok lan sakpiturute.

Advertisement

“Taun 1980-an mrene wis arang ana bocah gelem dolanan tradhisional. Kabeh luwih seneng montor-montoran saka pabrik,” ujare pangesuh Padhepokan Seni Sarotama, Mujiono, nalika ditemoni Espos ing sanggare Jl Gambiranom 13 RT 001/RW 024, Ngringo, Jaten, Karanganyar, Selasa (22/5) awan. Piyambake nuduhake jaman ndhisik para bocah bisa dolanan kanthi apa wae. Bebasan direwangi bapake gawe dolanan saka maneka warna piranti, bisa saka uwuh, bisa saka barang kang wus ora migunani.

Conto gampange yaiku montor-montoran saka kulit jeruk. Diwenehi ban loro uga saka kulit jeruk, diwenehi tali ing pucuk kulit, banjur ditarik mlaku utawa karo mlayu. Saka dolanan kang prasaja saka kulit jeruk kuwi bisa menehi pirang-pirang sipat kabecikan. Siji, kulit kang dadi uwuh nanging bisa digawe dolanan. Loro, bocah ora dimemanuh dening wongtuwa. Telu, bapak lan bocah anggone gawe dolanan bareng bisa nambah raketing sesambungan. Papat, bocah kudu narik nganggo tali, saengga bisa kanggo olahraga.

Nanging wus beda kahanan kuwi karo jaman saiki. Para bocah luwih seneng karo maneka jinis dolanan kang modheren. Ing pinggir dalan akeh toko kang nyedhiyakake sewan playstation, game online utawa dolanan ing game center kang kasedhiyan ing mal. Uga wus akeh dolanan modheren kang nganggo remote control canggih, ora prelu nggeret mlaku maneh, wus cukup driji wae sing obah, montor utawa montor mabur wus bisa mlaku utawa mabur.

Advertisement

Kahanan kang kaya ngono kuwi, miturut Mujiono, dudu salahe bocah sing ora seneng dolanan tradhisional. Kabeh kuwi amarga saka wongtuwa lang lingkungan ing masarakat. Yen bocah saben dina delengane game kang modheren, uwis mesthi deweke emoh dolanan dakonan, cublak-cublek suweng, utawa sinau karawitan. “Ana conto, bocah njaluk sepedha motor tril-trilan cilik amarga dheweke weruh kuwi ing komplekscedhak omahe. Banjur ing toko barange wus entek. Mulih mampir ing Sriwedari nonton seni tradhisional. Tekan saiki, bocah kuwi malah seneng karo seni tradhisi,” ujare.

Espos/Burhan Aris Nugraha

Game online kang nuduhake padudon, dredah, perang, mungsuh-mungsuhan, bakal bisa nggawa sipat ala marang bocah. Wis akeh conto ing TV, bocah dolanan bedil-bedilan kena mripat, banjur dioperasi. Miturut paneliten, game kuwi njalari bocah dadi gampang nesu, lan menehi piwulang sing ora bener, yaiku padudon.

Advertisement

Wongtuwa bisa nuduhake dalan kanggo anak-anake, endi sing kudu dilakoni, endi sing kudu diedohi. Kasuksesan bandha bakal ora ana guna yen putra wayahe ora duwe tatakrama, dadi bocah kang mbeling, ora duwe rasa kurmat marang wongtuwa, malah dadi laraning ati wongtuwa. Mula, ujare Mujiyono, dadi wongtuwa ora gur rame ing gawe, nanging uga duwe wektu kanggo anak-anake, bisa sinau bareng, dolanan bareng lan menehi ngelmu babakan basa lan tatakrama.

Kajaba wongtuwa kang bisa dadi urip matine dolanan bocah, uga peran saka pamarintah, panguwasa, lan para wakil rakyat. Pangkat kuwi mau bisa miguna marang lestarine dolanan bocah, ananging juga bisa mateni. “Yen pangkat dadi barang rebutan lan wong dhuwur kana malah usreg dhewe-dhewe, apa banjur bisa mikirake kapreluan masarakat, salah sijine budaya?” ujare Mujiyono. Piyambake ngucap sukur amarga Kutha Solo wus preduli marang seni budaya, salah sijine dolanan bocah.

Festival Dolanan Bocah kang wus digelar 18-20 Mei wingi bisa nuduhake maneka warna jinis dolanan bocah. Sakwise adicara kuwi ora banjur meneng lan mung dadi tatanan adicara taunan, ananing ana tilase, yaiku katalog dolanan bocah. Katalog kuwi, miturut piyambake, bisa dadi piranti ngelmu marang generasi mudha. “Taun-taun wingi wus tak klumpukake maneka warna jinis dolanan bocah, dolanan taun ngarep kudune beda karo taun wingi, amarga jinis dolanan isih akeh, mula iki bisa dadi kebangkitan dolanan bocah.”

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif