SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Wayang kulit saliyane kanggo pagelaran uga bisa dadi sarana kanggo memulang siswa utawa bocah. Saliyane iku, wayang kulit uga bisa kanggo panglipur bocah.

Nanging, wong Jawa uga duwe ubarampe liya sing wujude meh kaya wayang kulit lan bisa kanggo dolanan bocah. Jenenge angkrok.

Promosi Pramudya Kusumawardana Bukti Kejamnya Netizen Indonesia

Lumrahe angkrok iki digawe saka kerdhus kanthi wujud manungsa. Bisa arupa tokoh sing lagi digandrungi bocah, upamane saiki iki tokoh gambar corek Upin lan Ipin, utawa tokoh pahlawan. Nanging sadurunge ana tokoh-tokoh iku, kerep-kerepe angkrok digawe kanthi wujud dhagelan, meh kaya tokoh-tokoh punakawan.

Angkrok iki digawe saka kerdhus. Carane gawe ya prasaja. Pisanan, kudu nyepakke ubarampene ing antarane kerdhus tipis, cet werna-werna utawa gambar tokoh sing dikaremi, tali kenur lan pring cilik.

Sabanjure, kerdhus digambari tokoh sing arep digawe angkrok. Bisa kanthi cara ngeblat utawa nemplekke gambar tokoh sing wus ana nganggo lem. Bubar kuwi, kerdhus diguntingi trep karo wujude awak. Aja lali, saben sambungan awak kudu digunting dhewe-dhewe. Mengko disambung kanthi dibolong pucukane lan dibundheli kenur. Dadi tangane lan sikile angkrok ora dadi kaku. Bisa luwes lan bisa diobahake.

Sabanjure mburi gambar angkrok sing wus dadi dipasangi pring cilik utawa kayu trepes. Bisa ditaleni saka mburi gulu mengisor nganti mburi weteng. Pring cilik iku kudu luwih dawa tinimbang gambar angkroke, amarga sisane arep kanggo cekelane. Persis banget kaya wujude wayang kulit kae. Ana cekelane, lan bisa ditancepke ing debog.

Pungkasan, antarane mburi pundak lan dengkul angkrok dipasangi tali kang nyawiji. Tali iku kudu nglewer tekan ngisor, jejer karo kayu sing kanggo cekelen mau. Gunane tali iku, kanggo dudutan. Manawa digeret, tangan lan sikile angkrok bakal bisa obah-obah. Carane dolanan angkrok ya ngono kuwi.

 

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya