Jagad-jawa
Selasa, 18 Oktober 2011 - 15:17 WIB

Dodotan

Redaksi Solopos.com  /  R. Bambang Aris Sasangka  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Heri Priyatmoko, mahasiswa Pascasarjana Sejarah, FIB Universitas Gadjah Mada (JIBI/SOLOPOS/dok)

Heri Priyatmoko, mahasiswa Pascasarjana Sejarah, FIB Universitas Gadjah Mada (JIBI/SOLOPOS/dok)

Ajining raga gumantung saka busana. Busana iki wus dadi sarana kang ampuh kanggo nandhesake status, kalungguhan, kakuwasan lan carane urip padinan ing saben lakune wektu. Contone, bathik. Ing Jawa udakara pawitan abad XX, kita ora bisa nyandhang bathik sasenenge dhewe kanthi cakrik apa wae kaya dene ing jaman saiki, kang bebas lan kaya-kaya tanpa ana wewaler lan wong kang bakal nggugat.
Advertisement

Golongan among tani, tukang becak, buruh pabrik nganti lurah bisa sakapenake dhewe nyandhang bathik kanthi cakrik apa wae, nurut kekaremane. Bathik minangka kaca benggalane status sosial wus luwes, kaya dene prongkolan es kang wus dadi banyu.

Ngonceki sujarah bathik ateges ndhudhah jagade priyayi. Bathik, rikala semana dadi kulit njaba kang nandhesake manawa antarane wong siji lan sejene iku ora padha, kang katon cetha yaiku antarane priyayi lan wong cilik. Masarakat cilik manawa nyandhang bathik dianggep lancang lan bakal kuwalat. Jalaran bathik amung pantes dianggo dening bangsane priyayi, saka tedhak turune, jalaran sekolahan utawa panggaweyan.

Dodotan utawa kampuhan dhewe dadi tengere sandhangan mirunggane priyayi Jawa kanthi nganggo dodot utawa kampuh, sikepan ageng lan kuluk. Dodot utawa kampuh iki arupa kain bathik kang dawane telung meter luwih. Saka gambar ireng-putih sakjaman kang bisa disawang ing perpustakaan Reksapustaka lan Sasanapustaka, katon manawa wong lanang kang nggunakake dodot, ing perangan ngarep rada diumbulke, saengga kathok dawane sangisore dengkul ketara. Lumrahe sing kanggo nyamping utawa bebed yaiku kain bathik kang dianggo kanthi wiron ing ngarep.

Advertisement

Dodotan amung dianggo nalika prastawa gedhe wae, kayata adicara wisuda bupati lan pisowanan utawa ngadhep ratu ing karaton. Sanajan bathik nemplek ing awake para priyayi, nanging ora saben cakrik bathik bisa digunakake. Ana tingkatan, tamtu kanthi nyawang dhuwur-cendheke pangkate. Bab iki tau ditulis dening Sartono Kartodirdjo dkk jroning Perkembangan Peradaban Priyayi (1987), emane ora nganti rampung. Tumrape bupati kang jejuluk pangeran lan adipati, kain dodot kanthi cakrik bathik parang rusak blenggen (tlisiran pita bolah emas). Priyayi kang pangkate tumenggung, kain dodote kanthi cakrik bathik udan riris blenggen.

Dene tumrap tedhak turune priyayi liyane cakrik bathike kena apa wae, asal latare ireng lan dudu parang rusak utawa udan riris. Wektu kuwi, priyayi kang kajibah minangka carik lan sebangsane jebul ora diidini nganggo dodotan. Wong-wong iku uga ora wani nerak wewaler iki, jalaran ngerti manawa bab kuwi ora ilok. Mula, dodotan lan jinise cakrik bathik dadi jurang kang misahake golongan priyayi.

Pancen, carane ngalusake cakrik bathik karaton diwayangi dening hierarki struktural priyayi Jawa, lan katata jroning aturan ngadi busana kang trep karo tingkat kaningratan. Pawarta saka Go Tik Swan, tokoh Tionghoa kang uga dadi nimpuna bathik (2008), nyebut cakrik-cakrik bathik kang ora oleh dianggo dening kawula alit antarane sawat, parang rusak, cemukiran, udan riris, rujak senthe, garuda ageng, kawung lan semen. Nanging, selaras karo rubuhe wewengkone karaton, alam pikiran feodalisme sarta tata aturan ngadi busana alon-alon wus wiwit ilang, kalebu dodotan. Lan dodotan iki amung dadi potongan crita saka mayuta-yuta crita ngenani bathik.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif