Jagad-jawa
Kamis, 19 Juli 2012 - 08:45 WIB

DJOKO DARYOTO: Ngopeni Koleksi-ne Museum

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Djoko Daryoto (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Djoko Daryoto (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Ing Kutha Solo ada salah sijine museum kang duwe gelar museum paling tuwa ing Indonesia. Museum kasebut yakuwi Museum Radya Pustaka ing Jl Slamet Riyadi, sisih wetan Taman Sriwedari Solo. Museum kuwi wus madeg wiwit 1890 utawa wus 122 taun ngadeg. Ing njero museum kuwi ana maneka jinis pusaka kang umure wus satusan taun sing duwe nilai sujarah kang luhur.

Advertisement

Wiwit 2008 museum kasebut dikelola dening Komite Museum. Salah sijine anggota Komite Museum Radya Pustaka yaiku Djoko Daryoto. Ing komite, dheweke dadi sekretaris wiwit taun 2008. “Tugase komite yaiku inventarisasi koleksi museum lan menehi piterang marang masarakat kang teka ing museum kasebut. Maneka koleksi terus di diklumpukke lan dirawat  supaya luwih temata lan rapi, sarta masarakat uga mangerti koleksi kasebut,” ujare, Selasa (17/7).

Njaga museum, miturut Djoko pancen dadi gaweyan anyare. Sebabe sakdurunge ing komite kuwi, Djoko dadi pegawai Pemkot Solo, yaiku Kepala Bawasda Solo. “Wiwit cilik pancen wus seneng laku Jawa lan babagan sujarah Jawa, lha cilikanku dhisik ing Baluwarti, mula ora kaget nalika ketemu kaya benda-benda koleksi kaya ing museum iki,” ujare dheweke.

Supaya museum dadi tambah regeng lan cedhak ing masarakat, carane ngopeni museum kudu terus didandani. Yaiku menehi promosi marang sekolah-sekolah ing njaba Solo supaya nalika wancine prei, padha piknik ing museum kuwi. Dadi, nalika para wisatawan mlebu ing Solo, ora mung blanja batik ing Pasar Klewer utawa ing Karaton Kasunanan Surakarta sarta Mangkunegaran, uga teka ing museum. Museum dadi salah sijine panggonan wisata kang ora ana ing kabupaten utawa kutha ing Indonesia.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Kata Kunci : Koleksi Museum Ngopeni
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif