Dikira Arep Rabi

Sakinah iku anake Pak Krama. Dheweke anak nomer siji utawa mbarep. Adhine ana loro,  lanang kabeh. Sakinah iku asli wong Dhusun Mulyatani amarga Bapak lan ibune uga asli wong Dusun Mulyatani.

Ing Dhusun Mulyatani, kulawargane Sakinah iku ora klebu wong sugih. Kulawarga biyasa  kaya dene tangga teparone. Wong tuwane uga mung makarya dadi buruh. Bapake duwe usaha mebel cilik-cilikan sing pangarep-arepe mbesok bisa ngrembaka dadi pabrik mebel gedhe lan bisa dadi panggon ngudi rejeki kanggo tangga teparone.

Dene ibune Sakinah mung buruh srabutan ing pabrik kayu ing tangga desa, yaiku ing Dhusun Sukarena. Ibune melu makarya kanggo ngrewangi Pak Krama nyukupi kabutuhan kulawarga.

Omahe Pak Krama uga kapetung omah sing sakmadya banget. Omah kuwi dibangun 10 taun kapungkur lan nganti seprene during tau didandani. Tembok bata saperangan durung dilus. Jobine uga plesteran semen thok, durung nganggo keramik.

Anake Pak Krama iku wus padha gedhe. Anak mbarepe, Sakinah kuliyah ing kampus apik dhewe ing kutha sing pancen rada adoh saka Dhusun Mulyatani. Adhine Sakinah sing nomer siji kuliyah ing kampus seni sing ora adoh saka kampus papan kuliyahe Sakinah.

Adhine Sakinah sing nomer loro saiki kelas V SD. Pancen umure kacek adoh karo Sakinah lan adhine sing nomer siji. Kahanan ekonomi kulwwargane Pak Krama pancen mung pas-pasan. Sakinah lan adhine kuliyah kanthi beasiswa amarga ora pengin gawe susahe wong tuwa.

Sansaya suwe usaha mebele Pak Krama tambah ngrembaka. Akeh pesenan mebel saka ngendi-endi. Kahanan kuwi kang ndadekake ekonomi kulawargane Pak Krama sansaya apik. Sithik-sitik Pak Krama bisa nyelengi dhuwit kanggo ndandani omahe. Sawijining sore ing ngemper omeh, Pak Krama jagongan karo Bu Lastri, bojone.

”Bu, alhamdulillah iki mebele awake dhewe sansaya laris, akeh sing seneng karo gaweyanku. Wah, yen ngene terus awake dhewe bisa nyelengi kanggo ndandani omah,” kandhane Pak Krama.

“Wah, iya, Pak. Bener. Apa maneh saiki Sakinah lan adhine wis gedhe. Sakinah ki wis prawan. Sedhela maneh mesthi bakal ditembung uwong ta? Apa iya omahe awake dhewe arep kaya ngene bae. Rak ya isin,” kandhane Bu Lastri.

”Iya, Bu. Aku uga wis mikir tekan kono. Arepa Sakinah ditembung mbesuk bar lulus kuliyah apa sawise ketampa nyambut gawe, luwih apik yen omahe dhewe enggal didandani. Aku wegah yen anakku diece wong amarga saka kulawarga sing pas-pasan ngene,” ujare Pak Krama.

”Bener, Pak. Saiki mebele awake dhewe tambah laris. Rejeki uga sansaya lancar. Wis, ayo Pak, enggal nglumpukake dhuwit kanggo ndandani omahe dhewe sing elek iki,” kandhane Bu Lastri.

Wis pirang-pirang sasi kliwat saka rembugan ing emperan omah kuwi. Saiki Pak Krama lan Bu Lastri bisa tuku wedhi, semen, lan sapiturute. Diwiwiti nglepo tembok omah nganti alus lan pasang keramik lan nata emperan omah.

Saiki omahe Sakinah katon apik lan resik. Empere uga dadi kinclong amarga saben dina disapu lan dipel. Ana kadadeyan lucu sawise Pak Krama ndandani omahe. Awan kuwi nalika pak Krama lagi ngaso ing senthong, dumadakan ana tamu.

“Kula nuwun....! Assalamu’alaikum....”

Pak Krama sing lagi nonton TV iang senthong banjur metu krungu ana dhayoh uluk salam kuwi.

”Wa’alaikumsalam. Wah... Mas Mono. Kok njanur gunung, Mas. Kadingaren dolan miriki. Mangga mlebet, mangga lenggah rumiyin...,” Pak Krama mbagekake tamune.

”Hehehe....inggih, Pak, matur nuwun. Sowan kula miriki amargi dipun utus Pak Samto, lurahe Dhusun Mulyatanim, kapurih nyuwun tapak asma panjenengan kangge kapreluan lelang sawah mbenjing,” pratelane Mono.

Dhasare Pak Krama kuwi sregep ing laku sosial ing dhusune lan uga kerep mbiyantu bot repote kelurahan mula akeh sing mbutuhake Pak Krama. Pak Krama tandha tangan ing layang kuwi. Pak Krama lan Mono banjur jagongan ngalor ngidul amarga wus rada suwe ora ketemu.

”Walah, Pak, sakniki daleme panjenengan sampun sae. Tegele ngantos kinclong ngaten. Badhe gadhah damel ta, Pak?” ujare Mono.

”Halah, duwe gawe apa ta, Mas? Anakku isih ekolah. Durung ana calone, durung ana sing nembung...hehehehe...,” kandhane Pak Krama.

”Hahaha... kula kinten panjengan badhe gadhah damel, Pak, amargi biyasanipun tiyang ingkang badhe gadhah damel ndandosi griyanipun supados katon sae ing adicara pawiwahan putra-putrinipun,” kandhane Mono.

Pak Krama lan Mono anggone jagongan lan guyonan gayeng banget, ngrembug apa wae, ngobrol ngalor ngidul. Mono ngira Pak Krama bakal nggelar resepsi mantu Sakinah amarga omahe Pak Krama didandani lan katon apik.

Jebule ora mung Mono sing ngira yen Pak Krama bakal mantu. Tangga teparone uga ngira yen Sakinah wus ditembung wong lan sedhela maneh bakal rabi. Nganti ana sing takon tekan ngendi-endi kanggo nggenahake.

Pancen lucu-lucu tanggane Pak Krama kuwi. Bisa-bisane isu Sakinah arep rabi nyebar ing Dhusun Mulyatani, kamangka omahe Pak Krama didandani kuwi ora merga dheweke arep mantu anake. Nganti ana sing takon kapan tanggale.

Pak Krama, Bu Lastri, lan Sakinah mung bisa ngguyu angger crita babagan kuwi mau. Kabeh kuwi mau dianggep donga apik wae, sapa ngerti mbesuk sarampunge Sakinah kuliyah pancen langsung dilamar tenan dening wong lanang sing apik temen-temen.

 

 

Dening: Nurlinda Alfiannisa

Lair ing Sukoharjo, 20 Nopember 1997

Manggon ing Tempuran, Bulakan, Kabupaten Sukoharjo

Sinau ing Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret Solo

 


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho