Jagad-jawa
Kamis, 24 November 2011 - 18:16 WIB

Digugu lan ditiru

Redaksi Solopos.com  /  R. Bambang Aris Sasangka  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ilustrasi ( tikman1solo.wordpress,com)

Sunare bagaskara wus tumiba
Sumilak padhang ngilangi mbun kang tumetes
Ya iku gumelaring jagad pawiyatan
Nadyan ana pinggir, lamun tekad lan karepmu wus trang trawaca

Ngendikanmu pancen sora
Ngendikanmu pancen banter
Pitutur luhur sing wis mesthi
Pitutur luhur sing wis pasthi
Sliramu sing tak gugu
Uga mesthi tak tiru
Ana kene sliramu dadi biyungku
Ana kene sliramu dadi ramaku

Advertisement

Tak kira anggone ngajari aku, mesthi tanpa pamrih
Anggone mulang muruk aku, sanajan ya ngelih
Nanging dhasar bocah sing rada luwih

Sanajan ngendikanmu ora dirungu
Nanging sliramu ora nesu
Guru,……..
Kula nyuwun ilmu
Kula nyuwun pangestu

Advertisement

Sanajan ngendikanmu ora dirungu
Nanging sliramu ora nesu
Guru,……..
Kula nyuwun ilmu
Kula nyuwun pangestu

Geguritan iku bisa wae amung kaya tulisan lumrah kang ngangkat ngenani guru. Nanging geguritan iku rasane dadi luwih tandhes nalika diwaca dening siswa. Jemuwah (18/11/2011) kapungkur, para siswa SMPN 3 Kebakkramat, Kabupaten Karanganyar, siji mbaka siji munggah ing panggung lan maca geguritan kasebut kanthi dipirsani para guru lan kabeh siswa liyane.

Advertisement
Dina kuwi, SMPN 3 Kebakkramat pancen lagi duwe gawe gedhen kanggo mengeti ambal warsane Kabupaten Karanganyar kang kaping-94 sarta ambal warsane PGRI taun 2011. Setyo, salah sijine guru sekolahan iku kadhapuk gawe geguritan kang dilombakake tumrap para siswa ing dina mirunggan iku.

Apa kang dilakoni dening warga SMPN 3 Kebakkramat iku dadi salah sijine gambaran kawigatene pehak sekolah marang kiprahe guru. Kanthi cara tartamtu, kabeh siswa coba didunungake maneh marang kalungguhane guru. Guru iku jejibahane gedhe lan abot, jalaran duweni sesanggeman minterake anake wong utawa generasi mudha panerus bangsa. Ing sekolahan, guru uga dadi bapa lan biyunge siswa minangka gantine bapa lan biyunge siswane ing omah.

Ing papan pawiyatan, guru kanthi sabar lan telaten ngajari siswa bab apa wae, mligine piwulang utama lan maneka warna jinis ilmu sing durung tau dimangerteni dening siswa.

Advertisement

Siti Nur Hidayati, salah sijine guru SD ing Kutha Solo, mratelakake guru iku nduweni kuwajiban mulang muruk kabeh siswa tanpa mbeda-mbedakake siji lan sijine. Sebab, kabeh siswa iku duweni hak kang padha. Padha-padha kepengin ngudi kawruh sakjembar-jembare. “Manawa ana siswa sing cepet mudheng lan ana sing kangelan nampa pelajaran, iku bab kang lumrah jalaran kapinterane bocah siji lan sejene iku ora padha. Kari gurune piye? Tamtu marang bocah sing rada kurang iku banjur ana kawigaten luwih lan nempuh cara supaya bocah iku bisa ngoyak kanca-kancane utawa ora ketinggalan pelajaran,” piterange, nalika ditemoni Espos ing daleme ing Perum RC Palur, Jaten, Karanganyar, Rebo (23/11/2011).

Miturut piyambake, guru iku nduweni kalungguhan kang wigati. Upamane guru SD kelas I sing kajibah mulang siswa saka nol nganti bisa maca, nulis, ngetung lan sapiturute. Bebasan kertas resik, bocah sing lagi wae mlebu sekolah banjur diwulang kanthi sabar lan telaten. Ditepungake marang jinis aksara, basa sarta tata susila. Kadhang kala ya isih ana siswa sing isih kudu dicewoki gurune nalika menyang kolah. Utawa guru uga dadi wong kang tansah ngeneng-eneng siswa sing nangis jalaran diladaki kancane. Nanging nalika ana siswa sing nakal utawa ora nggugu piwulange guru, ora banjur ndadekake guru nesu utawa nganti mara tangan. “Pisanan, bocah iku anake wong liya. Kapindho, wus dadi jejibahane guru ngandhani siswa, menehi conto lan kudu mapanake kalungguhane, pangucape sarta trapsilane supaya digugu lan ditiru. Paitane pancen sabar lan telaten,” ujare.

Indah Kurniawati, guru Basa Jawa ing sawijining SD swasta ing Kutha Solo, mratelakake ing sekolahan ya ana sawetara siswa sing duweni watak kang beda-beda lan istimewa. Siswane iku manawa dipantha-pantha bisa dadi telung jinis, yaiku siswa tipe audio, tipe visual lan tipe kinestetik. Tipe audio yaiku jinise siswa sing bisa mudheng piwulangan kanthi cara ngrungokake. Dadi carane nggatekake iku kanthi nengenake kupinge. Siswa tipe visual yaiku siswa kang bisane mudheng piwulangan kanthi cara ngematake utawa kanthi sarana tontonan utawa piranti paraga. Dene tipe kinestetik yaiku jinise siswa sing ora bisa anteng nalika diwulang. Bocah jinis iki mesthi ajeg obah mrana-mrene.

Advertisement

“Lha, guru iku saiki kudu nguwasani telung cara memulang siswa, kanggo nyakup telung tipe siswa mau. Manawa guru saiki amung mulang siswa kanthi cara ndikte buku pelajaran thok, utawa nggunakake piranti paraga thok, ora bakal nyakup kabutuhane kabeh siswa. Kudune bisa nguwasani telung jinis cara memulang siswa mau. Saliyane kanggo nyakup kabeh kabutuhane siswa, swasana ngajar bisa ora mboseni,” tandhese.

Manawa ngungak kiprahe guru pancen kudu bisa nut jaman kelakone. Mbiyen, upamane carane guru mulang siswa kagolong konvensional, saiki kudu luwih kreatif lan komunikatif. Sebab tuntutan jaman uga sansaya abot. Nanging bab wigati sing kudu tetep disunggi dening kabeh guru yaiku guru kuwi kudu bisa digugu lan ditiru. Mula, patrap lan pangucape guru kudu bisa dadi patuladhan kang nyata. Sanajan saiki wus akeh guru sing antuk sertifikasi lan mundhak blanjane, muga-muga ora banjur keblinger marang arta lan bandha. Upaya minterake siswa kudu tetep dijaga. Sebab iku jejibahane guru kang utama.

Damar Sri Prakosa

Advertisement
Kata Kunci : Digugu Ditiru Guru Piwulang
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif