SOLOPOS.COM - Drs Imam Sutardjo MHum, (Dhalang lan Dhosen Jurusan Sastra Jawa – FSSR – UNS)

Drs Imam Sutardjo MHum, (Dhalang lan Dhosen Jurusan Sastra Jawa – FSSR – UNS)

Masarakat inggih bebrayan agung Jawi wiwit rumiyin sampun anggadhahi pakulinan utawi jiwa gotong royong, dhemen tetulung, daya- dinayan, mad-sinamadan, remen mbiyantu dhumateng tiyang sanes. Babagan menika jumbuh kalihan unen-unen “Pager mangkok utawi sendhok menika langkung kiyat kalihan pager tembok”, tegesipun bilih tiyang Jawi menika pranyata anggadhahi watak remen tetulung dhumateng sesamining agesang, remen kekadangan saha angraketaken pasedherekan kanthi manah rila legawa utawi sepi ing pamrih rame ing gawe.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Tiyang Jawi pitados bilih “wong nandur bakal ngundhuh”, tiyang ingkang tansah nenandur utawi damel kautaman wusananipun ugi badhe panen/ ngundhuh kautaman. Pramila wonten ing gesang bebrayan, tiyang Jawi menika remen nggatosaken lan mitulungi tiyang sanes, jalaran wohipun ugi badhe dipun-gatosaken lan dipunbiyantu tiyang sanes.

Ekspedisi Mudik 2024

Jiwa utawi watak dhemen dedana utawi weweh tumrapipun tiyang Jawi menika saged arupi pambiyantu sandhang, pangan (tetedhan), penggalihan (eguh pratikel), tenaga (bau suku), pitutur-pitutur ingkang sae, lan sanes-sanesipun. Pramila menawi wonten tangga tepalih (mliginipun masarakat padhusunan) ingkang damel sumur, mbangun griya, limrahipun sami kersa makempal lan mbiyantu sesarengan (guyub rukun), menawi olah-olah (masak) tangga tepalih kanan keringipun sami dipunparingi, jalaran bebrayan agung Jawi taksih anggadhahi pamanggih bilih tiyang gesang menika boten ijen, boten piyambakan. Tiyang gesang wonten masarakat kedah srawung lan tumindak sae dhumateng sinten kemawon, mliginipun tangga tepalihipun.

Sedherek ingkang saestu menika sayektosipun tangga tepalih, jalaran menawi wonten bot repot (prekawis) menapa kemawon, inggih tangga tepalih ingkang sabiyantu lan paring rerigen rumiyin piyambak. Pramila menawi wonten tiyang ingkang boten nate lan boten kersa srawung sarta mbiyantu dhumateng tiyang sanes, mliginipun tangga tepalih dipunwastani tiyang ingkang boten limrah.

Kulawarga ingkang sugih, dalemipun gedhong magrong-magrong, mobilipun kathah, tembok utawi pageripun kiyat lan inggil, menawi boten srawung lan boten nate tetulung dhumateng tangga tepalih, kulawarga kanan keringipun boten kersa sami njagi, menawi kalebetan pandung (maling) badhe dipunkendelaken kemawon (pageripun ringkuh boten kiyat). Ananging menawi tiyang menika tansah sae, peduli, dhemen tetulung dhumateng tangga tepalih, sawanci-wanci dalemipun dipuntilar tindakan, kalebetan pandung, tangga tepalih ingkang badhe anjagi lan mbiyantu sedayanipun (pageripun kiyat lan sentosa).

Wulan Siyam Ngathah-ngathahaken Dedana

Menapa malih ing wulan siyam (pasa, romadhon) menika bebrayan agung sami keraya-raya ngathah-ngathahaken tumindak sae konjuk Allah SWT (habluminallah) lan dhumateng sesamining agesang, tangga tepalih (habluminannas). Pramila ing wulan siyam menika kathah ingkang sami sodaqoh dhumateng tiyang sanes, kadosta: ngajak buka sesarengan, maringi sembako dhumateng tiyang sanes ingkang pekir. Jalaran wulan siyam menika mujudaken wulan sabar, wulan kangge ngendhaleni lan mbasmi watak-watak ingkang awon, lan sedekah utawi sodaqoh ingkang sae piyambak menika menawi katindakaken ing wulan siyam. Tiyang menika dereng kawastanan iman, menawi boten menggalih lan nggatosaken tangga tepalihipun ingkang taksih kekirangan (sandhangan, tetedhan).

Pangeran (Allah SWT) badhe matesi rejekinipun tiyang, menawi tiyang menika boten nate ngajak lan kersa maringi tetedhan dhumateng tiyang ingkang mlarat (fakir miskin). Tiyang menika badhe malebet neraka Saqor, menawi rikala gesangipun boten nate mitulungi lan maringi tetedhan dhumateng tiyang ingkang pekir.

Minangka kasil lan wohipun kita sami nindakaken siyam, inggih menika tuwuh raos welas asih dhumateng tiyang sanes, mliginipun tiyang pekir saha raos kekadangan tansah tuwuh lan ngrembaka. Tundhanipun gesang kita tambah sae lan bagya mulya (akhlakul karimah), gesangipun prasaja lan walaka, boten ngangsa lan murka, dhemen dedana (sodaqoh, zakat mal, amal jariyah) dhumateng sesama ing saben dintenipun boten namung ing wulan siyam. Bandha kita saged migunani lan murakabi dhumateng tiyang sanes (bebrayan agung). Wusananipun sami saged kacekapan sandhang, papan, lan panggenan; saha saged mujudaken kasarasaning jiwa, raga, keluwarga lan sesama.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya