Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (31/1/2019) menika kapacak bab dhalang.
Solopos.com, SOLO — Sawetara wektu kepungkur para sutresna budaya ngadani diskusi babagan wayang ing Pendhapa Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) ini Kutha Solo.
Adicara sing isih ana gandheng rakete karo pentas Umbul Donga Nuswantara ing Pendhapa TBJT iki ngajak para dhalang, pamerti budaya, uga sutresna budaya urun rembug babagan wayang. Kayata lakon sing kudune dibabar ing jaman saiki, prenahe dadi dhalang, lan liyan-liyane.
Pamerti budaya sing uga dadi ketua adicara Umbul Donga Nuswantara, S.T. Wiyono, nalika ditemoni