Dhalang Ki Manteb Soedharsono nggelar wayang kulit kanthi lakon Murwakala ing Pendhapa Ageng G.P.H. Joyokusumo ISI Solo, sawetara wektu kepungkur. (Solopos-M. Ferri Setiawan)

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (31/1/2019) menika kapacak bab dhalang.

Solopos.com, SOLO -- Sawetara wektu kepungkur para sutresna budaya ngadani diskusi babagan wayang ing Pendhapa Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) ini Kutha Solo.

Adicara sing isih ana gandheng rakete karo pentas Umbul Donga Nuswantara ing Pendhapa TBJT iki ngajak para dhalang, pamerti budaya, uga sutresna budaya urun rembug babagan wayang. Kayata lakon sing kudune dibabar ing jaman saiki, prenahe dadi dhalang, lan liyan-liyane.

Pamerti budaya sing uga dadi ketua adicara Umbul Donga Nuswantara, S.T. Wiyono, nalika ditemoni solopos.com ing Wisma Seni, Selasa (29/1/2019), ngandharake pakeliran wayang iku ora mung minangka tontonan, nanging ngandhut telung prekara sing wigati yaiku sarana tontonan, ngemu piwulang, uga nilai cultural utawa jiwa budaya.

Mula saka kuwi dhalang sing bener ya kudu bisa mbabar telung prekara kasebut. Ora kena nglantur, kudu kebak pitutur. Kabeh mau amrih migunani kanggone bangsa lan nagara. Apa meneh ing jaman sing kaya ngene iki pawongan padha pengin menange dhewe. Tanpa gelem nampa sing beda saka sanak kadang liyane. Mula saiki akeh sing maju nganggo okol tanpa migunakake akal.

Ing jaman biyen, kedadeyan sing kaya ngono kuwi bisa dileremake dening dhalang. Ya, mawa pagelaran wayang. Beda pilihan, beda agama, lan liyan-liyane ya bisa nyawiji mawa kabudayan. Saking ampuhe para dhalang, kabeh masalah kaya-kaya dadi gampang yen wis diomongake dening dhalang.

“Wong ana masalah apa wae crita marang dhalang. Apa wae ya, babagan asmara, arep kawin, ora bisa meteng, kabeh ngomong dhalang. Dalang dadi panutan sing dianggep kaya brahmana. Nanging saiki wis ora ngono. Ya saiki kudu ngupiya dhalang bisa kaya mbiyen meneh,” kandhane.

Dosen ing Sastra Daerah Fakultas Ilmu Budaya (FIB) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Imam Sutardjo, nalika ditemoni solopos.com ing kantore, Selasa (29/1/2019), sarujuk marang kandhane Wiyono. Ing jaman sadurunge kamardikan dhalang duwe daya pangribawa sing gedhe. Dianggep sesepuh mumpuni sing ngerti apa wae.

Piwulang

Yen diperang saka tembunge, dhalang ngemu ateges wedha lan piwulang utawa ngudhal piwulang. Mula iku aja kaget yen dadi dhalang kui ora mung angger mbabar wayang. Nanging uga kudu pinter babagan apa wae. Dhalang mbiyen uga seneng tapa brata, nglakoni tirakatan, mula ilmune katon lair batin.

Ing jaman biyen Imam uga kerep nglakoni pasa telung dina sakdurunge mbabar wayang. “Saking akehe nglakoni iku, dhalang duwe kasekten spiritual mula ana sing ngomong mirib pandhita, brahmana,” kandhane.

Salah sawijining kasektene dalang miturut Imam yaiku mbuwang siyale bocah sukerta. Ing kampung-kampung isih akeh sing precaya yen bocah sing lair nalika ana pentas wayang iku kudu diwenehake marang dhalange. Tegese ora digawa mulih dening dhalange, nanging mung didaku anak. Yen ora ngono, suk gedhene bakal dadi bocah sukerta.

Imam banjur nyritakake nalika dheweke pentas ing desa tahun 1980-an. Pas iku dheweke mbabar lakon Dewi Sri. Sabubare adicara ana wong lanang sing kandha menawa anake lair ing wengi iku. Imam banjur ndongani lan menehi jeneng Dewi Sri marang bayi iku.

Sing kepindo, nalika ana adicara ing Klaten Imam sing lagi ndhalang diparani penonton sing nggawa bayi. Saknyat iku dheweke langsung mandek anggone ndhalang banjur ndongakake si jabang bayi uga menehi jeneng kaya lakon sing dibabar.

Jaman saiki miturut Imam pancen wis beda karo biyen. Akeh sabab musababe, antara liya amarga agama, ilmu pengetahuan, lan pendidikan sing samsaya ngrembaka. Mula masarakat modheren wis ora precaya meneh marang babagan kejawen sing kaya mengkana.

“Iku ora salah. Ya pancen ora bisa dipadhakke jaman mbiyen. Pancen kebutuhan sing wis beda. Nanging ya dhalang tetep kudu duwe visi saben pentas. Aja mung angger ngepyak wayang,” kandhane.

Dakwah kabecikan dhalang ing pakeliran wayang iku biyasane ana ing jejer limbukan utawa gara-gara. Uga bisa gawe lakon carangan kanthi karep tartamtu. Kayata mbabar Pancasila ing lakon Wahyu Puntadewa lan sakpiturute.

Sing penting dhalang saiki kudu kreatif anggone mbabar pakeliran. Krentek melu amangun nagara lan mbabar kabecikan. Nerusake pepenginane para pejuwang amrih negara kita tata tentrem karta raharja.


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya

Kolom

Langganan Konten