SOLOPOS.COM - Para siswa SDN Nayu Barat 2 Solo ajar nulis aksara Jawa ing wewengkon Jl Slamet Riyadi, Solo, sawetara wektu kapungkur. Adicara iki kanggo ngleluri aksara Jawa minangka perangan baku wulangan basa Jawa ing sekolahan.

Para siswa SDN Nayu Barat 2 Solo ajar nulis aksara Jawa ing wewengkon Jl Slamet Riyadi, Solo, sawetara wektu kapungkur. Adicara iki kanggo ngleluri aksara Jawa minangka perangan baku wulangan basa Jawa ing sekolahan.

Dewan Bahasa Jawa Provinsi Jawa Tengah ora sarujuk marang ngengrengan ngilangake basa Jawa ing kurikulum pendhidhikan formal. Miturut Wakil Pangarsa Dewan Bahasa Jawa Provinsi Jawa Tengah, Ki Sutadi, lamun ngengrengan kuwi dicakake, Dewan Basa Jawa  Provinsi Jawa Tengah bakal nggugat lumantar uji materi utawa  judicial review murih jugar.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Cara iki digunakake nalika ngengrengan ing Kurikulum 2013 kuwi temen-temen dicakake. Saiki pemerintah nembe mbabar uji publik Kurikulum 2013. Kabeh warga bebrayan agung antuk kalodhangan suka panyaruwe utawa pamrayoga,” piterange Sutadi nalika wawancana kalawan Espos lumantar telpon, Slasa (25/12).

Kurikulum 2013 kuwi lamun temen-temen ngilangi wulangan basa dhaerah, mligine basa Jawa, miturut Sutadi, genah ora selaras lan kepara nglanggar UUD 1945 lan UU No 20/2003 ngenani Sistem Pendidikan Nasional. Pasal 32 ayat (1) UUD 1945 nandhesake lamun negara ngurmati lan njaga basa dhaerah minangka kaskaya budaya nasional.

Ekspedisi Mudik 2024

Dhosen Basa lan Sastra Jawa ing Universitas Veteran Bangunan Nusantara (Univet Bantara) Sukoharjo, Adi Deswijaya,  mratelakake ngengrengan Kurikulum 2013 lamun temen-temen ngilangi wulangan basa Jawa ateges  nglanggar Pasal 37 ayat (1) UU Sistem Pendidikan Nasional.

”Ing pasal kuwi dijlentrehake kurikulum pendhidhikan dhasar lan menengah wajib ngandhut salah sijine basa dhaerah,” ujare Adi nalika wawancara kalawan Espos,  Senen (24/12).

Sutadi nerangake Indonesia jejeg minangka negara lan bangsa jalaran pancadan patang saka guru yakuwi Pancasila, UUD 1945, Bhinneka Tunggal Ika lan Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI).

Ngilangi wulangan basa Jawa ing kurikulum  pendhidhikan formal, miturut Sutadi, kalebu ngiwakake saka guru Bhinneka Tunggal Ika. Bhinneka tegese maneka suku, agama, ras, basa, sandhangan, tradhisi lan liya-liyane.

Ngilangi wulangan basa Jawa ateges nyengkuyung ilange basa Jawa saka madyaning bebrayan agung bangsa Indonesia. Kuwi uga ateges ngiwakake kanyatan lamun bangsa Indonesia kuwi nglimputi maneka basa, suku, ras, agama, lan sapiturute. Menawa iki dijarke ateges bakal ngilangi jati dhiri bangsa Indonesia.

Sutadi nelakake, Provinsi Jawa Tengah lan sewelas provinsi ing Indonesia liyane wus duwe peraturan daerah (perda) ngenani basa dhaerah. Mula, ngengrengan Kurikulum 2013 kasebut ateges bakal nabrak perda-perda kasebut kang wus disahke dening DPRD provinsi.

Bebrayan agung Jawa menawa kabiji saka kanyatan sosiologis kapetung kuwat banget njaga kabudayane, mligine basa Jawa. Wiwit 1990-an nganti saiki wus ginelar Kongres Basa Jawa nganti kaping lima.

Iki nuduhake lamun bebrayan agung Jawa ora meneng  wae nguningani kahanan kabudayan asline ing titi wanci pungkasan iki. Bebrayan agung Jawa tetep kalimput ing semangat lan gegayuhan ngleluri lan ndayakake basa lan peraturan daerah sarta marisake marang generasi mudha.

Adi nelakake wulangan basa Jawa kuwi utamane ing wewengkon kulawarga sing kasengkuyung dening pamulangan formal utawa sekolahan. Ing titi wanci pungkasan iki, saperangan akeh kulawarga Jawa ora kuwawa mulangake basa Jawa sing bener lan pener marang bocah-bocah lan generasi mudha.

”Mula, sekolah duwe tanggung jawab gedhe supaya para bocah ora mung nguwasani sains lan ilmu-ilmu umum, nanging uga ngugemi unggah-ungguh, tata krama lan urmat marang wong liya. Kuwi bisa kagayuh lumantar pendhidhikan budaya, mligine wulangan basa Jawa,” ujare Adi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya