SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Sukimin

Sasi besar saya suwe saya cedhak. Atine Mas Puja saya tambah seneng. Bola-bali mung ngitungi tanggalan sing gumantung ana tembok kamar. Corekan-corekan dina lan tanggal wis cetha.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Tanggal 4 dina Slasa Wage iki nggone Pak Marto sing omahe ing pinggir sawah wetan dhewe. Tanggal 18 dina Minggu Kliwon iki nggone Bu Samirah sing bocahe angel banget, nganti bola-bali ora ana sing cocok dadi pilihane.

”Nanging apa ya kurang akal, kanggoku gampang asal wis ana niyat.” Lan sasi-sasi ngarepe isih akeh maneh, nganti wujude tanggalan prasasat meh ana tandhane kabeh.

Gaweyan anyar sing ditekuni Mas Puja iki kagolong langka lan uga rada nyleneh. Nanging, piye maneh, pilihan abot entheng rekasa penak ya kudu dilakoni kanthi tekun. Sawise lulus saka perguruan  tinggi nglamar ing instansi pemerintah lan swasta ora ana sing ditampa.

Gandheng wong pinter lan ya bocah sekolahan, iya ana-ana wae piye carane golek dhuwit, sing durung biyasa ana ya digawe ana yaiku dadi makelar jodho.

Pancen sadurunge iya wis tau ana nanging durung dadi gaweyan, ya amung gethok tular utawa athung-atheng, ya yen begja wae lan gathuk ora nganti diupadi kanthi tenanan. Iku wae liwat piyayi sing wis sepuh-sepuh lan uga isih ana gayutane sadulur.

Yen dietung kanthi petungan kang njlimet iya lumayan entuk-entukane dhuwit. Nanging Mas Puja ora tahu mathok rega kang waton, amung gethok tular saka kulawargane sing wis kasil wae sing dadi pancatan.

Kira-kira Rp500.000 bayarane. Bayaran sakmono kuwi wis lumayan banget. Ing sasi kang becik, sesasi bisa telu nganti papat sing njaluk tulung. Kayata ing sasi kepungkur. Mas Puja entuk upah sepedha montor anyar saka juragan kayu jati, sing anake wis dijodhokake karo guru SD sing manggon ana njaban tlatah.

Saka bungahe bapake, ora eman-eman ngupahi Mas Puja sepedha montor anyar. Mas Puja kasil nggolekake jodho anake sing padha karo karepe bapake. Ya, iku sing jenenge asale rejeki ora kurang marga.

Sore iku langit katon resik lan angin sumilir nyegerake awak. Salebare Salat Magrib, Mas Puja lan Mbak Yanti, sing dinikahi limang tahun kepungkur, karo putrane lanang sing lagi umur telung tahun padha jagongan ing kamar tamu.

”Mas, wis suwe anggonku arep takon slirane, nanging ora kewetu amarga Mas Puja katon sibuk banget.”

“Arep takon bab apa ta, Dhik? Kok katon prelu banget.”

“Bab gaweyane Mas Puja. Iku halal utawa haram? Amarga asile lak dinggo ngopeni anake dhewe.”

“Ooo… bab kuwi… Tak kira masalah apa? Jejodhowan utawa mbangun kulawargna antarane wong lanang lan wadon kang wis umur iku salah sijine sunah Kangjeng Rosulullah SAW lan kaya-kaya wis dadi wajibe wong urip ing alam donya lan diusahake sing padha imane, terus carane gathuk kepriye iku ora dadi prakara. Carane bocah padha bocah ketemu terus dadi padha senenge iku ya jenenge jodho, wong tuwa padha wong tuwa ngrembug jodhone putrane iku ya oleh wae, kudu sarana wong liya ya sah-sah wae.”

“Dadi gaweyan njenengan ora gawe kapitunane wong liya lan ora nglanggar aturan agama uga aturan pemerintah ya, Mas?”

“Ora, malah kepara mbiyantu nom-noman sing duwe masalah bab nemtokake jodhone. Coba gatekna kae nasibe Mas Jaka. Kurang apa maneh?. Nyambut gawe ya wis, dedeg lan kulitane sarwo merak ati, malah wis duwe omah kang murakabi, nanging yagene nganti wis umur meh seket taun durung ketemu jodhone? Apa ya ora mesakake? Hla nasib wong sing ngono kuwi sing prelu dibiyantu utawa dilantarake, kepriye carane supaya enggal ketemu jodhone.”

“Ya, yen ngono, kersane Mas Puja. Aku mung ndherek wae, nanging kudu istikomah lan jujur. Aja waton golek dhuwit terus gawe gelane siji lan sijine piyayi. Iku pesenku.”

“Arepa wis padha percaya marang aku kang milihake jodho, aku tetep wae nganggo dhasar: bibit, bobot, bebet lan bebet supaya ing tembe mburine ora ana rasa gela lan kuciwa malah-malah padha urip tentrem ayem lan raharja. Iku sing tak karepake.”

Nalika Mas Puja lan sisihane nembe jagongan ing kamar amu, ana tamu maneh sing tekan, katone tlatah rada adoh saka desane Mas Puja.

“Mangga, mangga pinarak mlebet.”

Tamu sing numpak montor sekaliyan lan nggawa barang-barang kanggo oleh-oleh kang akeh banget kuwi banjur mlebu omahe Mas Puja.

Tamu sing kira-kira umure 55 tahun iku lungguh adhep-adhepan karo Mas Puja. Sawise sauntara wektu padha ora rembugan swasanane katon sepi, padha bingung sapa sing kudu ndhisiki ngomong. Terus tamu iku ngandharake apa tujuwane.

“Mas Puja, kula sekaliyan tindak mriki ingkang sepisan silaturahmi kaping kalihipun badhe ngrepoti Mas Puja. Inggih punika putra putri kula ingkang mbajeng nyuwun tulung dipunpadosaken sisihan, amargi adhinipun ingkang jaler taun ngajeng sampun badhe omah-omah, manawi saged ampun ngantos kelangkahan adhinipun.”

“Inggih, insya Allah, mbok bilih Gusti Allah marengaken, kita sedaya sagedipun namung ndedonga mugi-mugi dipunkabulaken donga kita dening Allah SWT.”

Krungu wangsulane Mas Puja sing nyenengake, tamu sekaliyan atine katon lega, apa maneh miturut critane kanca-kancane kabeh sing sambat tulung karo Mas Puja kabeh kasil lan ora padha kuciwa. Sawise ngomong-ngomong kosong antara Mas Puja karo tamune nganti ngalor ngidul bab apa-apa dadi bahan ngomongan, tamu sekaliyan pamit mulih

Atine plong sing dadi ganjelane ati pirang-pirang dina wis bisa diudhari lumantar Mas Puja, mesthine wis bisa turu angler maneh. Jenenge Mas Puja ing desane tambah suwe tambah moncer nganti krungu saka njaban desa kang adoh.

Sejatine Mas Puja ora tau pasang iklan utawa promosi, ing omahe wae ora ana tulisan apa-apa. Beda karo yen buka usaha liyane, kudu pasang iklan lan kudu segrep ngabarake marang wong-wong. Mas Puja bisa moncer mung cukup jalaran gethok tular antarane wong sing wis tahu ditulungi.

Saiki uripe Mas Puja karo kulawargane sansaya kepenak. Rekasa sethithik amarga saben dina kudu mlebu-metu desa karo milang-miling, nom-noman lanang lan wadon sing dadi pesenane tamu-tamu. Yen kira-kira ana kang cocok, Mas Puja ora sungkan-sungkan rembugan karo wong tuwane, ngono wae ya ora grusa-grusu amarga beda wong beda karepe, niyat sing becik kudu dibarengi swasana nyenengake. Nanging kanggone Mas Puja bab kuwi bisa diudhari kanthi tlaten, mula iya akeh asile.

Sore iku, srengenge durung angslup. Semburate isih katon mencorong nembus godhong wit-witan sing ngrembuyung ing plataran omahe Mas Puja. Teras omahe isih krasa panas, apamaneh yen mlebu ing jero omah, amarga awan ini panase nganti kaya nembus balung sungsum.

Mas Puja lagi wae bali. Hawa panas kaya-kaya ora dirasakake. Kringete nganti dleweran nelesi klambi lan jakete, nanging priye kabeh wis dadi sanggemane ya kudu dilakoni. Mbak Yanti, sisihane Mas Puja, metu saka kamar karo nggendhong anake.

Kekarone mapag tekane Mas Puja, cahyane katon sumringah. Ora suwe banjur mlebu pawon, nggawekake wedang anget. Lamat-lamat swara sepedha montor krungu saka jero omah, mandheg pas ngarep lawang. Tamu lanang lan wadon karo anak kira-kira umur rong tahun sing isih digendhong ibune, nuju kamar tamu.

Mas Puja lan Mbak Yanti bingung amarga praupane tamu kuwi kaya-kaya durung tau dikenal. Nanging, tamu mau wis yakin lan katon seneng atine.

“Mas Puja kesupen, nggih?” Mas Puja lan Mbak Yanti isih durung kelingan sapa sak tenane tamune iku karo ngeling-eling nganti suwe ora kelingan.

“Putrane Pak Marto, sing omahe pinggir sawah.”

“Ooh… Si Widada, ya, lagi kelingan saiki, piye kabare saiki?”

“Alhamdulillah, keluarga sehat, putra setunggal, sowan Mas Puja badhe ngaturaken panuwun inggih awit krenahipun Mas Puja, sapunika kula saged gesang tentrem ayem.”

Rasa kesel sing dirasakake Mas Puja sore iku kaya-kaya ilang babar pisan amarga saking bungahe atine. Pasangan sing digathukake padha gelem silaturahmi, lan ngerti saiki uripe ayem, tentrem, raharja.

Srengenge tambah angslup ketutup mega, cahyaning bulan wiwit madhangi jagad. Mas Puja karo tamune padha guyonan kanthi semanak kebak rasa pasedulurane. Mbak Yanti mesam-mesem katon atine seneng.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya