SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

“Sanadyan wis didusi lan disabuni, jenenge wedhus seka nggone Budhe Mitra sing wingi dipasrahake dening Mas Tulus kuwi ya tetep wedhus hlo, Dhik,” pangandikane Mas Kun. Alon bae nanging kaya njojog ati iki tekan njero. Njelune ora mari-mari.

Pangandikan kuwi ngemu surasa kang dhuwur. Mas Bas dadi klincutan ora wani ambal rembugan. Mestine Mas Kun wis mireng menawa Mas Bas dikabarake duwe sesambungan tresna karo mitrane sak kantor. Kawitane sesambungan tresna kuwi mung diwiwiti saka sesambungan kekancan kang tulus.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Aku ngregani banget marang carane Mas Kun paring pangandikan marang Mas Bas, kang kaprenah adhine ipe sing entuk mbakyuku. Wis suwe jane anggone Mas Bas omah-omah karo mbakyuku ewadene wis wola-wali bale somah kuwi kisruh amarga pokale Mas Bas kang thukmis.

Kurang apa maneh ta sakjane yen bale somag wus mlaku luwih saka rong puluh taun, diwenehi momongan papat sisan kang wis jumegar gedhe kabeh. Apa ora isin manawa polahe disawang anak-anake sing wis dadi prawan lan jaka?

Ekspedisi Mudik 2024

Pancen ora mung pisan pindho iki Mas Bas kecanthol prawan utawa randha utawa wanita liya kang wis duwe bojo. Aku kelingan tengah wengi iki aku kudu nyebar uyah saka Kiai Abdul ing dalan ngarep kantor pemerintah daerah (pemda) kanggo nyuda nesune Pak Pujaka kang garwane diganggu Mas Bas.

Wiwitane ya mung boncengan bareng menyang kantor terus padha-padha ngesok curahan isi hati (curhat) nganti wadine bale somah kaya diudhal-udhal. Rumangsa oleh tanggapan Ian kawigaten kang luwih, Bu Pujaka kaya ketarik magnet lan wusana kelet ing gegere Mas Bas.

Mbak Peni, garwane Mas Bas, nangis gero-gero mangerteni Mas Bas duwe sesambungan tresna karo Bu Pujaka. Wusana, Mbak Peni ngejak anak-anake mulih ing griyane Ibu. Aku lan adhiku kang weruh kahanan kaya mangkono kuwi ya melu gibras-gibras, apamaneh nalika Pak Pujaka ngancam sedya mateni Mas Bas sisan, jare tinimbang wirang aluwung mbelani wiring sisan, mlebu bui ora dadi ngapa.

Mas Bas mung mbegegeg karo nglumpruk kaya Gathotkaca kelangan ragangan. Enenge mung sambat kepingin diswargakake lan dikubur sajejere swargi Bapak. Mas Kun terus ndhawuhi aku Ian adhiku sowan Kiai Abdul saprelu nyuwun pitulungan marang barang wiring kang sejatine ngisin-isini nek nganti dingerteni wong akeh.

Aku lan adhiku mung bisa ngenteni sawise matur marang Kiai Abdul babagan nakale Mas Bas. Kiai Abdul malah ngguyu ora enggal-enggal paring pangandikan. “Pancen bagus, gagah, gedhe dhuwur tenan kang masmu kuwi. Ya memper yen prawan, randha, utawa ibu-ibu sing wis duwe bojo kepincut karo kakangmu,” pangandikane Kiai Abdul. Aku mung nglirik adhiku. Ing batin aku ngakoni manawa kiai iki pancen waskitha temenan.

“Apa maneh brengose njlamprang kaya Gathotkaca, wah saya marakake atine wanita kang ora duwe iman dheg-dhegan. Glembukane wasis lan ndudut ati,” sambunge Kiai Abdul karo isih mesam-mesem sinambu merem mirsani cara gaib marang kahanan sing diadhepi.

Aku tambah saya percaya marang titise panarawange Kiai Abdul. Dheweke banjur ngadeg lan mlebu kamar. Sawise rampung banjur maringi aku uyah kang diwadhahi kertas koran. “Iki mung sarana muga-muga dadi murih becik, apik lan slamete kulawargamu. Sebarna ing ngarep omahe Pak Pujaka, sing separo sebarno ngarep kantor pemda. Muga-muga dadi adhem atine ora sida ana pancakara.”

“Lajeng benjang menapa, Kiai?” pitakonku.

“Ya saiki ta, Mas. Iki isih sore,” pangandikane Kiai Abdul.

“Isih sore?” pitakonku ing njero batin. Langit wengi saya gawe kekes, adhem tekan balung. Kanggone Kiaine manawa durung tekan tengah wengi isih kena diarani sore.

Wengi kuwi aku karo adhiku nyebar uyah ing dalan sing arep diliwati Pak Pujaka. Separo ing ngarep omahe, separo maneh ing ngarep kantor pemda. Pit montor tak pateni mesine karo alon-alon dak surung. Aku nyebar uyah karo ndonga sing didhawuhake Kiai Abdul. Sanadyan omahe Pak Pujaka mung udakara setengah kilometer saka omahe Mas Bas, nanging aku ora wani mampir ing omahe.

Aja-aja ing kono wis didhedhepi Pak Pujaka lan mah crus, hla sida kojur awakku. Adhiku ya ora guneman apa-apa. Kanggone dheweke sing penting tugas iki ndang rampung. Aku ya rumangsa kuwatir ananging kabeh mau diangkah kareben bisa ngluwari barang kang ruwet.

Durung nganti seminggu anggonku bubar nyebar uyah keprungu kabar menawa Pak Pujaka pindhah saka kono. Bojone uga pindhah saka kantore. Kanggo sawetara prekara selingkuhe Mas Bas lan Bu Pujaka ora marakake sirah mumet maneh. Ananging ora swe saka kuwi ana kadadeyan kang padha. Mas Bas kecanthol maneh karo wanita kancane sak kantor sing durung suwe pindhah mrono. Aku lan adhiku mung pandeng-pandengan karo ngulu idu kang kesangkut ing gurung lan krasa pait.

“Kepriye, Le, apa kudhu nyebar uyah meneh awake dhewe wengi iki,” pitakonku marang adhiku.

“Uyahe wis entek, Mas. Kedadeyan kuwi wis kelakon patang taun kapungkur nganti aku dadi wedi arep sesambungan karo prawan sing wis suwe dak gadhang-gadhang dadi sisihanku.”

“Kepriye nek iki dinikahke wae mumpung sing dicantoli Mas Bas saiki statuse randha,” usule adhiku.

“Hus. Mbakyumu ora gelem yen dimaru, trima njaluk pisah,” Mas Kun langsung mangsuli tanpa dak suwun.

“Ngene hlo, Mas. Saiki awake dhewe carane mikir realistis wae. Yen kuwi pancen sing dikarepake Mas Bas lan bisa ngluwari apa sing dikarepke lak ya rapapa. Idhep-idhep nindakake sunahe Kangjeng Rasul. Mas Kun ya pirsa dhewe manawa Mbak Yuni kuwi wis kesel anggone nyambut gawe dadi dhukun manten. Mesthine kebutuhane Mas Bas ora bisa keturutan.”

“Ambumu, Le. Wasis temen saiki sakploke awakmu dadi guru,” Mas Kun ngendhika maneh ananging sajake rada sarujuk karo panemuku.

Sawise amem sedhela  Mas Kun banjur ambal pangandikan,”Ya coba mengko dak omong karo mbakyumu dhisik.”



Sawise paring pangandikan akeh-akeh sidane Mbak Yuni nyarujuki apa sing dadi panemuku. Sore kuwi, aku, adhiku Ian Mas Kun menyang nggone randha ayu kanca kantore Mas Bas saprelu nglamar didadekake sisihane Mas Bas nomer loro.

Tekan omahe randha kembang kuwi atiku kaya dijedorne lawang. Nalika randha kembang kuwi mbukak lawang ora bisa dak ampet kagetku nalika aku nyawang raine,”Esti!” pambengokku terus bubar kuwi aku ora mangerteni maneh ana kadadeyan apa. Ngerti-ngerti aku wis ana ngomah lan dirubung sedulur-sedulurku.

“Le, nyatane meneng-meneng kowe luwih nakal timbang, Mas Bas,” ngendikane Mas Kun. ”Dhik Esti, randha kembang kuwi, crita akeh babagan biyensesambungan karo awakmu ananging wong tuwane ora setuju. Terus kowe nekad nganti Dhik Esti duwe anak siji ora ana bapake. Tibake bapake ya kowe kuwi. Sesambungane Dhik Esti karo Mas Bas kuwi tibake mung sandiwara kanggo mancing tanggung jawabmu sawise Dhik Esti mangerteni manawa Mas Bas kuwi masmu ipe. Saiki gelem ora gelem kowe dak rabekke karo Esti,” ngendikane Mas Kun.

Aku mung bisa manthuk ora bisa uwal saka tanggung jawab. Aku dhewe ya rumangsa seneng amarga anggonku ora rabi nganti seprene iki ngenteni palilahe ibune Esti.

Seminggu sawise kuwi aku kelakon dadi manten sanadyan mung climen. Atiku bungah banget. Mas Bas ngadho aku wedhus putih karo paring pangandikan Iirih ing kupingku,”Dhik, iki wedhus putih. Sanadyan dikumbah lan disabuni jenenge tetep wedhus.” Aku ngguyu kepingkel-pingkel nganti wetengku atos. Esti mandeng aku kanthi penyawang kebak rasa tresna.

 

Wonogiri 2012

Didit Setyo Nugroho

Dedeunung ing Tunggul RT 004/RW 002, Giriwono, Wonogiri

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya