SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Neng gerdhu lor desa, Tumijan lagi kejenggreng. Udan akhir rendheng isih nggrojog neng bumi. Tukang becak sing biyasa mangkal neng ngarep Terminal Gayatri iki angop bola-bali. Awak krasa lungkrah. Nggenjot becak sedina muput mung oleh dhuwit seket ewu, sawise disuda nggo sarapan lan mangan awan neng warunge Yu Minah, kidul terminal.

“Ah, wis meh tengah wengi,” Tumijan nggresah. Kupinge krungu jam temboke Kaji Kohar wetan Mesjid Nurul Huda kuwi muni ping sewelas. “Yen panggah udan deres ngene iki, aku isa kebetheng neng kene tekan Subuh,” sambunge wong lanang umur seket lima taun, anak lima, putu telu iki.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Tenan, nganti jam siji udan tansaya deres. Thathit lan gludhug isih gumleger pisan-pindho. Lampu ndhuwur gerdhu katon surem, krana kalah karo cebloke udan ora prei-prei. Banyu sing mili neng dalan ngarep gerdhu malah mlebu njero, krana bantere banyu mudhun saka langit. Nalika sirahe kebenthus tembok gerdhu saking ngantuke, Tumijan krungu swara pating krosag neraki pari sing sumebar subur neng sawah-sawah sandhing kono.

“Swara apa kuwi?” Tumijan njenggirat kaget, sebab neng sela-selane swara kaya wong angon bebek mau, pating cricit. “Ah..kok…kok…kaya swarane tikus? Bener tikus! Masya Allah,” Tumijan kamitenggengen maspadakake ewon tikus nyebrang dalan gedhe kidul gerdhu.

Ekspedisi Mudik 2024

Tikus sing ketok neng sureme lampu dalan ukuran luwih gedhe tinimbang tikus lumrahe. Racake meh padha karo cemeng, nyedhaki tikel loro dibandhing tikus biyasa. Kulite ora klawu, ning ireng nggancleng kaya areng.

“Hayo…hayo terus ngulon. Aja mandheg,” keprungu swara gembrenggeng, intonasi kuwat, marahi mengkirigake ulu:”Hei…hei…kuwi..kuwi…sing lor galengan. Aja sing kidul iki,” swara tanpa wujud mau aweh komandho, karo nyabetake pecut.

Gemrudug, tikus-tikus mau terus mlaku kanthi rancak, krosag..krosag….krosag. Wit-wit pari padha ambruk, sebab ulene ditelungake tikus-tikus mau ngangge congore sing kaya abang mbranang, metu geni saka kono. Ora butuh etungan menit, pari atusan ewon wit duweke Mardan Brengos kuwi wis tapis tanpa sisa.

“Saiki dha ngobahake sikile ngidul sethithik.” Rhhhheeeeeeg. Tikus-tikus mau menggok ngidul. Mandheg ..jegreg. Tekan sawahe Jakung Jabrig, tukang ado jago lan boss judhi neng Surabaya kuwi, tikus ngraman maneh. Padha karo neng sawahe Mardan Brengos, pari sakamprah-amprah ludhes kari damene.

“Mengko yen tekan sawahe Jumingan, sawahe Markum lan sawahe Mbah Gambreng, kowe kabeh ora oleh mandheg. Najan pari neng kono ulene dawa-dawa, parine menthes kebak isi, kowe kabeh ora kena ngiler. Kabeh kuwi sawahe wong ringkih, sawahe wong kesrakat, sawahe wong sekeng sing banget tansaya senen-kemis uripe keterak amukane Covid-19.”

Swara gumleger kaya gludhug kuwi jan jelas banget mlebu kupinge Tumijan. Wong-wong sing dha manggon kiwa-tengene sawah kana melu krungu apa ora, Tumijan ora ngerti. Mung wae, menit-menit bacute, Tumijan ora eling apa-apa.

Mbarengi karo khidmate adan Subuh, Tumijan digugah Munir, bakul sayur sing lagi mulih saka adol dagangan neng Pasar Ngemplak, sepuluh kilometer adohe saka Desa Cumpleng kene.

“Keturon Kang Jan?” takone Munir menyang tanggane iki.

“Ho-oh,” ujare Tumijan lirih, gragapan, kaya mentas tangi saka ngimpi.

“Kadingaren, Kang. Adate bubar Magrib sampeyan wis tekan omah, ta.”

“Keri-keri iki tambah sepi, Nir. Wong lelungan numpak becak tansaya ilang. Akehe pit montor, akehe mobil, numpuke angkutan daring kaya dene gojek lan grab, malah ndadekake tukang becak kaya aku iki klepeg-klepeg.”

“Kaya unen-unen: hidup segan mati tak mau, kae. Iya, Kang?”

“Bener, Nir. Aku dhewe bingung, arep kerja apa? Wiwit taun sangang puluh siji biyen aku mung dadi tukang narik becak. Arep kerja liyane, kidhung. Buruh tani mung arang kadhing. Yen eneng wong ngongkon, daktandangi. Yen ora ya, ngaplo. Abot-entheng panggah wae mancal becak maneh.”

“Ya, …piye maneh, Kang. Kabeh wis tinakdir Gusti Allah. Menungsa kari nglakoni. Usaha sapole, sinambi ndonga lan pasrah, sumendhe marang Sing Murbeng Dumadi.”

“Bener, Nir. Wong miskin kaya aku ngene iki, ora isa duwe omah apik, ora isa mangan wareg, ora isa seneng-seneng kaya wong sugih kae, saora-orane isih duwe pengarep-arep.”

“Pangarep-arep urip mulya neng akhirat? Ngono, Kang?”

“Kok kowe isa maca isi atiku, Nir?”

Munir ngguyu tipis karo kandha:”Mesthi wae paham uneg-unege ati sampeyan, Kang. Lha saben mulih saka mesjid kae sampeyan kandha ngono mau, kok.”

“He…he…he..iya, ya. Aku malah lali, Nir.”

“Pantes, Kang. Tambahe umur rak ndadekake wong gampang lalen.”



“Sauger ora pikun ta. Nir?”

“Muga-muga, Kang.”

“Wis, ya, Kang. Donga dinonga wae. Ketoke sampeyan pucet. Kurang ngaso, Kang,” unine Munir karo terus mancal spedhae ngetan parane. Omahe Munir pancen mung limolas meter wetane Tumijan.

Apa sing mau bengi dialami Tumijan ora dikandhakake Munir. Wedi yen diarani nyebarake kabar ngayawara, kabar hoaks sing yen dianggep ora kabukten isa dijerat pasal-pasal berat neng Undhang-Undhang ITE.

Jam enem esuk, warga kekiter desa Cumpleng geger. Atusan wong dha gembrudug neng sawah, nyawang pari pirang-pirang kedhok ludhes dimangsa “mahkluk” sing ora tinemu nalar. Kamangka wingi sore, tanduran pangan andelane kadang tani kuwi isih utuh-mlenuh.

“Pariku paling super, paling kondhang neng desa kene. Yen tangga-tangga sawah kene mung eceg-eceg, pariku isa ngasilake kuwalitas hebat sing nambahi tumpukan bandhaku,” pamere Jakung Jabrig lan Mardan Brengos, angkuh.

Kabar sing kebak misteri ngene iki njur narik kawigatene para wong sing seneng ngunggah warta mau menyang Youtube. Krana dadi kawigateni puluhan ewon viewer, kabar mawa irah-irahan “Tikus Ampak-Ampak luluh-lantakkan hektaran padi milik petani sombong”, wusanane viral neng ngendi-endi

Dawam
Sutresna Sastra Jawa, dedunung ing RT 005/ RW 001 Sanggrahan, Boyolangu, Tulungagung, Jawa Timur.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya