Jagad-jawa
Kamis, 10 Mei 2012 - 08:42 WIB

CERKAK: Testing Basa Jawa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

“Bocah-bocah, aja lali sinau ya. Suk Senen wis wiwit testing. Bu Guru ndongakke muga-muga kowe kabeh bisa nggarap ujian lan antuk biji apik”. Mangkono pratelane Bu Guru sadurunge mungkasi jam pelajaran awan kuwi.
Dina Setu kuwi, murid-murid SD ing pinggiran Kutha Solo pancen isih ana pelajaran. Jam pelajarane diisi kegiyatan nggarap soal bareng-bareng. Bubar latiyan soal, Bu Guru ora lali ngandhani murid-murid lan mbombong atine supaya wayah testing sesuk padha semangat sinau lan wusanane bisa antuk biji sing apik kabeh.
Nalika Bu Guru ngandhani rena-rena kaya ngono kuwi, Lilik ya krungu dhewe. Nanging dhasare Lilik kuwi bocahe rada bandhel, dadine apa sing dingendikakake Bu Guru bebasan mlebu kuping kiwa metu kuping tengen.
Budi, kanca sakbangkune, sajane ya ora kendhat anggone ngandhani kanca kenthele kuwi. Nanging dhasare Lilik iku bocah mbrengkele, dadi dikandhani bab sing becik malah semune dipaido.
Apa maneh sinau. Mbukak buku wae rasane aras-arasen. Nalika ana wulangan, kadhang kala malah gawe kepekan barang. Begjane wae Bu Guru ora pirsa. Mula kuwi, sanajan ora tau sinau nanging bijine Lilik ya ora tau elek. Sanajan ora tau antuk biji 10, paling ora bijine sadhuwure 6.
Dina Minggu, kabeh kancane Lilik padha sinau ing omah. Kabeh padha mbukak buku pelajarane sing kanggo bahan testing sesuk. Amung Lilik wae sing beda, wegah sinau, malah milih dolanan playstation (PS) ing rental PS ing prapatan. Udakara rong jam anggone dolanan PS, Lilik banjur mulih.
Nalika njupuk pit BMX-e sing diparkir ing ngarep rental PS, Lilik disapa dening Asih, kanca sekolahe. Wektu kuwi Asih lagi mulih saka blanja bumbon ing warung prapatan.
“Hlo kok malah dolanan PS Lik. Ora sinau ta? Sesuk lak testing ta?” pitakone Asih.
“Hla kowe dhewe ya ora sinau ngono kok, ndadak ngakon-akon sinau kancane,” wangsulane Lilik rada nylekit ing kuping.
“Aku wis sinau Lik. Iki aku lagi diutus ibuku tumbas lombok karo brambang nggone Yu Katmi,” ujare Asih kanthi sabar.
“Apa yen tuku lombok karo brambang banjur dadi pinter? Bisa nambah bijimu sesuk?” Antok tambah nylekit amarga ora kasil mancing muntabe Asih kanthi ukarane sing dhisik mau. Pancen dhasare Asih kuwi bocah wadon sing sabar lan bisa mangerteni wataking liyan. Dadi nalika carane omong Lilik ngono kuwi, blas siji-sijia ora dilebokke ati.
“Ya ora ngreti. Sing baku bisa nambah katresnane ibuku marang aku. Sapa ngreti kanthi tambah tresnane, ibu banjur ndonga akeh kanggo aku supaya aku bisa nggarap soal testing kanthi gampang,” ujare Asih.
“Ya wis sakomong-omongmu Sih. Hla terus sing mbok sinau apa?”
“Sesuk lak testinge Basa Jawa. Ya buku pelajaran basa Jawane awake dhewe kuwi dak bukak lan dak waca sakabehe. Wong jarene Bu Guru, bahan testinge ya akeh sing dijupukke saka buku kuwi”.
“Hmmm….ya wis. Neknu dak mulih sik. Aku arep sinau”.
“Nha..ngono kuwi bocah pinter. Sesuk testing, ora kanggo dolanan, nanging kango sinau”.
‘Iya..iya”.
Sapungkure saka papan iku, Lilik banjur nuju kamare. Lilik coba mbukak buku Basa Jawane sing isih katon rapi. Ya memper, jalaran ora tau dibukak. Upamane dibukak, paling suwe amung sakmenit. Bubar kuwi langsung diselehke. Alesane sinau basa Jawa kuwi angel lan ruwet.
“Aaaah……Piye iki. Buku kok isine kaya ngene,” Lilik nggresah sinambi nguncalke bukune menyang ndhuwur amben. Dheweke kepikiran arep gawe kepekan, nanging malah bingung dhewe.
Nalika arep ngeluk geger ing amben, Lilik dumadakan kelingan omongane Asih mau. Sola testing Basa Jawa akeh sing dijupukke saka buku kuwi. Gage-gage buku sing wis diuncalke mau diranggeh maneh lan njajal dibukaki kacane. Nanging lagi antuk sakaca, Lilik wis krasa bosen. Mripate dadi kaya enek sing nggandul abot.
“Aaahh…..Ya wis lah”. Lilik nggresula marang kahanane.
“O iya. Ngene wae, mesthi gampang,” batine Lilik sinambi lunga mak klepat nuju ngarepan.
Ing papan kuwi, buku Basa Jawa mau banjur diobong. Sawuse dadi awu, banjur dijumputi lan diwadhahi tatakan. Lilik banjur njupuk kendhi sing padatan kanggo adah wedang putih kulawargane. Awu buku Basa Jawa mau banjur dicemplungke sithik mbaka sithik ing njero kendhi. Bubar kuwi, kendhine dicurke ing gelas cilik.
“Srupuuuttttttttt”. Lilik katon seger ngombe banyu putih saka kendhi, sanajan dheweke ya semune ora kolu nalika lambene katutan awu buku.
“Muga-muga kanthi cara ngene iki, aku bisa nggarap soal testing sesuk. Dadine ora usah repot-repot sinau barang. Wong isi bukune ya wis dak ombe, genahe sesuk aku dadi mudheng kabeh soal testinge.”

***

Advertisement

Tangane Lilik kukur-kukur sirah nalika maca soal testing basa Jawa sing saiki ana ing mejane.
“Blaik. Iki soal apa ta ya? Kok aku ora mudheng blas. Adhuhhhh!!!” Lilik kukur-kukur sirahe sing sakjane ora gatel.
Sasuwene mikir garapan, dumadakan keprungu swara bel banter banget pratandha wektu kanggo nggarap soal testing wis entek. Kabeh murid banjur nglereni garapane. Lan siji mbaka siji maju nggawa garapane, ditumpuk ing mejane Bu Guru.
Keri dhewe Lilik. Kuwi wae ora ana separo soale sing wis kisen garapan. Lilik pasrah marang nasibe. Dheweke getun banget lan dadi sadhar. Apa sing dilakoni wingi kleru. Ngobong buku pelajaran, banjur awune diwurke banyu, banjur diombe. Genah ora bakal nyanthol ing pikiran. Genahe ya ora bakal ndadekake pinter kanthi sakkal.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif