Jagad-jawa
Minggu, 21 Maret 2021 - 22:13 WIB

Cerkak Tato Gambar Naga

Newswire  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

“Wis, ora susah nyekel mik, ora susah adan, wis ana petugase dhewe!” aloke Hamid nalika Narto klithih-klithih nyedhak ing perangan ampli. Niyate apik, kepengin adan, senajan suwarane durung apik, nanging rumangsa wis apal lan tatag. Lakune sing klithih-klithih kuwi dudu patrape arep colong jupuk kaya lakune sing biyen-biyen, nanging wedi sajak ana sing menging. Jebul temenan, durung tekan papan sing dituju, Hamid wis menggak. Narto mandheg, mundur nuli lungguh sila meneh, nunggu sapa-sapa sing dadi petugas adan Subuh.

“Cap” ndlemok masarakat ngenani tato kebacut garing kepara nyawiji antarane getih lan daging. Angel anggone ilang. Tato iku padha karo preman, rusak, laku ma lima, murang tata, lan kabeh cap kang ndumuk pakarti ala. Senajan dinane iki akeh wong kang nato awake kanthi alesan seni. Kaya kang asring diprangguli yaiku para artis utawa seniman kang tampil ana tipi. Tanpa tidha-tidha, wedi, isin, utawa kuwatir dicap ala dening pamirsa lan sapa bae mengkone sing padha weruh. Geneya?

Advertisement

Wong-wong kang jarene seniman kuwi wis mapan uripe, duwe wektu lodhang kanggo ngapa bae, duwe daya mujudake kabeh angen-angene, sebab kuncine wis dicekel, yaiku dhuwit. Dhuwite wong-wong kuwi genah wis kandel. Saparipolahe bisa gawe jenenge tambah ndedel. Dhuwite ing rekeninge uga tambah minthel.

Beda karo aku lan kowe, coba bae yen wani nato ing lengen, dhadha, janggut, kencet, pupu, utawa ing perangan wadi sing jare bisa nambahi birahi, sida kena ukum cap kuwi mau. Masarakat mesthi langsung nemplekake “status” yen aku lan kowe wis nalisir saka wewaler lan tata krama. Bandha cupet, obah bae mung ugat-uget kok arep kumawani ngranggeh pakarti aneh-aneh. Bisa-bisa malah salah lan bacute seleh.

Advertisement

Beda karo aku lan kowe, coba bae yen wani nato ing lengen, dhadha, janggut, kencet, pupu, utawa ing perangan wadi sing jare bisa nambahi birahi, sida kena ukum cap kuwi mau. Masarakat mesthi langsung nemplekake “status” yen aku lan kowe wis nalisir saka wewaler lan tata krama. Bandha cupet, obah bae mung ugat-uget kok arep kumawani ngranggeh pakarti aneh-aneh. Bisa-bisa malah salah lan bacute seleh.

Duga lan rumangsa wis cumondhok ing anggane Narto. Bener-bener kapok, nalika kepregok laku duratmaka ngembat branane Pak Mul, sawijining punggawa praja kabupaten. Biyen dhek durung kadenangan, tau mbegal, ngrampok, lan kabeh penguripane dikebaki pakarti durjana. Malah nalika kembet karo randha tangga desa lan ngglembuk bojone pegawe negri Dinas Sosial sajak kemput, tutug, ora ana preman liyane sing ngganggu kabeh parigawene.

Pak Mul duwe pistul, wujud saklar cilik kang sewayah-wayah bisa dipejet, nuli sabregada prajurit sragam coklat-coklat sikep gaman tumidak. Narto kabukten ndhodhos lawang regol bablas ngemplang rajabrana. Eman, sikil ndadak nyandhung tempolong, nuli Pak Mul tangi. Saklar Bel prajurit nuli dipejet, sikil kang nyandhung tempolong sida dadi bolong katembus mimise prajurit coklat-coklat kang pancen siyaga saben wektu njaga keslametane Pak Mul.

Advertisement

Perkara mlebu bui, ya sing keri iki, Narto nemu bandha aji. Nemu jati dhiri. Lamun apa kang diusahani kabeh bakal bali ing dalan siji, yaiku pati. Nalika daya kekuwatane wis ora sentosa, nalika gambar tato naga ora duwe pangaribawa, luwih-luwih nalika wis bisa uwal saka kunjara, nanging masarakat durung bisa nampa. Rasa-rasane mung dadi bathang kadunungan nyawa.

Senajan jobin emper mesjid dadi ambah-ambahane saben limang wektu, kepara ditambah tirakat tengah wengi, nabuh bedhug nabuh kenthongan ajak-ajak waga marang dalan kamulyan. Tato gambar naga ing lengene, uga wis dislomoti, dibusek tandhes, tanpa nipak gambar ula naga meneh. Nanging kabeh mau ora ana sing dianggep, ora kanggo, ora mercayani.

“Ayo dicekel saiki bae!”

Advertisement

“Paling-paling mung lamis, ethok-ethok ngalim, nindake Subuhan barang. Genah kuwi malinge, sapa meneh?”

Wong-wong bengak-bengok saka plataran mesjid, cacahe tansaya akeh. Dudu arep melu jamangah Subuh, nanging mburu maling. Nutuh lan ndakwa patrap maling. Ing pikirane wong-wong gemruduk kuwi duwe cap kandel ngenani tato naga ing lengene Narto. Mula patut didakwa maling sing dumadi sadurunge Subuh iki mau. Narto dicekel, dirangket, dadi panguman-umane warga, diseret menyang kantor pulisi tanpa suwala.

Esuke, dening pulisi Narto dikirim menyang rutan, papan sekolahe Narto lawasan. Narto banget apal. Apal dalane, apal para petugase, apal kamar-kamar krangkengane, apal kanca-kancane kang durung rampung ngaji ngetung cacahe ruji wesi. Nanging Narto durung apal marang paraga siji sing isih resik, gagah merbawani.

Advertisement

Ngadeg kurang mitayani ing njeron krangkeng wesi. Yen disetitekake, kaya-kaya nate mrangguli. Ya, paraga kuwi sing biyen garang mejet saklar ngundang prajurit soklat-soklat sikep gaman. Paraga kang nuding prajurit supaya aweh bebungah mimis ing kencete. Pak Mul, ujare kadakwa ngunthet dhuwit negara puluhan milyar. Bandha bandhu sing dijupuk Narto biyen ora ana saprosepuluhe brana sing diunthet Pak Mul.

“Pak Pulisi, ngapunten, napa Narto saged kula suwun wangsul. Niki kok angsal lapuran, malinge wau dalu sanes Narto, katlacak wonten barang bukti wujude hape kang dhawah ing sandhing kandhang mendane Sarno, sing kemalingan.” Hamid krenggosan nututi Narto, krenggosan merga getihe kebak pandakwa ala. Narto semeleh, duga rumangsa kang cumondhok ing atine dadi reja. Lambe kang kebacut nyonyor iku isih bisa mesem. Eseme Narto dituduhake marang Hamid, pulisi, para petugas rutan, lan sing luwih utama kanggo awake dhewe. Kabeh kudu dilakoni, senajan kudu nemahi pati. Ula naga ing lengene Narto saiki wis pindhah ing paraga gagah merbawani.

“Apa paraga iki klebu seniman nanging tanpa tato naga? Alus, resik, anggone nguntal brana. Saiki arep pasa, muga-muga bae dudu meper wengise wisa.” Gunem njeron atine Narto kemrisik nanggor ruji-ruji wesi kunjara. Kandheg nalika mripate tempuk karo Pak Mul.

 

Kebumen, 6 Februari 2021

 

Eko Wahyudi Merapi, nulis cerkak lan geguritan. Dedunung ing Kebumen.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif