Jagad-jawa
Jumat, 20 Mei 2022 - 21:20 WIB

Cerkak Sugeng Paskah Pak RT

D. Roch Ediyanto  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Dina Minggu kira-kira tabuh loro sore Bu Guru mlampah ngalor thinik-thinik ing dalan gedhe Dhusun Selamarta. Warga sadhusun kabeh nggatekake tindake Bu Guru sing katone age-age sajak piye ngono. Kabeh warga ngerti sapa kuwi Bu Guru.

Sejatine Bu Guru iku dudu guru. Amarga dadi garwane Pak Parto sing dadi guru SD banjur diundang Bu Guru. Janjane jenenge ki Sugiyem. Aku ya nggumun kok bisa mangkono. Kamangka Mbak Marfuah sing wis diangkat dadi guru P3K lan wis mulang dadi guru honorer 13 taun ora nate diundang Bu Guru. Kabeh warga malah ngundange Mbak Mar.

Advertisement

“Badhe tindak pundi Bu Guru?” pitakone Mbah Minah sing lagi mlampah ngidul.

“Badhe dhateng dalemipun Mbak Mar, Mbah.” wangsulane Bu Guru.

“Mbak Mar wonten pos rondha menika Bu. Piyambakipun nembe ngempal kaliyan pengurus Karangtaruna,” ature Mbah Minah.

“Matur nuwun Mbah infonipun. Kula teng pos rondha kemawon,” ature Bu Guru.

“Prayogi mekaten Bu Guru,” sarane Mbah Minah.

Bu Guru kagungan kersa apa ya, kok nggoleki Mbak Mar. Ketoke nyalawadi ngono. Pancene Mbak Mar enthengan. Diajak ngapa wae, dheweke gumregah anggere tujuwane becik.

Mbak Mar ki sanajan dadi guru P3K sing gajine durung cetha, seprene durung nampa gaji. Ananging yen diajak sosial, dheweke seneng banget. Mangkono pangudarasane Mbah Minah.

Advertisement

“Badhe tindak pundi Bu Guru?” pitakone Tarjo, ketua Karangtaruna.

“Arep ketemu Mbak Mar iku,” wangsulane Bu Guru karo nduding Mbak Mar.

“Wonten dhawuh Bu Guru?” pitakone Mbak Mar.

“Kancanana aku sowan Pak RT! Aku ora wani dhewekan,” ature Bu Guru.

“Lha wonten menapa kok mboten wantun sowan piyambakan?” pitakone Mbak Mar.

“Apa Mbak Mar kesupen? Nalika Natal kepungkur aku sowan Pak RT dhewekan. Aku dioyak-oyak asune Pak RT ana jogane sing jembar. Aku digacar-gacar asune karo njegog-njegog nganti aku kepuyuh-puyuh, ngompol ngenggon,” celathune Bu Guru.

Mbak Mar ngguyu nyekakak kelingan critane Bu Guru mbiyen. Tarjo, Parman, lan Tumini melu ngguyu sanajan ora ngerti crita jangkepe. Yen ngerti, sansaya dawa ngguyune.

Advertisement

“Wonten perlu menapa ta, Bu Guru kok badhe sowan Pak RT?” pitakone Mbak Mar.

“Sik, aku dakcrita sedhela, mumpung ana pengurus Karangtaruna. Saiki dina Minggu Paskah. Dina gedhe tumrape Pak RT lan umat Kristiani sajagad. Mulane awake dhewe perlu sowan Pak RT! Ayo ngaturake sugeng paskah lan ndherek bungah-bungah karo keluwargane. Kanthi cara iki kita mujudake program Selamarta Dhusun Toleransi,” ature Bu Guru.

“Inggih Bu Guru. Kula setuju. Kula siap,” wangsulane Mbak Mar bebarengan karo pengurus Karangtaruna.

“Sekedhap Bu Guru, kula badhe matur. Kadosipun dinten Jumat kapengker Bu, dinten agengipun. Awit Jumat kapengker tanggal merah. Kula mboten sekolah PTM [Pembelajaran Tatap Muka]. Sedayanipun sami prei,” celathune Tarjo.

“Bener kandhamu Jo. Jumat kepungkur tanggal abang mengeti Wafat Isa Almasih. Umat Kristiani ngarani dina Seda Dalem Gusti Yesus. Dina Minggu iki mengeti Wungu Dalem Gusti Yesus. Ana ing kapitayan Kristiani Gusti Yesus seda lajeng wungu saking seda ing dina kaping telu. Dadine Gusti Yesus iku seda dina Jumat lan wunggu saking seda dina Minggu,” ature Bu Guru kanthi cetha.

“Oooo, mekaten ta Bu. Nembe mudheng kula,” celathune Tumini.

“Bu Guru kula badhe tanglet Bu. Ampun duka nggih Bu? Njenengan niku kok wasis sanget lan canthas. Panjenengan saged njlentrehaken piwucalipun iman Kristiani kanthi gamblang. Menapa Panjenengan mualaf Bu?” pitakone Mbak Mar.

Advertisement

“Aku wiwit cilik muslim. Bapakku haji lan ibuku hajah. Ilmuku babagan agama Islam wis luwih saka cukup. Aku mulang ngaji wiwit bojoku manggon ing Dhusun Selamarta nganti saiki. Sing dakajari ngaji dhisik dhewe ana bocah lima. Sing telu omah-omah ana Jakarta. Sing loro Parno karo Parni. Ndilalah wong loro iku bebojoan lan mapan ing Selamarta kene. Anake sing mbarep wis omah-omah, sing ragil isih sekolah ing SMK. Aku ngerti piwulang iman Kristiani merga aku nate sekolah ing SD Kanisius. Kajaba kuwi aku uga maca buku lan maca ing Internet. Babagan iki jenenge ilmu pengetahuan. Yen awake dhewe sinau lan mangerteni piwulange agama Budha apa awake dhewe kudu ngrasuk agama Budha? Samono uga yen aku sinau lan mangerteni piwulange iman Kristiani apa aku kudu ngrasuk agama Kristen apa agama Katolik? Lak ora mangkono ta? Buktine, aku tetep dadi wong muslim, aku Islam sejati,” ature Bu Guru kanthi cetha.

“Bu Guru pancen cerdas, lan oke banget,” ature Mbak Mar bareng karo kancane.

Wong lima iku age-age mlaku, malah ana sing mlayu ninggalake pos rondha tumuju daleme Pak RT. Kabeh padha duwe pangarep-arep sing gedhe marang apa sing wis diputusake. Kabeh uga mbudidaya amrih bisane kaleksanan program Selamarta Dhusun Toleransi. Kabeh warga yakin menawa program kaleksanan warga bakale ngrasakake urip ayem tentrem lan rukun siji lan sijine sanajan ta beda-beda agamane.

“Kulanuwun, Pak RT,” ature Bu Guru minangka wakil rombongan.

“Mangga, mangga. Katuran pinarak nglebet!” ature Pak RT.

Bu Guru sarombongan mlebu daleme Pak RT. Ora suwe kursi tamu wis kelungguhan kabeh. Kursi sing dawa dilenggahi Pak RT lan Bu RT. Kabeh padha lenggah tumata rapi.

“Rebat cekap, Pak RT lan Bu RT. Kula minangka wakil rombongan menika keparenga kula matur. Sepisan, ngaturi uninga bilih sowan kula sarombongan ing ngriki saperlu silaturahmi, tuwi kawilujengan. Kaping kalihipun kula sarombongan ngaturaken Sugeng Paskah kagem Pak RT sabrayat. Mugi karana wunggu Dalem Gusti Yesus Panjenengan sabrayat pinaringan kamenangan, pengampunan, lan pengajeng-ajeng ingkang enggal ing Gusti. Sugeng Paskah Alleluia. Mugi-mugi Gusti tansah paring berkah suka gambira, ayem tentrem, lan kabegjan sejatos dhateng Pak RT sabrayat. Sumrambah dhateng warga Selamarta lan sedaya umat ing saindenging jagad. Mugi wungu Dalem Gusti Yesus damel swarga lan donya penuh ing kamulyan Dalem Gusti. Linuhurna ing salami-lami. Cekap semanten lan ugi mekaten anggen kula matur. Wonten kekirangan, kalepatan tuwin sasar susur anggen kula matur kula nyuwun agenging pangaksami,” ature Bu Guru.

Advertisement

“Sugeng Paskah Pak RT,” ature wong lima.

Happy Easter to you and your family. May the meaning of Easter in your life and you along with you family experience the renewal of love and happiness,” celathune Tumini.

Kabeh padha gumun lan cingak nalika Tumini sumela atur banjur celathu nganggo Basa Inggris kanthi lancar.

“Tumini keren bisa ngomong Basa Inggris. Tegese apa ukaramu kuwi Tum?” pitakone Bu Guru.

“Mangke kersanipun dipun jlentrehaken Pak RT, Bu Guru. Pak RT menika dados guru Basa Inggris ing SMP Bu,” wangsulane Tumini.

Suwasana sepi sedhela. Kabeh padha sawang-sawangan, ora ana sing nyuwara. Kabeh padha anteng. Ora ana sing ngerti apa sing kasimpen ing atine wong-wong iku. Ora suwe banjur keprungu suwara, Pak RT ngendika.

“Matur nuwun Bu Guru. Panjenengan sarombongan sampun keraya-raya rawuh ing griya kula. Atur panjenengan sarombongan magepokan dinten Paskah, kula tampi kanthi bingahing manah. Lan ugi aturipun Dhik Tumini kula tampi kanthi bingah. Ukaranipun Dhik Tumini kala wau menawi dipundamel Basa Jawa kinten-kinten mekaten. Sugeng Paskah kagem panjenengan lan brayat panjenengan. Mugi makna Paskah tercermin ing gesang panjenengan lan panjenengan sabrayat ngalami pembaruan cinta lan kebahagiaan. Kira-kira mangkono karepe Dik Tumini. Sengaja terjemahane dakgawe campur karo Basa Indonesia supaya nom-noman Karangtaruna iki padha gampang mangerteni,” ature Pak RT kanthi gamblang.

Advertisement

“Nyuwun pangapunten Bu Guru lan nem-neman Karangtaruna. Gandheng panjenengan sedaya sami siyam atawi pasa, kula mboten saged nyaosi unjukan lan dhaharan. Pramila panjenengan lajengaken kemawon pangandikan kaliyan Pak RT. Kula badhe nglajengaken ngronce utawi menghias tumpeng Paskah,” ature Bu RT karo nduding tumpeng Paskah.

“Kula sarombongan niki saged ngrencangi nggih Bu?’ pitakone Bu Guru.

“Saged kemawon menawi kersa,” wangsulane Bu RT.

Kebeh banjur mlaku tumuju tumpeng Paskah ing meja amba ing jogan sisih wetan. Bu Guru lan kanca-kancane jumeneng ngubengi tumpeng. Kabeh padha gumun mangerteni tumpeng Paskah sing endah.

“Bu Guru wonten menapa kok mesam-mesem. Kadosipun ngampet ngguyu?” pitakone Mbak Mar.

“Aku kelingan Natal kepungkur. Aku munggah meja gedhe sing ana tumpenge iki. Aku dioyak-oyak segawone Pak RT,” celathune Bu Guru karo ngguyu.

Krungu anggone Bu Guru ngguyu kemekelen, Pak RT, Mbak Mar lan nom-noman Karangtaruna melu ngguyu kabeh. Saya suwe sansaya seru ngguyune. Sawise rampung suwara guyu, Mbak Mar celathu.

Advertisement

“Nembe niki Bu, kula ningali tumpeng Paskah. Kejawi endah, tumpeng menika ugi jangkep sanget. Maknanipun menapa Bu, tumpeng Paskah lan ubarampenipun menika?” pitakone Mbak Mar.

“Menawi maknanipun, Pak RT ingkang wasis menawi njlentrehaken. Mangga Pak RT keparenga ngaturaken wangsulanipun, pitakenanipun Mbak Mar!” ature Bu RT.

Kabeh padha noleh marang Pak RT. Lumantar pancar mripate Mbak Mar lan nom-noman iku pengin banget enggal ngerteni maknane tumpeng Paskah lan ubarampene.

”Mekaten para sedherek sedaya. Tumpeng Paskah menika kadadosan saking kalih tembung. Inggih menika, tumpeng lan Paskah. Tumpeng menika kerata basa utawi jarwa dhosokipun tumenga mring pengeran. Wondene, Paskah tegesipun Gusti langkung nylametaken. Dados tumpeng Paskah maknanipun manah ingkang tinarbuka, tumenga kagem Gusti ingkang langkung kangge nylametaken umatipun. Lajeng menika wonten ingkung lan endog utawi limrah dipunwastani telur Paskah. Ingkung menika mralambangaken pangurbanan Gusti Yesus ingkang seda sinalib ing redi Golgota kangge nebus dosaning manungsa. Wondene telur Paskah mralambangaken gesang enggal manungsa. Gesang enggal sasampunipun dipuntebus dosanipun saking pangurbananipun Gusti Yesus,” ature Pak RT.

“Interupsi sekedhap Pak RT,” Bu Guru sumela atur. ”Nembe niki Pak RT, kula mudheng maknanipun tumpeng Paskah. Lumantar tumpeng Paskah menapa wonten tujuwan ingkang badhe kagayuh tumraping umat Kristiani?” pitakone Bu Guru.

“Lumantar tumpeng Paskah, umat Kristiani dipunsuwun nggadhahi manah ingkang tinarbuka lan nampi Gusti ingkang langkung paring keslametan. Umat Kristiani ingkang sampun tinebus karana pangurbanan Gusti Yesus kedah ngraosaken gesang enggal. Gesang ingkang penuh ing katresnan Dalem Gusti. Kanthi gesang enggal menika umat Kristiani kedah ngedalaken woh ingkang sae kagem sedaya umat Dalem Gusti,” ature Pak RT.

Kabeh padha sumringah sawise mirengake ngendikane Pak RT. Wong-wong iku padha sawang-sawangan. Lumantar pasuryane wong-wong iku bisa dikira-kira yen atine kebak ing kabungahan.

“Bu Guru, Mbak Mar, lan pengurus Karangtaruna. Menawi Panjenengan sedaya mboten kawratan lan mboten nerak paugeran agami panjenengan. Mliginipun babagan siyam utawi pasa. Keparenga mangke kersa rawuh ing griya menika saperlu dhahar buka sesarengan mawi tumpeng menika. Utawi dhahar sesarengan sabibaripun taraweh mangke. Wondene wonten pambenganipun inggih mboten menapa-napa,” ature Bu RT kanthi lembah manah.

“Matur nuwun Bu RT menggah sedaya kasaenan panjenengan. Babagan dhahar buka sesarengan menika badhe kula aturaken rumiyin dhateng Pak Ustad. Menawi dipunparengaken kula sarombongan mangke badhe sowan mriki malih. Menawi mboten dipunparengaken kula minangka wakil rombongan menika, nyuwun agenging pangaksami. Ingkang baken kula sarombongan sampun ndherek bingah ing dinten Paskah menika. Mugi-mugi dinten-dinten candhakipun kita pinaringan kamulyan Dalem Gusti. Kita ugi saged mujudaken program Selamarta Dhusun Toleransi,” ature Bu Guru.

Bu Guru, Mbak Mar, lan nom-noman Karangtaruna kanthi bungah ninggalake daleme Pak RT. Wong lima mlaku bebarengan, banjur mencar tumuju omahe dhewe-dhewe. Ora ana sing ngerti apa sing kasimpen ing ati lan pikirane wong lima iku, kajaba dhiri pribadine dhewe-dhewe. Nanging ana siji sing wis disarujuki yaiku mujudake program Selamarta Dhusun Toleransi. Sanajan ta ora gampang, kebak pepalang.

D. Roch Ediyanto
Guru SMP Kanisius Wonogiri
Jl. Durian No. 9 Wonogiri 57612.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif