Kategori: Jagad Jawa

Cerkak Njaluk Sing Luwih Akeh


Solopos.com/Newswire

Esuk kuwi sanajan srengenge wis penther, Kang Pardi isih ngringkel kemul sarung neng amben lemekan klasa pandhan sing wis dha amoh. Kamangka bisayase bubar subuh Kang Pardi wis nggleser nyangklong bumbung pring dicanthelke ubel-ubelan gombal sing diubetke neng bangkekan, menyang tegalan saperlu nderes badhek klapa.

Panggotane Kang Pardi bakune pancen nderes klapa kanggo bahan gawe gula Jawa. Saliyane kuwi, kala mangsa uga sok dijaluki tulung tangga teparo, seka gawe luwangan kanggo mbuwang uwuh, ngresiki kebon utawa latar, ndandani pager, nggawekke kandhang pitik utawa menthok, ngundhuh klapa, buruh macul, nganti mbenakke gendheng trocoh. Semono uga bojone Kang Pardi, Yu Sarmi, gawean bakune nggeneni badhek. Dene gaweyan sejene buruh tandur lan derep pari, makani ingon-ingon pitik kampung. Kala-kala uga sok dijaluki tulung umbah-umbah utawa nyetrika.

"Ngapa Kang yahmene kok isih kemulan sarung?" pitakonku karo lungguh neng sandhinge Kang Pardi.

"Enggih Lik, niki awak raose kok nggregesi, adhem," semaure kang Pardi karo ngulet nuli lungguh sila kanthi isih tetep kemulan sarung.

"Lha ngapa, kekeselen pa Kang?"

"Sajake mergi wingi kejawahan sale nderes niki, Lik."

"Ngaturi sugeng ta Lik rawuhipun?" sambunge Kang Pardi karo ngulungke tangan ngajak salaman.

"Pangestune waras Kang," wangsulanku karo nampani tangane Kang Pardi. Tangane Kang Pardi pancen rada semlenget. Iki genah nek masuk angin.

"Tanganmu kok anget ngene, Kang. Wis dipriksakke utawa dikeroki apa durung?"

"Dereng Lik. Wau dalu pun didamelke wedang jahe kalih Mbokne bocah-bocah niku."

"Mbok dipriksakke Kang, ben lek mari."

"Mangkeh tak kene ngeroki Mbokne bocah-bocah mawon. Biyasane terus diparingi entheng," semaure Kang Pardi karo mbenakke sarunge ben luwih rapet le kemulan.

"Esuk-esuk kok pun tindak mriki, boten tindak dhines napa?" pitakone Kang Pardi karo sajak gumun.

"Iki rak dina Minggu ta, Kang."

"O alah enggih nggih. Wonten dhawuh menapa, Lik?"

"Jane mono arep njaluk tulung mbenakke gendheng trocoh sing omah ngarep kae. Ning sampeyan malah gek mriyang. Ya wis sesuk-sesuk wae nek sampeyan wis sehat."

"Enggih Lik, insya Allah. Dongakke lek sehat nggih, Lik."

"Iya, Kang. Muga-muga ndang diparingi waras, uga sak kulawarga kabeh."

Aku enggal-enggal pamit bali, kaselak ngepel jogan sing ketrocohan udan mau bengi. Metu seka omahe Kang Pardi, seka rada kadohan keprungu pating kriyik swarane pitik kuthuk sing sajake durung suwe netes. Mula bener, wulune kuthuk pancen isih lembut-lembut. Kuthuk-kuthuk anakan kuwi kemruyuk ngrubuti babone sing lagi ceceker golek pangan neng kebon. Kang Pardi karo bojone pancen duwe senang ingon-ingon pitik. Pamrihe nalika anak-anakane wis dha umur agal gedhe terus didol, dinggo tambah-tambah nempur.

***

Pirang-pirang dina iki udane deres banget ora leren-leren. Kala-kala uga karo angin, swarane gembrudug kaya katekan prahara. Kali-kali dadi banjir. Kali gedhe kulon ndesa banyune meh sundhul kretek. Kali-kali cilik mluber tekan dalan, uga nglelebke tanduran pari sing lagi saumuran sesasi. Latar-latar uga ngecembong banyu. Sing mesthi gendheng omahku sing sisih ngarep uga dadi trocoh kabeh. Mulane aku banjur njaluk tulung Kang Pardi tak kongkon mbenakke gendheng sing dha trocoh kuwi.

"Nembe napa, Lik?" ujug-ujug swarane Kang Pardi ngeget-getke atiku.

"Iki gek ngejogi pakan kutut. Wis sehat pa Kang kok wis tekan kene?" pitakonku karo ngesok otek neng wadhah pakan.

"Alhamdulillah pun tambah kepenak, Lik. Wau dalu pun dikeroki kalih semah kula," wangsulane Kang Pardi karo melu nyedhaki kurungan kutut.

"Nek isih durung pati mari mbokndinggo leren dhisik ta, Kang."

"Niki pun sekeca kok. Pun boten adhem kalih nggregesi."

"Syukur Kang nek ngono."

"Gendhenge sing trocoh sisih pundi, Lik?"

"Ya omah ngarep iki. Sing trocoh okeh je."

"O nggih, kula padosane sing marai trocoh."

"Lho, wis sehat tenan pa?" aku rada samar nek Kang Pardi jane durung pati sehat njur kudu menek munggah nggendheng.

"Empun Lik," wangsulane Kang Pardi karo mlaku metu seka lawang omah ngarep.

"Niki kula malah pun mbeta andha sisan," ujare Kang Pardi seka njaba. Glothak-glothak swarane Kang Pardi masang andha neng kulon ngomah.

"Ngati-ati, Kang," aku ngelingake Kang Pardi mbari nyanthelke kurungan kutut.

Kang Pardi ubak-ubek mbenakke gendheng sing dha trocoh. Sawise udakara rong jam Kang Pardi wis rampung olehe mbenakke gendheng. Kathok klambine gluprut kabeh. Kringete kemretes seka pilingan lan janggute. Karang ya lebar pepanas neng ndhuwur gendheng, mula kringete reriwe sakawak klebus kabeh. Nganti klambine melu kleproh. Kang Pardi banjur wisuh banyu kran neng tembok kulon ngomah cedhak lawang butulan. Ngepasi Kang Pardi nembe wae rampung wisuh, mendhung klawu tumeka ngebaki akasa.

"Leren mbe wedang dhisik, Kang," kandhaku karo ndelehke tela goreng sepiring neng amben cilik cedhak longkang.

"Enggih, Lik."

Aku ngancani Kang Pardi leren ngombe wedang. Wedange teh panas gula jawa. Nyamikane tela goreng lan gedhang goreng. Uga tak cepaki racikan udut kekaremane Kang Pardi, mbako seka Banyuwangi, garet kandel, uwur, cengkeh. Kang Pardi anggone ngombe wedang srupat-sruput sajak kaya ngisep madu. Ketoke ngrasakke marem banget. Mengkono uga nggone ngedhapi nyamikan tela goreng lan gedhang goreng, jan ndemenakke temenan. Bar kuwi terus nglinting udut, klepas-klepus karo crita ngalor ngidul. Kala-kala ngguyu nyekakak sajak kaya wong ora duwe sanggan. Atiku seneng banget nyawang Kang Pardi.

Sawuse sauntara wektu obrol-obrolan, Kang Pardi banjur pamitan.

"Kula wangsul riyin, Lik."

"Iya, Kang. Matur nuwun banget wis ditulungi. Aku isane ya mung njaluk tulung."

"Sami-sami, Lik. Kula sagede nggih namung ngoten niku. Mugi-mugi nek jawah pun boten trocoh malih," semaure Kang Pardi karo nyecek tegesan neng asbak.

"Kang, matur nuwun banget, aku mung njaluk tulung tenan ya. Iki ana rejeki sethithik nggo tambah tuku uyah Yu Sarmi," kandhaku karo ngulungke amplop isi dhuwit sing ora sepiroa.

Kang Pardi ora age-age nampani, ning malah sajak pancen ora gelem nampani.

"Boten, Lik. Saking griya niyat kula panci namung ajeng tetulung. Matur nuwun sanget panjenengan sampun niyat maring-maringi dhateng kula," sambunge Kang Pardi jlentreh banget.

Aku mung bisa plenggongan. Yagene Kang Pardi ora gelem nampani? Kamangka dhuwit mau sanajan ora sepiroa ning mesthi piguna banget mungguhing Kang Pardi karo Yu Sarmi.

"Aja ngono ta, Kang. Iki ki pancen rejekine Kang Pardi," aku ndhesek ben Kang Pardi gelem nampani.

"Boten, Lik. Pokoke pun matur nuwun sanget kula diparing-paringi," Kang Pardi tetep ora gelem nampani.

Aku ora ngerti, yagene Kang Pardi tetep ora gelem nampani. Kamangka biyasane Kang Pardi ora tau ngono kuwi. Apa merga aku kaluputan karo Kang Pardi? Utawa ana apa ta apa? Aku dadi bingung dhewe.

"Ora Kang, jan-jane ana apa kok Kang Pardi ora gelem nampa? Nek ana luputku aku njaluk ngapura, Kang." Atiku lekas thukul rasa samar, gek-gek aku malah kleru le omong.

Kang Pardi ora nuli mangsuli. Meneng anteng, nanging katon yen atine sajak ora pati jenjem. Panyawange tumuju neng jogan sing lagi dijrambah, ning durung diplester. Kang Pardi lekas unjal ambegan. Kaya ana sing dirasa abot semumpel neng dhadha. Atiku tambah samar, “Aja-aja aku sing njalari Kang Pardi dadi ngrasa abot,” atiku gumunem dhewe.

"Kula tak matur, ning nek onten lepate nyuwun ngapunten nggih, Lik." kandhane Kang Pardi lirih.

Atiku dheg-dhegan saya banter. Rasa kesamaranku saya ndadi. Gek-gek aku wis gawe gela utawa kecenthoke atine Kang Pardi. Embuh sing endi lan bab apa, aku ora ngerti. Ing kahanan mengkono iku aku pilih meneng, ben ora dadi klera-kleru, karo ngenteni sing arep diomongke Kang Pardi.

"Lik, kula niki prasasat meh saben dinten diparing-paringi. Kamangka kula boten nate saget mbales napa-napa. Sagede namung matur nuwun. Ning gek njur tekan kapan kula kudu ngeten niki?" sambunge Kang Pardi sawise nata ati.

Aku ora mangsuli. Merga pancen durung ngerti sing dikarepke Kang Pardi. Mula aku tetep meneng, ngenteni teruse sing lagi wae diomongke Kang Pardi.

Kang Pardi bali unjal ambegan, banjur neruske omongane.

"Wektu sakniki niki kula kepengin pisan-pisan diparingi sing luwih kathah, boten namung kados sing wingi-wingi."

Krungu tembunge Kang Pardi mengkono iku atiku rasane kaya digebug alu. Raiku kaya disampluk sak kayange. Rasa lara, isin, wirang, rumangsa luput campur adhuk ora karu-karuwan. Nanging aku ora arep nyelaki utawa nyulayani sing diomongke Kang Pardi. Pikiranku dadi nglambrang marang wektu sing kepungkur, nalika aku weweh tandha matur nuwun marang Kang Pardi sawise tak jaluki tulung. "Apa pancen ora murwat? Kok ya le kebangeten temen. Ning seka pangrasaku kok kala-kala malah wis tak punjuli timbang adat sabene," grenenge atiku dhewe.

"Maksud kula ngeten, Lik."

Atiku njenggirat. Durung nganti temata nggonku ngenam ati sing campur adhuk ora karu-karuwan, kathik kaselak kepedhot omongane Kang Pardi.

"Nek saben-saben diparingi kabeh kula tampani, kula angsale nggih namung semanten niku. Sesuk-sesuk kula pun boten angsal napa-napa."

Aku sansaya ora ngerti kepiye sing dikarepke Kang Pardi kuwi. Mula njur tak wanek-wanekke takon karo ngati-ati banget.

"Ora Kang, aku kok ora mudheng, maksude kepiye ta iki?"

Kang Pardi ora enggal-enggal mangsuli pitakonku. Ning malah gumuyu sero banget, sajak rada semu ngece.

"Ngaten lho, Lik. Nek kula le tetulung boten krana melik napa-napa, sesuk-sesuk kula rak diparingi rejeki sing langkung kathah saking Gusti Allah. Ning nek merga kula gadhah melik, angsale nggih namung semanten niku," semaure Kang Pardi sawise marem nggeguyu aku sing ora mudheng karo sing dikarepke.

Krungu tembunge Kang Pardi ngono kuwi aku mung isoh ndomblong mendongong. Aku ora ngerti kudu nanduki kepiye. Rasane aku dadi bodho banget neng ngarepe Kang Pardi. Aku sing neng kampung dianggep wong ngerti, mula sok-sok njur dialap penemu lan pikiranku, saiki mung isa longa-longo.

Bar ngomong ngono kuwi Kang Pardi terus age-age njaluk pamit sawise ngempakke lintingan udut. Aku nguntabke pungkure Kang Pardi isih karo mendongong. Tak sawang gegere Kang Pardi sing kukoh teteg jejeg. Pundhak tengene panggah sentosa manggul andha. Lakune manteb nyawang mengarep.

Sapungkur lungane Kang Pardi, langit sing mau kasaput mega klawu saiki sumilak padhang. Dina iki aku entuk wulangan seka Kang Pardi. Guru pancen ora kudu wong pinter. Wicaksana uga ora kudu wong monja lan wibawa.

Tak tutup lawang butulan sing mau kanggo mlebu-metu Kang Pardi. Tak kukup cicir kumlarahe piwulange Kang Pardi, tak gawa mlebu neng omah tengah, tak jereng neng gumelare sajadah.

 

Sastra Monthit Magelang, 15 Februari 2021

Daladi Ahmad, pangripta cerkak, gurit, puisi & musikalisasi puisi

Sanggar Sastra Monthit Magelang

Share
Dipublikasikan oleh
Damar Sri Prakoso