Tutup Iklan

Cerkak Ninggal Cathut Pinggir Lurung

Wiwit ketemu ing Jogja wulan sadurune, nganti seprene tetep ora ana pirembugan maneh. Citra wis mantep, manawa Argo nggekengi panemune, dheweke trima mundur.

Cerkak Ninggal Cathut Pinggir Lurung

SOLOPOS.COM -

Kanggone bebrayan ing karangpadesan panguripane Pak Hadi sakbrayat iku kalebu anja. Pak Hadi minangka guru SD lan Bu Ratih garwane sing angular budine gawe maneka warna cinderamata iku kaya ora nate nemoni perkara kang abot sakdawane uripe. Duwe anak loro kedhana-kedhini, Citra lan Irawan, lelorone sekolahe uga maju. Cekak cukupe ing desa Karangsari kono, kulawarga iku dadi pocapan kanggo patuladhan.

Sore iku Bu Ratih lagi greneng-greneng karo garwane ing teras ngarep. Lelorone ngadhep cangkir isi kopi kumebul lan pohung goreng kang lagi wae dientas saka wajan dening Bu Ratih.

“Ngapa ta, Bu? Daksawang-sawang pirang-pirang dina kok kaya ana sing mbokpikir,” tembunge Pak Hadi mbukani gunem karo nyelehke ponsele ing sisihe cangkir.

“Ora kok, Pak. Wingi pas njagong nggone Pak Lurah iku lho, aku kan lungguh jejer karo Bu Hasto. Maune ki ya biasa mung kabar kinabaran, kok suwe-suwe njur nyandhak neng sesambungane gendhuk Citra karo Argo,” lirih ngendikane Bu Ratih.

“Lha omong bab apa,ta?” Pak Hadi nyoba nlesih. Ana sapletik rasa kuwatir amarga Bu Hasto iku pernah bulike Argo, adhike Pak Haryoto, bapake Argo.

“Ya mung greneng-greneng, kapan sesambungane Argo karo Citra iku diresmekke, wong yawis padha-padha umure. Argo ya wis sukses dadi pengusaha mudha, Citra ya wis sarjana. Apa meneh sing ditunggu…,” jlentrehe Bu Ratih.

“Banjur wangsulanmu?” pitakone Pak Hadi ngoyak.

“Yaa…kaya biyasane, Pak. Nek aku karo panjenengan ki ya manut karo sing nglakoni. Citra kepengin ngrampungake S2-ne dhisik. Kepengin nyambut gawe, lagi arep omah-omah. Lan…ya biyasa watake Bu Hasto….njur mbandhingake karo si A…si B…kana-kene. Aku ya mung mesem wae, ora daktanggapi. Wong mesthi ora ana juntrunge,” kandhane Bu Citra sareh.

Wong loro banjur amem, keli ing alam pikirane dhewe-dhewe. Citra anak mbarepe iku pancen digadhang-gadhang dadi peneruse wongtuwane. Ing padesan senadyan uripe kajen keringan ning saktemene dudu kalebu kulawarga sugih. Sugihe wong karang padesan iku nek nduweni sawah jembar, pekarangan amba, omah gebyog magrong-magrong. Pak Hadi klebu wong neneka ing desa kono, dene Bu Ratih pancen lair nganti tuwa ing desa Karangsari kuwi.

Emane wongtuwane Bu Ratih biyen uripe nelangsa. Sawah lan pomahan sing kudune dadi hak warise malah digagahi kabeh dening kakange. Sanadyan diupayakake sarana proses hukum, nanging kalah dhuwit, kalah dukungan pamong desa kang doyan dhuwit, wusana kalah. Malah omah sakpekarangane anggone badra wongtuwane biyen katut kadol kanggo wragat sidhang. Iku kabeh lelakon klawu kang disimpen rapet dening Bu Ratih sakbrayat. Uripe mung modhal kapinteran lan keprigelan sing ora bisa direbut dening sapa wae. Ora kaya sawah lan lemah warisan.

Minangka guru SD, waton ora neka-neka uripe kalebu cukup. Apamaneh Bu Ratih iku ubed. Dheweke pinter mangsak, pinter ngrajut, bisa njahit uga. Mula sanadyan cilik-cilikan usahane werna-werna. Sanadyan asile ora pati akeh, isa ngrewangi sing lanang nambal kekurangan kanggo kebutuhan saben dinane. Dene Citra pancen sawise lulus sarjanane malah isih kepengin nerusake sekolah, Dheweke kepengin dadi dhosen, sukur isa dadi dhosen ing PTN.

Sarat minangka dhosen saiki paling ora kudu lulusan S2, Magister. Sawise usaha mrana-mrene wusanane entuk beasiswa saka pamarentah kanggo nerusake S2-ne iku. Manawa kudu wragad dhewe terang Pak Hadi ora saguh. Saliyane wragate luwih gedhe, uga isih kudu ngragadi sing waruju, si Irawan kang lagi ngancik semester V.

Sesambungan katresnan antarane Citra lan Argo wis lumaku wiwit lelorone isih padha kuliyah sanadyan beda kampus. Sanadyan mung tangga desa, saktemene kenale uga ora wiwit cilik mula. Pak Haryoto, wongtuwane Argo iku pancen asli kelairan Karangsari, nanging wiwit enom bebadra urip ing kutha. Bareng wongtuwane ya simbahe Argo wis padha kapundhut, Pak Haryoto bali ing desane, ngrumati tinggalane wongtuwa uga njembarake usaha ing sakiwa tengene desa.

Sesambungan iku wis dipengestoni kulawarga lelorone. Bocah-bocah saiki iku beda, ora gelem kesusu diwiwaha, diningkahake, pawadane kepingin njejegake uripe luwih dhisik. Utamane si Citra kepengin ngrampungake S2-ne dhisik lan cekel gawe. Mula kulawarga ya nglenggana. Nanging sing jeneng urip ing padesan iku, apa wae dadi rasanan. Apik lan ala padha dene dirembug, amarga ora kabeh wong nduweni panemu kang padha.

“Lha sakjane piye ta, Pak? Citra kuwi, wong S2 ki ya oleh kok menawa wis ningkah. Aku kala-kala ya risi krungu rasanane tangga, wis rendang-rendeng padha umure, selak dadi prawan tuwa….,” Bu Ratih wiwit kaca-kaca paningale.

“Hmmm…piye ya, Bu. Minangka wongtuwa ya lumrah yen kepengin enggal mantu, momong putu. Nanging aja lali, sing nglakoni ki anak ya, Bu. Aja nganti dheweke njupuk keputusan kang penting kanggo uripe mung amarga nuruti karepe wongtuwa. Aja, Bu. Kena ngandhani, menehi wawasan, ning aja gawe keputusan,” jlentrehe Pak Hadi kanthi sabar.

Kepeneran utawa pancen atine krasa, dina kuwi jebul Citra bali menyang ndesa. Bu Ratih lan Pak Hadi ora nyingidake rasa gumbirane, amarga Citra ora ngabari sadurunge. Sawise kangen-kangenan lan mangan bebarengan, bengine banjur jagongan ing ngarep TV, kaya biyasane manawa Citra neng omah.
“Adhimu kok ora mbok jak bali sisan ta, Ndhuk?” pitakone Bu Ratih. Amarga Citra lan Irawan padha-padha sekolah ing Jogja.

“Lagi akeh tugas jare, Bu,” Citra wis kulina mung ngoko alus menawa karo ibune, nanging nganggo krama madya yen matur karo bapake. Pakulinan wiwit cilik.
Nyawang praupane Citra kang kaya kurang gumbira, ing atine wongtuwane sakloron krasa was sumelang. Gek ana kedadeyan utawa perkara apa kang ngeboti pikirane. Nanging lelorone ora ana sing miwiti pitakon. Nunggu Citra dhewe kang miwiti. Sakwise amem sakwetara, wusana Citra mbukani rembug uga.

“Pak…Bu, nyuwun pangapunten sakderenge, nggih. Kadose sesambetan kula kaliyan Mas Argo mboten saged kalajengaken,” tembunge lirih. Sok ngonowa wis klakon gawe njola penggalihe wongtuwane. Sawise unjal ambegan sedhela, Pak Hadi banjur ndangu.

“Lha, sebabe apa, Ndhuk?” sareh Pak Hadi miterang.

“Nggih sampun mboten wonten cocogipun, Pak. Mumpung dereng kelajeng, kula kinten langkung sae dipunpungkasi sakmenika,” kandhane terang trewaca. Nanging tetep durung menehi alesan kang gumathok. Geneya sesambungan kang wis dipangestoni dening para pinisepuh kok kudu bubrah. Kanthi abot Citra njlentrehake sebabe.

Miturut omongane Citra, sejatine maune ya ora ana apa-apa, kaya sing wis disarujuki sakawit. Citra njaluk wektu kanggo ngrampungake S2-ne kang kari pirang sasi, amarga saiki wis wiwit nulis tesis, uga kepengin nggolek gaweyan dhisik. Argo bubar lulus pancen nerusake usahane bapake ing Surabaya, usaha ‘penyalur’ piranti tetanen kang wis cukup maju ing kana, ngganteni bapake kang kondur menyang desa. Durung suwe iki jare dheweke teka ing Jogja ngajak rembugan wigati karo Citra.

“Citra…saktemene, apa ta sing mbokgoleki? Wong kowe ya wis sarjan,” kandhane Argo mbukani rembug ing sore iku.

“Sakjane njenengan ki meh ngendika apa ta, Mas?” pitakone Citra alon.

“Aku kepengin sesambungane awake dhewe gek diresmekake. Angel Cit, aku kudu urip ijen ing kutha liya. Tur meneh saka asile usahaku iku dakkira wis cukup kanggo urip awake dhewe tekan anak-anak mengko,” kandhane Argo teges.

Citra rada kaget. Kaya-kaya saksuwene iki Argo ora nduweni sikep kaya mangkono.

“Nanging aku kepengin mandhiri uga, Mas. Ora mung gumantung marang panjenengan,” tembunge angluh ngemu kuciwa.

Sore iku malah dadine regejegan rada rame. Wong loro cengkah kekarepane. Argo nggekeng kudu cepet omah-omah, kudu ana sing ndhampingi sasuwene dheweke urip ing Surabaya. Dene Citra uga nggekeng ngukuhi panemune, yen dheweke kudu nyambutgawe luwih dhisik lagi sumadya ningkah karo dheweke. Lelorone padha atose.

“Ya wis, Citra. Perluku nemoni awakmu, saliyane kangen ya kanggo rembugan wigati kuwi. Dakwenehi wektu seminggu kanggo mikir. Daktunggu keputusanmu,” tembunge Argo karo menyat lunga ngampet emosi.

Wongtuwane loro legeg krungu critane anake.

“Ndhuk….sakjane mono ora ana sing salah. Kabeh bener. Argo ya ora salah, amarga dheweke wis rumangsa cukup, wis rumangsa kuwagang minangka calon kepala rumahtangga. Kowe anakku, uga ora salah. Ing jaman samengko Ndhuk, senadyan bocah wadon ya kudu pinter, kudu mandhiri, ora mung nyadhong tangan marang sing lanang. Amarga urip iku ora ajeg. Akeh wae ngger, bareng uripe wis mulya, mubra-mubru njur golek liya. Wong lanang sing sake kandel iku godhane gedhe, akeh wong wadon kang mung kepengin nunut mulya. Ora ngregani pangrasane wadon liya,” akeh-akeh ngendikane Pak Hadi, sing wose tetep condhong marang keputusane anake wedok.

“Nanging iki ora mung perkara bener lan salah, Ndhuk. Iki uga perkara pangrasa. Menawa kowe lan Argo iku padha dene tresnane, mesthine kabeh bisa dirembug. Ora banjur punggel ngono wae. Kabeh gumantung marang kowe sakloron,” ngendikane Pak Hadi isih nutugake. Dene Bu Ratih mung dheleg-dheleg ora kawetu omonge. Abot banget kanggone dheweke nggagas perkara iki.

Wiwit ketemu ing Jogja wulan sadurune, nganti seprene tetep ora ana pirembugan maneh. Citra wis mantep, manawa Argo nggekengi panemune, dheweke trima mundur. Wurung anggone pepacangan. Sedhih, lara, nanging dikayangapa dheweke ora bisa minangkani panjaluke Argo kudu neng omah, cukup dadi sisihane, lan mbesuk nggulawenthah anak-anake.

Sejatine Citra uga percaya marang katresnane Argo, uga ora duwe pikiran piye-piye ngenani dina tembe. Nanging dheweke kepengin ngurmati wongtuwane. Minangka wongtuwa kang prasaja, wis mletik penggalihe nyekolahake dheweke ing pawiyatan luhur liya kutha, lan kuwi kabeh ora kanthi gampang lumakune. Kerep Bapake kudu golek utangan kanggo mbayar kuliyahe. Apa iya dheweke kudu tega. Citra ngerti, dudu dhuwit bayarane, utawa piwalese marang wongtuwa kang ditunggu bapak lan ibune. Nanging rasa bombong, rasa mongkog minangka wongtuwa kang wis kasil ndhidhik anake, iku piwales kang mesthine dipenggalih bapak ibune.

Seje critane karo Argo. Ora ngira manawa panemune ditolak mentah-mentah karo Citra. Saka rumangsane Citra iku tansah alus, ruruh, manut, ora nate wangkal. Jebul ing prekara iki babarpisan ora bisa dieluk. Atine judheg, amarga Citra wis nandhesake keputusane liwat WA, babar pisan ora nganggo koma. Dadi kelingan iki kabeh mula bukane saka ngendikane bulike, ya Bu Hasto, adhike bapake. Kang asring nggrenengi sesambungane karo Citra, sing dadi rasanan, sing selak dadi prawan tuwa, sing jare kaya ora ana wong wedok liya.

“Sajane kowe lagi ana perkara apa ta, Le? Daksawang kok olehmu mbentoyong,” tembunge Ibune ngagetake Argo.

Saking pikirane muyeg dhewe nganti ora krasa diulati Ibune. Sawise nggresah alon dheweke banjur crita larah-larahe. Wiwit saka rasanane bulike, nganti tekan rembugane karo Citra kang pepuntone malah buntu. Citra ora gelem nerusake sesambungan lamun ta ing mengkone mung cukup dadi ibu rumahtangga.

“Le, pikiren kanthi wening. Aja grusa-grusu gawe keputusan. Kabeh timbangen apik lan orane, kurang lan luwihe. Ing jaman saiki ya Le, panguripan saya angel, kesempatane wanita lan priya ing babagan pangupajiwa iku padha. Aja gemagah rumangsa kuwagang. Urip iku ora ajeg. Yen kowe pancen tresna tenan karo Citra, kudune kabeh iku dadi tetimbanganmu. Kok aneh, duwe calon bojo ayu, pinter, kepengin mandhiri kaya Citra kok malah mbok inggati,” ngendikane ibune sereng.

Pak Haryoto sing krungu anak lan ibune padha regejegan uga banjur nyedhak. Amarga ibune wis ngomong akeh-akeh kang wose padha karo panemune, mula mung trima meneng ngrungokake.

“Wis ya Le, Ibu wis menehi panemu, ning kabeh keputusan ana ing tanganmu,” ngendikane ibune sareh. Pak Haryoto uga manthuk ngyakinake.

Sorene Argo kang pancen sengaja bali menyang desa, budhal menyang omahe Citra. Sawise nimbang-nimbang lan mikir dawa, sore iku dheweke wis mantep gawe keputusan. Ora preduli kepriye mengko anggone Citra nyawang dheweke, sing baku atine wis mantep. Ora bakal ngrungokake omongane wong-wong sing ora cetha juntrunge. Urip iku jare pilihan, yen wis milih mesthi kudu nanggung resikone. Ninggal cathut pinggir lurung, becik mbacut tinimbang wurung,

Semarang, 31 Maret 2021

Sriyanti S Sastroprayitno
Dosen Departemen Kimia FSM Universitas Diponegoro Semarang, pandhemen sastra Jawa, nulis geguritan lan cerkak.

Berita Terkait

Berita Terkini

Geguritan Siti Siamah

Wis pantes diarani edan-edanan, yen mayit bae dadi rebutan

Cerkak Ingon-Ingon Putu

Endah bungahe dhadhane Pak Zuhri. Wiwit saiki dheweke ora bakal krasa sepi maneh. Kawit garwane seda, terus sapine didol, Pak Zuhri kaya wong linglung saking bingung ora duweni kagiyatan lan panglipuran.

Parikesit Ngleluri Pambiwara Basa Jawa

Sanggar Budaya Jawa, Lembaga Kursus dan Pelatihan (LPK) Parikesit, Karanganyar. dadi wadah kanggo ngleluri pambiwara basa Jawa.

Cerkak Tato Gambar Naga

Tato iku padha karo preman, rusak, laku ma lima, murang tata, lan kabeh cap kang ndumuk pakarti ala.

Geguritan Bonari Nabonenar

Langit Wis Kebak Panjerit lan Kumandhange Tangis

Terjadi di Solo, Pertunjukan Wayang Tanpa Penonton

Pertunjukan wayang tanpa penonton terjadi di Solo, tepatnya saat pelaksanaan Festival Dalang Cilik Surakarta 2021.

Cerkak Njaluk Sing Luwih Akeh

Aku mung bisa plenggongan. Yagene Kang Pardi ora gelem nampani? Kamangka dhuwit mau sanajan ora sepiroa ning mesthi piguna banget.

Cerkak Dhokter Budi, Dhokter Tresnaku

Semana uga dhokter Budi wektu iku kelegan bisa ketemu maneh karo Ratri sing saben dinane marakake dhokter Budi ora konsentrasi nyambut gawe amarga kelingan Ratri terus.

Banyak Jalan di Jateng Rusak, Gubernur Minta Warga Lapor via Jalan Cantik

Gubernur Jateng Ganjar Pranowo meminta masyarakat aktif melaporkan kondisi jalan yang rusak melalui aplikasi Jalan Cantik.

Cerkak Mung Semangkok Jangan Becek

Ora ngira yen jangan becek wingi pepinginan bapak sing pungkasan. Pepinginan sing durung kaleksanan.

Nalika Petruk Kelangan Pethel

Yen Petruk kelangan pethel ateges jati dhirine uga luntur, ilang, musna. Sipat kandel kuwi ing jaman saiki menjila ing wujud jati dhiri budaya.

Politik Kudune Kanggo Mujudake Urip Ayem Tentrem

Ing 2019, kanggo mengeti 10 tahun Rendra bali ing ngayunaning Pangeran,  para seniman Solo, Jogja, lan Jakarta nglumpuk lan duwe sedya tunggal, mbabar maaneh lakon teater Panembahan Reso karyane Rendra.

Jawa-Tionghoa Wus Suwe Nyawiji ing Panganan

Saka panganan kuwi bisa ndudut rasa ketarik marang asal usule, bumbune, oyot kabudayane, lan liya-liyane.

Sastra Jawa Panggah Krodha ing Jaman Digital

Prakara sastra Jawa kuwi raket gandheng cenenge kato nation character building utawa mbangun budaya bangsa.

Kethoprak lan Wayang Rasa Modheren

Pakeliran wayang rasa bioskop iki ora mung cara mbabar lakon lan ngepyakake watang sing beda karo pakeliran wayang biyasane.

Aku Ora Jangkep, Mas

Sing ora jangkep kuwi apane, Ra? Sliramu ayu kaya widadari! Ing kampus wae, pira cah lanang sing nguber-uber sliramu.

Merbabu lan Merapi

nalika semana aku dhewe ya rada gumun sakatase Sumi iku prawan desa tur ya ora pati ayu rupane kok oleh pacangan wong lanang gedhe dhuwur bagus tur ngakune pegawe bank.

Ngambah Dalan Padhang

Wingi sadurunge gropyokan, Mbah Sastra kandha karo aku yen dheweke krasa ora penak. Kaya-kaya ana bab elek sing bakal kedadeyan.

Kaos Bolong lan Dhaster Suwek

Mengko dhisik, dak waspadakake kok kaos iki ora beres ya. Jebul nggon kelek wis suwek. Kaos kuwi dak selehake. Aku nemu dhastere Ibu. Jebul kahanane meh padha. Jaitan perangan ngisor wis padha dhedhel dhuwel.

Sobrah Julikah

Awake isih katon weweg, najan umure seket punjul, marga biyen nalika dadi randha umur 30, nglakoni dadi sobrah udakara 21 taun.

Dikira Arep Rabi

Bisa-bisane isu Sakinah arep rabi nyebar ing Dhusun Mulyatani, kamangka omahe Pak Krama didandani kuwi ora merga dheweke arep mantu anake.

Cerkak: Masker

Berita kang sumebar ana ing grup-grup media kontak, Desa Kambangsari wetane Banjarejo uga ana kang kemalingan. Malah sing dijupuk dudu dhuwit, nanging gabah limang kandhi. Anehe, saben-saben kedadeyan ana bae sing rumangsa weruh menawa malinge nganggo masker.

Kanoman Kangelan Nyinau Aksara Jawa

Para muda kerep dianggep ora seneng sinau Basa Jawa. Nanging saknyatane akeh nom-noman sing seneng ajar lan ngugemi kabudayan Jawa.

Ayo Sinau Aksara Jawa

Kanggo mulangake aksara Jawa guru kudu duwe cara kang bisa narik kawigatene siswa lan siswa gampang nampa piwulang. Dongeng Ajisaka bisa kanggo pangeling-eling urutane aksara Jawa kang cacah 20.

Dongeng Ngraketake Kluwarga

Kepala KB/TK MTA Jebres Solo SitiJuwariyah kerep maca dongeng sakdurunge anak-anake turu. Irah-irahan sing diwaca werna-werna, wiwit fiksi dhaerah nganti jinis carita saka nagara manca.

Nasibe Dongeng Ing Jaman Milenial

Dongeng sing diwaca lumrahe ora mung kanggo rungon-rungon sakdurunge turu. Dongeng bisa dadi cara kanggo ngandhani bocah-bocah kanthi cara sing alus.

Tembang Jawa ing Sekolahan...

Tembang Macapat diajarke marang para kadang mudha wiwit ing sekolah dasar (SD) nganti Sekolah Menengah Atas (SMA). Nanging, bab sing diajarke pancen mung sethithik.

Nguri-Uri Tembang Macapat

Macapat iku kalebu tembang sing isih ditresnani masarakat saiki. Nom-noman sing gelem sinau macapat iku mung sithik.

Padha-Padha Mulangake Kabecikan

udaya Jawa lan budaya Tionghoa temene padha-padha ngandhut piwulang bab kabecikan. Awit saka iku wong Jawa lan peranakan Tionghoa ing Solo bisa urip bebarengan ing bebrayan agung.

Guyub Rukune Budaya Jawa-Tionghoa

Wiwit jaman biyen budaya Jawa lan budaya Tiongkok urip bebarengan ing Kutha Solo. Akeh wong Jawa sing nyinau budaya Tiongkok lan suwalike Tionghoa nyinau budaya Jawa.

Nut Jaman, Pakem Kerep Ditinggal

Lakon wayang purwa lumrahe adhedhasar saka Serat Ramayana lan Mahabarata. Wayang uga duwe pakem-pakem tartamtu kang diugemi dening para dhalang. Nanging ing jaman sing saya maju iki, ora mung pakem sing perlu diugemi, dhalang kudu kreatif lan duwe visi sing cetha nalika mbabar pakeliran supaya bisa narik kawigatene masarakat.

Dhalang Ngudhal Piwulang

Dhalang kudu bisa mbabar telung prekara, tontonan, piwulang, uga nilai cultural utawa jiwa budaya. Dhalang saiki kudu kreatif lan niat melu amangun nagara.

Mbabar Crita Bab Kekinian

Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Kelompok Kerja Teater Tradisi (KKTT) Wiswakarman saka Fakultas Ilmu Budaya (FIB) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo kalebu salah sawijining pepanthan seni tradhisional sing isih eksis nguri-uri kethoprak nganti saiki.

Ayo Nonton Kethoprak!

Ketoprak isih duwe pandemen setya ing kutha apa dene ing desa. Akeh kanoman kang dadi paraga kethoprak.

Basa Jawa Diolah Kanggo Lagu Metal

Musik rock lan metal kalebu salah sawijining jinis kesenian sing disenengi nom-noman. Musik kasebut duwe pandemen kang setya lan militan. Menyang ngendi wae pepanthan kang disenengi pentas bakal tut wuri kanggo nonton.

Kawula Mudha Duwe Cara Ngleluri Sastra Jawa

Piwulang Jawa kang kakandhut sajroning naskah kuna disinau para mudha nganggo carane dhewe-dhewe. Timbule karyane para mudha kang adhedhasar kitab Jawa nuduhake piwulang Jawa bisa nut ing jaman.

Geguritan: Kesambet

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben Kemis. Ing babaran Kemis (10/1/2019) menika kapacak geguritan anggitanipun St. Sri Emyani, Guru SMP Negeri 1 Panggul Trenggalek.

Kitab Kuna Dadi Sumber Panaliten

Sanadyan diripta wiwit atusan taun kepungkur, isine saperangan gedhe naskah kuna isih cocok yen ditrepake ing jaman saiki. Buktine akeh panaliti sing sinau kitab kuna. Salah sijine serat sing kawentar lan asring dadi sumber panaliten yaiku Centhini.

Ngungak Naskah Kuna ing Perpustakaan

Kitab kuna iku wis akeh sing rusak karana kepangan renget utawa jilidane copot. Kitab kuna sing wujude wis rusak banget biyasane dislametake kanthi cara digitalisasi naskah.

Pangajab Seni Budaya Saya Ngrembaka

Kelurahan Mojosongo, Kecamatan Jebres, Solo, melu nyengkuyung adicara mapag taun anyar 2019 ing Balai Kota Solo, Senen (31/12/2018) wengi. Pepanthan seni kasebut ngepyakake karawitan.

Seni Tradhisi Gumebyar Mapag Taun Anyar

Unine gong sing banter pratandha gumantine taun banjur disusul swara slompret, dolanan othok-othok, lan unine gamelan karawitan. Sanadyan aweh kawigaten kang mligi marang seni tradhisi, Kutha Solo uga ngrangkul seni modheren.

Tari Tradhisi Isih Akeh kang Karem

Sanggar seni ing Solo cacahe akeh banget. Miturut itungan saka Dinas Kebudayaan Solo ana atusan pepanthan sanggar seni sing aktif nganti tekan saiki. Sanggar iku ora mung mbabar babagan tari, nanging uga jinis seni tradhisi liyane sing ngrembaka ing Solo.

Gumbregut Nggladhi Tari Tradhisi

Akeh bocah kang seneng nyinau tari tradhisi Jawa. Ing sanggar orang mung diwulangake carane nari nanging uga maknane obah osike awak.

Kaajab Ana Dana Kanggo Nguripi Budaya

Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 diwiwiti saka rapat dhaerah, banjur diterusake ing Kantor Pusat Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud). Pimpinan ing pepanthan Dewan Kesenian Solo (DKS) Bambang Irawan dadi salah sawijining kang rawuh ing kongres ing dhaerah lan pusat.

Strategi Kabudayan Kanggo Majuning Budaya

Kabudayan kaajab bisa kanggo nyejahteraake masarakat. Kabudayan penting kanggo ngrumat Kebinekaan.

Nguri-Uri Budaya Guyup Rukun lan Tepa Slira

Presiden Joko Widodo nalika ngisi sambutan ing Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 ing Kompleks Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, Jakarta, Minggu (9/12/2018), ngaturake panuwun marang para budayawan, seniman, lan kabeh sing nyengkuyung adicara kasebut.

Kongres Kebudayaan Indonesia 2018 Ngasilake Strategi Kabudayan

Isine dokumen strategi kebudayaan iku resolusi utawa pangajabe para sutresna budaya lan budayawan sak Nuswantara. Strategi kebudayaan iku bisa kanggo adhedhasar program-program pamarentah 20 taun kang bakal kelakon.

Kanoman Duwe Cara Ngleluri Seni Tradhisi

Tari anyar sing diripta dening nom-noman saka Banyumas, Otniel Tasman, kanthi irah-irahan No See He or It disenengi pandhemen kesenian saka nagara manca. Ing taun 2017, tari iku digelar nganti ping pindho ing Belgia. Pentase disengkuyung penari cacah lima nganti enem lanang lan wadon. Sandhangan pentase mung nganggo kain sarwa ireng.

Nguri-Uri Tradhisi ing Jaman Teknologi

Teknologi kaya dene handphone dirasa nglunturake budaya jejagongan kanthi langsung.  Budaya tradhisi bisa dadi pawitan kanggo ngripta seni modheren.

Geguritan: Duk Ing Uni

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yohanes Siyamta.

Tradhisi Jawa Ngemu Werdi

Maneka adicara tradhisi lan adat istiadat Jawa digelar para leluhur kanthi ancas kang becik. Menawa ditintingi kanthi premati tradhisi kang turun-temurun iku ngemu piwulang kabecikan. 

Budaya Jawa lan Jejibahan Njaga Alam

Tradhisi gugur gunung utawa bersih desa satemene piwulang nglestarekake alam kang kasamun ing adicara budaya. Kanthi anane kaprecayan pedanyangan akeh wit-witan kang lestari nganti atusan tahun umure.

Wayang lan Tembang Ngemu Tuntunan Urip

Budaya Jawa wis ngandhut piwulang luhur. Wiwit saka adat istiada, nganti seni pergelarane. Tuladhane seni wayang lan tembang sing ana ing Jawa. Dhalang Ki Manteb Soedarsono, nalika ngisi pengetan Hari Wayang Dunia (HWD) ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, sawetara wektu kepungkur ngandharake menawa wayang ngandhut makna simbolis lan filosofis.

Budaya Tradhisi Mbangun Budi Pakarti

Pendhidhikan sing ana ing sekolah saiki mung nut kurikulum, ora mawas kebutuhane murid-murid. Kudu ana gagasan anyar yaiku ndadekake budaya lokal minangka dhasar pendhidhikan.

Geguritan Kidung Jawi

Geguritan menika anggitanipun Supriyoko, Guru ing SMPN 1 Parang, Magetan, Jatim.

Ngungak Sujarahe Kongres Kebudayan

Adicara Kongres Kebudayan sing diadani dening Direktorat Jenderal Kebudayaan (Dirjen Kebudayaan) Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) iku wis ana wiwit jaman perjuangan. Miturut buku Menuju Kongres Kebudayaan, kang katulis dening Sekretaris Direktorat Jenderal Kebudayaan Sri Hartini, tahun iki mujudake Kongres Kebudayaan kaping-100.

Kongres Kabudayan bakal Diadani Desember 2018

Kongres Kabudaya duwe ancas kanggo ngrumusake strategi kabudayan sing cetha. Kira-kira 333 ahli kabudayan lan sutresna budaya melu nyengkuyung prakongres kabudayan.

Pantun Melayu Diusulke Marang UNESCO

Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud), ngusulake supaya pantun Melayu ditetepake dadi warisan kabudayan dening pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO).

Tradhisi Sastra Lesan Ngemu Piwulang Luhur

Budaya lan seni tradhisi lesan mratah ing tlatah Nuswantara. Tradisi lisan padatan digelar mawa iringan musik, kaya dene kendang utawa rebana.

Geguritan Kembang Setaman

Geguritan Kembang Setaman anggitanipun Maria M. Bhoernomo ingkang mapan ing Prambatan Kidul, Kudus, Jateng.

Saman Center Bakal Kabangun ing Gayo Lues

Pamerantah Gayo Lues, nduweni karep ngedegake Saman Center. Gedhung kang ngamot sakehing bab gegayutan tari Saman iku bakal dibangun ing papan sing ambane udakara sak hektare. Ing gedhung kasebut bakal ana papan pentas, pasar modheren, museum, nganti omah kanggo nginep para tamu.

Kesengsem Endahe Tari Saman

Tari Saman kalebu salah sawijining beksan ageng ing Gayo Lues, Aceh. Miturut adat, Tari Saman diparagani dening para penari lanang cacah ganjil.

Tas Noken ing Jaman Modheren

Nimpuna kang asring ngadani panaliten saka Balai Pelestarian Nilai Budaya Papua, Arie Januar, ngandharake menawa noken iku kabudayan sing ana ing Papua wiwit atusan taun kepungkur. Budaya gawe noken adhedhasar saka kabutuhane para leluhur jaman biyen nalika golek wadhah kanggo nyimpen bahan pangan.

Noken lan Simbol Budaya Papua

Noken ngemu piwulang luhur kaya dene tresna asih, jujur, lan rakete paseduluran. Budaya gawe noken tansah diturunake saka ibu menyang anak-anake, mligine anak wadon.

I Nyoman Mandra Kupiya Ngleluri Lukisan Klasik Bali

Salah sawijing seniman saka Bali, I Nyoman Mandra, 72, antuk pangaji saka pamarentah pusat taun 2016 awit kupiyane ngleluri lukisan klasik Bali. Mandra kalebu tokoh maestro pelestari lukis klasik Bali ing Desa Kamasan, Klungkung.

Ngungak Endahe Seni Lukis Klasik Bali

Masarakat Bali ora bisa dipisahke karo seni lan budaya. Akah kang miji masarakat Bali urip kanthi cara kesenian. Wiwit saka kaum bangsawan, nganti rakyat biyasa.

Ni Ketut Arini Ngupaya Tari Bali Lestari

Lestarine tari tradisi ing saindenge Bali ora bisa dipisahake karo kupiyane para maestro sing tansah ngleluri kabudayan agung kasebut. Salah sijine yaiku Ni Ketut Arini sing antuk anugerah pangaji saka pamarintah dhaerah lan pusat.

Ngleluri Beksan Ageng Saka Bali

Tiga Genre Tari Bali ditetepake minangka warisan kabudayan adiluhung bab kamanungsan dening UNESCO. Tiga Genre Tari Bali diperang dadi telung tema penting sing ngandhut sangang beksan lawas.

Geguritan Bab Prau

Ing babaran Kemis (4/10/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yan Tohari, sastrawan kang duwe asma asli Sriyana, mapan ing Dukuh RT 003/RW 009 Ringinputih, Karangdowo, Klaten.

Pinisi Kalebu Daftar Warisan Kabudayan ing UNESCO

Kapal Pinisi saka Sulawesi Selatan resmi ditetepake minangka salah sawijining warisan kabudayan donya dening pepanthan internasional The United Nations Educational Scientific and Cultural Organization (UNESCO). Katrangan iku katulis ing website resmi Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, www.kemdikbud.go.id.

Prau Pinisi Kawentar Saindhenge Donya

Kapal pinisi bisa kanggo ngangkut barang lan uga bisa kanggo sarana pariwisata. Desa Tanah Lemo, Kecamatan Bonto Bahari, Bulukumba, Sulawesi Selatan, kawentar minangka pusate para juru rakit prau pinisi.

Daeng Soetigna lan Sumebare Angklung ing Nuswantara

Daeng Soetigna yaiku maestro angklung saka Garut sing kasil ngganti irama (nada) angklung saka pentatonik (da, mi, na, ti, la) dadi angklung modheren kanthi nada diatonik chromatik (do, di, re, ri, mi, fa,fi, sol, sel, la, li, ti, do) kira-kira ing taun 1938.

Ngungak Makna lan Sujarahe Angklung

Angklung wis dikukuhake minangka warisan budaya donya asli saka Indonesia dening UNESCO. Angklung ngemu piwulang gotong royong minangka dhasar urip sing wigati.

Pencak Silat Samsaya Kawentar Saindhenge Ndonya

Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan ngusulake pencak silat dadi salah sawijining warisan kabudayan Nuswantara sing diakoni dening pepanthan kabudayan internasional yaiku UNESCO. Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Indonesia wis ndhaptarake Pencak Silat minangka The Intangible Cultural Heritage of Humanity marang UNESCO ing wulan Maret 2018.

Pencak Ngandhut Wiraga, Wirasa, lan Wirama

Pencak silat asli budaya Indonesia banjur sumebar ing negara-negara manca. Tembung pencak digunakake dening masarakat Jawa, dene silat utawa silek saka Sumatera.

Geguritan: Ing Wangi Tempe

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/9/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yan Tohari, sastrawan kang duwe asma asli Sriyana, mapan ing Dukuh RT 003/RW 009 Ringinputih, Karangdowo, Klaten.

Carane Gawe Tempe Nut Jaman Kalakone

Denys Lombart (2005) ing bukune kanthi irah-irahan Nusa Jawa Silang Budaya: Jaringan Asia ngandharake dene tempe kajupuk saka tembung tape sing maknane fermentasi. Tempe pancen wujud fermentasi dhele nganggo kapang. Jinise kapang macem-macem, ana Rhizopus oligosporus, Rhizopus oryzae, Rhizopus stolonifer, utawa Rhizopus arrizhus.

Tempe, Pangan Warisan Leluhur Jawa

Kanggone masarakat Indonesia, tempe kalebu panganan padinan. Malahan dadi salah sawijining panganan sing kasebut ing program Empat Sehat Lima Sempurna, awit tempe ngandhut gizi kang dhuwur. Ubarampe baku gawe yaiku dhele. Dhele mentah digodhog, banjur diwenehi ragi.

Sujarah Reyog lan Piwulang Becik

Reyog minangka salah sawijining warisan kabudayan wis ana lan ngrembaka ing saindhenge Ponorogo, Jawa Timur, wiwit atusan taun kepungkur.

Reyog Ponorogo, Mratah Ing Njaban Rangkah

Seni tradhisi reyog sing sakdurunge kawentar saka Ponorogo saiki sansaya ngrembaka nganti tumekaning desa-desa ing saindenge Jawa Timur, Jawa Tengah lan tlatah liyane. Malah tumeka mancanegara. Miturut artikel babagan reyog sing dikirim dening Kementerian Kebudayaan marang solopos.com kanti irah-irahan Naskah Akademik Penetapan Budaya Tak Benda Reyog Ponorogo, seni Reyog iku dinamis. Awit saka iku reyog bisa disinau lan ngrembaka nganti tekan nagara manca.

Batik Warisan Leluhur (Tembang Sinom)

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (30/7/2018) menika kapacak Tembang Sinom anggitanipun Yohanes Siyamta. 

Ngungak Sujarah lan Werdine Bathik

Salah sawijining warisan leluhur sing nganti tekan saiki diuri-uri lan saya ngrembaka yaiku bathik. Bathik yaiku lembaran kain utawa bakal sing nduweni motif utawa corak maneka rupa. Nggawene motif kanthi migunakake malam sing sak durunge dipanaske banjur diciduk nganggo canthing kanggo nggambar. Bisa uga bathik digawe kanthi cara dicap.

Seni Budaya Bathik Saya Ngrembaka

Bathik sawijining seni budaya Jawa kang dileluri dening masarakat Jawa tumeka saiki. Bathik jaman biyen dadi ageman mirungga mligine para ratu lan para sentana ing sajrone kraton. Ing jaman saiki bathik bisa dienggo sapa wae. Malahan wong-wong mancanagara akeh sing seneng menganggo busana bathik.

Sinau Tata Cara Nggawe Keris

Keris digawe dening para empu ing papan panggonan sing kasebut besalen. Para empu jaman biyen nduweni tata cara kang mligi nalika arep nggawe keris, kayata kudu pasa, njaga pitutur apik, uga njaga kelakuwane nalika ing njero besalen.

Keris, Karya Budaya & Seni kang Wigati

Para leluhur masarakat Jawa jaman biyen banget memundhi lan nyinau babagan keris. Keris dadi salah sawijining piranti kang wigati, apameneh kanggone wong lanang. Curiga utawi keris dadi pralambang maknane lanang, prakosa, lan diwasa.

Geguritan Nyawang Geber

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (16/8/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Supriyoko.

60 Warna Wayang Urip ing Nuswantara

Wayang kasebut saka tembung Ma lan Hyang sing ateges tumuju marang Gusti Allah kang Maha Kuwasa. Crita ing pagelaran wayang ing Jawa lumrahe mbabarake lakon Mahabharata, Ramayana, babad Panji, lan liyane. Wayang uga kasebut tontonan sing komplit, ana seni paraga, seni swara, seni sastra, seni lukis, lan seni pralambang.

Ngrembakane Wayang ing Jaman Internet

Wayang mujudake salah sawijining tontonan asli Jawa sing disenengi masarakat wiwit jaman Majapahit nganti tekan saiki. Guru Besar Gamelan saka Wesleyan University USA, Sumarsam, ngandharake nalika Majapahit jugrug akeh tontonan lawas sing diguwang, diganti tontonan anyar. Nanging, seni budaya wayang, gamelan, lan beksan, isih diugemi dening masarakat Jawa.

Sumarsam Maestro Gamelan

Rembugan bab gamelan ana sawijining pawongan kang ngabdekake dhiri lan penemu marang lestari lan ngrembakane musik budaya Jawa iku. Pawongan kasebut yaiku Sumarsam. Awit saka kridhane nguri-uri lan ngupaya bali moncere gamelan, Sumarsam antuk kanugrahan pakurmatan Satya Lencana saka pamarintah liwat Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

Solo Punjering Gamelan kang Adiluhung

Warga Kutha Solo dadi seksi pahargyan ageng seni budaya kanthi irah-irahan Internasional Gamelan Festival (IGF) kang kawiwitan dina iki, Kemis (9/8/2018) tumeka Kemis (16/8/2018). Pagelaran kang ngangkat tema, Home Coming utawa gamelan bali mulih ing papan asale, bakal karegengake udakara sewu pangrawit lan satusan pepanthan karawitan saka njeron rangkah Nusantara lan mancanegara.

Geguritan

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (2/7/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yan Tohari, sastrawan ingkang pidalem ing Karangdowo, Klaten.