SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Suket-suket teki iku padha nggletak ing lemah keterak sikil. Suwarane godhong garing tambah kresak-kresek, nalika kepidhak sikil sing padha ngliwati. Saka grumbuling suket-suket wana sing peteng, katon pawongan mbiyak grumbuling suket nganggo piranti sakanane. Lampu senter HP-ne sing digawa wis ora urip maneh. Kanthi ngati-ati lan siyaga, kuwatir karo kewan aneh-aneh sing bisa wae metu, Kusno lan Bagong nerusake jangkahe.

Kadhangkala mlaku ngliwati grumbulan suket lan wit-witan gedhe. Wong loro padha mandeg ing sangisore wit mahoni, banjur cethik geni saka ceklekan pang sing ora adoh saka kana.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

“Banjur kepriye awake dhewe ora bakal bisa mulih salawase.” Kusno miwiti omong semu kelangan pangarep-arep. Bagong terus meneng ngeling-eling nasibe bojone, barang-barange, sapi lan kebone sing ditinggal, dudu awake dhewe sing wis ilang ing wana.

“Sesuk yen srengenge wis jumedul, sesuk kudu metu saka kene!” Bagong ngeluk geger ing sadhuwure gegodhongan sing dijejer kanggo papan peturon.

“Huuuh !” Kusno nggeget, kesel lan kelangan pengarep-arep.

Jalarane wong loro padha kelangan dalan lan ilang ana ing wana. Wektu lagi pandemi corona iki, Bagong meksa kirim dagangan rajakayane menyang njaban Pulo Jawa. Biyasane ya lunga luar kota bisa seminggu pisan, nekat nyebrang pulo mangkat dodolan, diewangi Kusno rewange. Bagong ora wedi lan blas tanpa modal layang kanggo lelungan utawa STNK lan liya-liyane, sanadyan pamarentah wis ora ngidini warga masarakat lelungan adoh. Ndilalah nalika satengahing bali mulih, Bagong dicegat pulisi. Bareng dijaluki SIM lan STNK-ne, ora ana.

Bagong lan Kusno banjur mblandang nggawa montore mlebu alas sing dikira-kira cerak desane, pikire. Nanging, nganti muter-muter montore kentekan bensin. Wong loro banjur golek dalan mlaku mlebu wana, sing miturut wong loro wis meh cerak desane. Dhuwit asil dodolane sing akeh ing tas dadi ora ana ajine. Nganti sedina wutuh wong loro kuwi mau durung nemu dalan.

Esuke Bagong tangi, dheweke nemokake tapak sikil kewan ing sakupenge olehe turu. Pamikire, mesthi kewan kasebut mangan kulit tela sing dibakar mau bengi.

“Kayane kaya tilas sikil babi!” Bagong melu nyapu sikil.

“Ya… bener, iki bisa dadi pituduh kanggo dalan mulih!” Kusno nyedhaki lan ngematake. Wong loro mau banjur mlumpat.

“Bener, ayo tututi dalan iki. Babi iki asring teka ing desa, awake dhewe mung ngetutke dalan iki.” Bagong banjur wiwit mlaku ing dalan sing diliwati tapak kewan iku.

“Aku sarujuk karo sampeyan!” Kusno ngetutake saka mburi.

Srengenge wiwit ndhuwur sirah, nanging saya suwe saya alon olehe mlaku, tapak kewan mau sansaya ngilang. Wong loro mau kesel lan wiwit kelangan pengarepan maneh. Bagong terus mlayu, amarga ora nggawa barang. Kusno luwih mangkel merga karo nggawa kabeh barang saka juragane.

Sawise dheweke nesu banjur ujar, “Huh, awake tok sing gedhe nanging kekuwatane ora kuwat,” kandhane lirih karo awake dhewe tanpa dingerteni Bagong.

Wong loro nututi sikil kewan-kewan meh sedina muput. Sing dheweke pracaya yen sikil-sikil babi iku bisa nerusake lakune kanggo nemokake dalan ing desane. Nanging seprana-seprene rasane kaya ora bakal bisa bali. Nganti meh wengi maneh, wong loro lemes lungguh ndheprok nggloso, nyelonjorake sikile.

Saka kadohan katon ana kebul kumelun, mula Kusno banjur irunge diambu-ambu. Dheweke tekan kebon Pak Karta. Sakarone banjur padha bungah yen wis bisa nemokake dalan desane. Lali yen juragan karo rewange. Dheweke padha rangkul-rangkulan amarga saking bungahe. Karo mlaku, wong loro wis ora sabar bisa ketemu keluwargane. Bisa-bisane ilang ing wana cerak desane, kamangka kawit cilik uripe mung ing desa kuwi.

“Iki minangka pitulungan saka Gusti Allah, Alhamdulillah akhire bisa bali!” Kusno seneng nganti eluhe ra krasa ndlewer.

“Bener, huaaa aku wis ora sabar ketemu bojoku, dhuh bojoku sing ayu!” Bagong mlaku cekat-ceket, Kusno menjeb, kabotan nggawa barang-barenge juragane.

Bagong meh nyedhaki omahe sing gedhe lan sugih dhewe sak desane. Ujug-ujug Bagong ngendhekake lakune, kaget. Omahe lagi ana lelayon, gendera kuning lan tahlilan ing jeron omah. Sapa sing tilar donya ing omahe? Omahe dikebaki wong, bojone lan anak-anake padha nangis sora. Bagong lan Kusno padha sesawangan.

“No, sapa sing wis mati saksuwene awake dhewe lunga?” Bagong nangis, “Bojoku apa keboku, No?” bacute.

Kusno kaget ndeleng bojone uga teka lan nangis. “Adhuh, Mas Bagong, kenapa enggal-enggal seda ninggalke awake dhewe..oh..oh…” Dheweke weruh garwane Bagong nangis ing njerone omah dikupengi tangga teparo sing ana ing omahe. Bojone sing paling enom katon nggawa gambar lan didhekep kanthi rapet. Bagong lan Kusno nangis sakejere. Saka kadohan Bagong lan Kusno mbengok nalika mlayu, “Delengen aku, aku isih urip, ora mati!”

Jeng uli Kurnia
Pandhemen Sastra Jawa, mapan ing Margorejo RT 012/RW 004 Puro, Karangmalang, Sragen.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya