Jagad-jawa
Kamis, 15 Maret 2012 - 11:58 WIB

Necep Wejangan Pujangga Pungkasan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta/Pustakawan Universitas Atma Jaya Yogyakarta

Yohanes Siyamta/Pustakawan Universitas Atma Jaya Yogyakarta

Ing jagading kasusastran Jawa ora saben pengarang utawa panganggit karya sastra bisa sinebut minangka pujangga. Kejaba wasis nganggit carita, para pujangga mau kudu lantip lair lan batine utawa kasinungan kalimpadan wolung werna.

Advertisement

Kalimpadan wolung werna mau yaiku: paramengsastra (ahli sastra), paramengkawi (ahli ngarang), awicarita (ahli carita lan ndongeng), mardawa lagu (ahli tembang lan gendhing), mardawa basa (ahli migunakake basa kang endah), mardawa guna (kasinungan kagunan utawi kasekten), nawung kridha (ahli rasa utawa mangerti karepe wong liya) lan sambegana (mulya utawa kacukupan uripe).

Krana kalimpadan wolung werna mau, mula panganggit kang antuk sesebutan pujangga kawiwitan saka jaman Hindhu tumekaning jaman Surakarta, ing antarane yaiku Empu Kanwa kanthi anggitane Arjunawiwaha, Sedhah nganggit Bharatayudha lan Panuluh ngripta Gathutkacasraya ing jaman Hindhu. Empu Prapanca kanthhi anggitane Negarakertagama lan Tantular nganggit Sotasoma ing jaman Majapait. Sunan Bonang ing jaman Demak  ngripta Suluk Wujil lan Sultan Agung ing jaman Mataram nganggit Sastragedhing tuwin Nitipraja.

Advertisement

Krana kalimpadan wolung werna mau, mula panganggit kang antuk sesebutan pujangga kawiwitan saka jaman Hindhu tumekaning jaman Surakarta, ing antarane yaiku Empu Kanwa kanthi anggitane Arjunawiwaha, Sedhah nganggit Bharatayudha lan Panuluh ngripta Gathutkacasraya ing jaman Hindhu. Empu Prapanca kanthhi anggitane Negarakertagama lan Tantular nganggit Sotasoma ing jaman Majapait. Sunan Bonang ing jaman Demak  ngripta Suluk Wujil lan Sultan Agung ing jaman Mataram nganggit Sastragedhing tuwin Nitipraja.

Dene ing jaman Surakarta para pangripta kang antuk sebutan pujangga yaiku Sunan Paku Buwana III (Serat Mintaraga), Paku Buwana IV (Serat Wulangreh lan Wulangsunu), Paku Buwana V (Serat Centhini), KGPAA Mangku Negara IV (Wedhatama, Tripama lan Wirawiyata), RNg Yasadipura I (Dewa Ruci lan Cebolek), RNg Yasadipura II (Sasanasunu, lan Bimasuci), R. Ng. Sindusastra (Lokapala, Srikandhi Maguru Manah lan Parta Krama) lan RNg Ranggawarsita (Pustakaraja Purwa, Paramayoga, Jaka Lodhang, Sabdajati, Kalatidha, lsp).

Sasedane RNg Ranggawarsita ora ana maneh panganggit kang antuk sesebutan minangka pujangga, mula RNg Ranggawarsita sinebut minangka panutuping para pujangga utawa pujangga pungkasan.

Advertisement

Anggitan kang karacik jroning tembang macapat sinom iki, kalebu anggitan kang ora pati dawa. Mung sapupuh tembang sinom, gunggunge rolas pada. Ewa semana, saka pada kapisan tumeka pada rolas pranyata kebak piwulang. Ing antarane: ditansah tanggap ing kahanan, eling lan waspada, ikhtiyar lan mbudidaya sarta sumarah ing sakarsa lan pitulunganing Allah.

Kapisan, ditansah tanggap ing kahanan. Pada kapisan tumeka pada kaenem ngandharake kahanan Surakarta sakukubane kang sarwa tintrim. Pamimpin datan bisa dadi panutan, nayaka lan pangembating praja mung padha nggugu dhewe, satemah kawula akeh sing padha nandhang sangsara. Ing babagan iki, Ki Pujangga aweh pitedah marang kita menawa nyawang kahanan kang kaya mangkene iki, becik lamun kita ora mung nyawang nanging ditansah tanggap, nggatekake lan perduli. Cancut taliwanda melu ndandani kahanan.

Kapindho, piwulang murih tansah eling lan waspada. Kaandhar ing pada 7, ukara lan cakepane kawentar lan diapali dening wong akeh. Jlentrehe mangkene: “Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, yen tan melu anglakoni, boya keduman melik, kaliren wekasanipun, ndilalah kersa Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.” Gatra 8 lan 9 ing pada iki, aweh piwulang marang kita menawa ing jaman kang sarwa angel lan ora cetha ngene iki, kudu tansah eling lan waspada.

Advertisement

Katelu, Ikhtiyar lan mbudidaya. Panggayuh apa wae ora bakal kaleksanan tanpa ikhtiyar lan pambudi daya. Babagan iki dijlentrehake dening Bagus Burhan ing pada 9 lan 10. Cethane mangkene: “Beda lan kang wus santosa, kinarilah ing Hyang Widhi, satiba malanganeya, tan susah ngupaya kasil, saking mangunah prapti, Pangeran paring pitulung, marga samaning titah, rupa sabarang pakolih, parandene maksih taberi ikhtiyar // Sakadhare linakonan, mung tumindak mara ati, angger tan dadi prakara, karana riwayat muni, ikhtiyar iku yekti, pamilihing reh rahayu, sinambi budidaya, kanthi awas lawan eling, kanthi esthi antuka parmaning Suksma.”

Kaping papat, pasrah sumarah ing pitulunganing Allah. Kaya kang kacihna ing pada sewelas lan rolas iki : Ya Allah ya Rasullulah, kang sipat murah lan asih, mugi-mugi aparinga, pitulung ingkang martini, ing alam awal akhir, dumununging gesang ulun, mangkya sampun awredha, ing wekasan kadi pundi., mula mugi wontena pitulung Tuwan // Sageda sabar santosa, mati sajroning ngaurip, kali sing reh aruhara, murka angkara sumingkir, tarlen meleng malat sih, sanityaseng tyas mematuh, badharing sapudhendha, antuk mayar sawatawis, borong angga sawargi mesi martaya.” Rong pada pungkasan iki, memulang marang kita menawa mung Gusti Allah kang arsa paring pitulung. Becik lamun ing perkara apa wae kita tansah pasrah sumarah mring karsaning Pangeran. Jer Panjenengane iku nyata dadi sumbering pitulungan.

Ing gatra pungkasan, kejaba nuduhake mangsa borong marang kersaning Allah, uga dadi pratandha panutuping tembang wujud sandi asmaning panganggit. Yen den setitekake gatra pungkasan mau kacetha asmaning Ki Pujangga. Borong angga sawargi mesi martaya.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif