SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Tulung aja matur karo Mbokku, aku minggat saka omah. Aku pingin ketemu karo cah wedok. Cah wedok kuwi njupuk atiku, wektuku, lan pikiranku. Tulung aja dikandakke Mbokku.

Wengi sajrone dina iki, Simar mlaku ana ing sakambane alas. Senajan dalane peteng lan akeh dhemite, Simar ora wedi, wedine mung aja nganti konangan Mboke nek dheweke kuwi minggat amarga pingin ketemu lan ngajak balen cah wedok sing biyen wis tau dilarani atine dening Simar.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Wingi bengi, Simar ora sengaja SMS-an karo cah wedok kuwi, jenenge Asri. Simar ngajak ketemu ana ing papan panggonan sing biyasa ditekani biyen nalika isih bebarengan ngematake sore sinambi nyawang sepur liwat.

Simar nulis neng HP-ne. “Sri, aku pingin ngajak ketemu kowe, aku kepingin ngomong babagan sing biyen wis tau dak lakoni marang awakmu. Aku pingin ngajak ketemu ana ing Stasiun Lempuyangan klangenane dhewe.”

Asri banjur nyauri. “Arep ngomong apa Mas? Aku pancen arep menyang Stasiun Lempuyangan, nek arep ketemu ayo tapi aku ora bakal menehi ngerti saiki arep ngapa aku menyang kono.”

Sabanjure entuk SMS kuwi Simar ora mikir dawa, langsung budhal ora ngabari Mboke. Amarga wis kebacut seneng Asri gelem dijak ketemu maneh.

Ekspedisi Mudik 2024

Wis suwi anggene Simar kepikiran Asri, saben dina anane mung getun lan kuciwa marang apa sing biyen tau dilakoni nganti njalari Asri nangis. Simar wis mantep karo pilihan sing ana ing njero atine. Dheweke pingin banget njaluk ngapura lan ngajak balen. Simar saguh nglakoni apa wae sing dijaluk Asri.

Simar wis mlaku adoh, srengenge wis mulai katon ing sisih wetan. Wong tani mulai budhal menyang sawah. Cah cilik wiwit tangi. Mbok-mbok wis padha rampungan mangsak lan ngurus kaperluwan pawon. Ananging ana sing durung rampung, rasa ing atine Simar. Ing sakdawane dalan Simar ketemu wong tani. Banjur ditakoni.

“Mas, sampeyan badhe tindak pundi?”

“Badhe menyang kutha, Pak. Aku pingin ketemu tresnaku.”

“Lha kuthane menika ingkang pundi?”

“Ana ing Jogja. Aku pingin ketemu karo cah wedok sing biyen wis tau dak tresnani. Tulung aja dikandakke Mbokku yen aku minggat saka omah.”

Srengenge wis mulai dhuwur, gawe panas kulit lan atine Simar. Dheweke banjur ngomong karo awake dhewe.

“Aku ngerti Mbok apa sing dak lakoni iki sakjane kleru. Amarga aku ora pamitan lan njaluk restumu sakdurunge budhal. Nanging aku bakal nggawe kowe bungah amarga aku bakal nglakoni dalan sing wis dak niyati tenanan. Sesuk yen aku mulih, aku bakal matur kalih panjenengan yen aku pancen wis tenanan lan nggawa mulih Asri.”

Manuk-manuk mulih menyang susuhe, cenggeret muni ngebaki kuping lan dalan kang ora ana pungkasane. Wayah surup Simar durung ngerti kapan anggone tekan Jogja.

Simar ora numpak apa-apa kanggo menyang Jogja. Sing digawa mung niyat pingin bayar dosa sing biyen wis tau dilakoni. Simar mantep apa sing bakal diomongke bakal katrima karo Asri.

Aneng sakadohe kana ana cah wedok kang ayu rupane, becik bebudene, cah wedok sing biyen gelem nrima apa anane Simar. Nrima kabeh kekurangane Simar lan gawe pangeling-eling apik sing ora bisa dilalekake. Nanging Simar kleru nuruti apa sing sakjane ora perlu dilakoni. Simar medhot Asri tanpa alesan apa-apa.

“Le, kowe apa ya ora melas karo mbokmu iki? Bapakmu lunga pas kowe lair. Kowe wis gedhe saiki.”

“La Bapak ora bali, Mbok?”

“Aku wis ora ngarep bapakmu bali, Mar. Bapakmu minggat, mbuh ngoyak apa. Kowe piye kabare, kok ketoke tambah kuru, kowe iki lagi mikir apa? Mikir cah wedok kae?”

Simar jebul ngimpi nalika keturon ing warung, banjur tangi lan kelingan durung suwi sadurunge minggat nembe rasan-rasan karo Mboke.

Simar wis tekan Jogja. Kutha mulai padhang lampu kelap-kelip, montor lan pit seliweran ana ing dalan gedhe. Ora krasa, Simar wis seminggu minggat saka omah.

“Mas, tulung terna aku ana ini Stasiun Lempuyangan, aku pingin ketemu tresnaku ning kana.” Simar njaluk tetulung marang salah sijine tukang ojek ing kutha kuwi.

“Sampeyan sediluk maneh tekan stasiun, Mas. Sampeyan mung perlu mlaku 15 menit ngurutke dalan sisih rel iki.”

Pikirane sing wis ora karuwan lan atine sing wis degdegan marai dheweke lali dalan.Pas dina iki, Simar lan Asri bakal ketemu maneh. Wis pirang wulan anggone Simar ora ketemu Asri sapungkure kedadeyan mbiyen kae.

Jam 5 sore, Simar wis tekan Stasiun Lempuyangan, dikancani lampu lan suwara sirine sepur budhal lan mulih. Wong-wong padha lungguh, ngenteni sapa wae sing dienteni. Mbuh iku kanca, sedulur, lan uga minangka tresna.

Simar wis ora sabar ketemu Asri. Sadurunge ketemu dheweke kober mampir WC umum saprelu adus lan macak. Dheweke pingin ketok rapi lan tenanan ketemu Asri.

Ana ing arah lawang mlebu stasiun, Asri teka. Raine tambah ayu nganggo rok ireng, sepatu warior, lan jaket sing ndhek biyen dikadho Simar. Ora lali Simar karo lenga wangine Asri sing arume kegawa angin nyedhak dheweke.

Bocah loro kuwi banjur ketemu ana ing papan panggonan sing biyen tau dadi klangenane. Simar miwiti takon lan ngajak ngomong babagan apa sing pingin diomongke.

“Sri, kowe ora malih ya. Piye kabarmu saiki. Kok ketoke saiki tambah ayu saka ndhek biyen nalika pungkasan awake dhewe ketemu. Kowe isih kelingan panggonan iki ta? Panggonan sing ndhek biyen dadi panggonane awake dhewe jagongan, crita karo nyawang sore lan sepur liwat.”

“Kabarku apik, Mar. Matur nuwun yen kowe matur ngono. Aku dadi seneng amarga saiki wis isa dandan. Aku dadi duwe wektu akeh kanggo ngapa wae sapungkure kowe ninggal aku.”

“Ora ngono karepku, Sri. Aku neng kene ora meh gawe kowe kelingan karo kaluputanku biyen. Marakke gawe kowe lara ati neh karo aku.”

“Aku ora isa suwe-suwe ing kene, Mar. Nek ana sing perlu diomongke, ndang diomongke wae.”



Simar dadi degdegan, wedi salah ngomong. Wedi gawe Asri ora jenak ketemu karo dheweke.

“Aku meh ngomong karo kowe, Sri. Aku meh njaluk ngapura karo kowe, njaluk ngapura babagan kedadeyan aku ninggalke kowe. Aku gela, aku kepikiran kowe terus. Dina-dinaku mung isine mikire salahku marang kowe. Aku pingin ngajak balen. Aku pingin miwiti maneh. Apa kowe nampa aku? Apa kowe ngapurani aku?”

Apa sing diomongke Simar mantep saka njero atine. Nanging kahanan ngomong liya.

“Mar, aku wis ngapurani kowe suwi. Tapi aku pingin ngomong karo kowe. Kowe telat, Mar. Kowe neng ngendi wae wingi pas aku kelara-lara atine. Kowe neng ngendi? Lara atiku iki ora gampang marine. Aku ora isa, Mar. Aku ora isa miwiti iki maneh. Anggonku ngapurani kowe karo ngliwati dina-dina sing kelaran kuwi ora gampang.”

“Sri, aku ngerti aku salah, nanging aku saiki wis malih. Ora kaya ndhek biyen kae. Aku getun, Sri. Getun banget. Aku kepikiran kowe saben wayah. Jebul aku isih tresna karo kowe, saestu saka njero atiku.”

Simar ngomong karo mbrebes mili amarga kaget karo wangsulane Asri.

“Aku ngapurani kowe kok, Mar. Nanging aku uga njaluk ngapura. Aku ora isa. Aku ora isa balen maneh karo kowe, nek pancen niyatmu ketemu arep ngajak balen. Aku wis ngrasa kok nek kowe arep ngajak balen. Dina iki aku arep menyang Jakarta. Mar. Aku wis ketemu tresnaku ing kana. Sapurane ya, Mar. Kowe isa kok urip seneng ora karo aku. Aku percaya karo kowe, Mar.”

Langit dadi mendung, udan teka tanpa ngomong. Dina kuwi ana cah lanang sing genti ngrasakke lara atine Asri ndhek biyen. Yaiku Simar sing lara ati nanging wis ora isa ngapa-ngapa maneh karo wangsulan sing metu saka lambe lan atine Asri.

Asri budhal mengetan, ngenteni sepur. Simar budhal mbuh menyang ngendi. Mlaku terus karo ngrasakake banyu udan sing netes ana ing rai.



Simar kuciwa, kuciwa sing ora kira-kira. Simar mung isa nyalahke awake dhewe terus-terusan. Sing dirasakke kaya bener karo apa sing ana ing njero ati lan sirahe. Nanging kahanan ngomong liyane, dheweke sajane ora ing ngendi-endi, tetep ajeg neng kono, ing njero sirahe dhewe.

Manungsa kaya Simar iki emang duwe watak sing angel diomongi. Salah sijine sing isa gawe sadar ya mung awake dhewe. Simar ora kasil anggone merjuwangake atine Asri maneh. Simar durung bakal ngerti apa sejatine sing salah ana ing njero ati lan pikirane. Simar pancen sumadya nglakoni apa wae sing dipingini Asri, nanging durung sumadya karo wangsulane Asri sing ditampa dina iki.

Atine ajur, pikirane wis kelara-lara. Simar mbrebes mili, uluhe tiba deres banget kaya udan sore kuwi. Senajan wis nglakoni apa sing dianggep bener nanging malah jebul benere kuwi mung ana ing sirahe dhewe. Saiki wis ora ana cah wedok jenenge Asri ing njero sirahe nanging mung ana Simar dhewe.

Amung nelangsa sing dirasake Simar. Dheweke lali sanajan babagan urip kuwi ora mung babagan tresna lan lara ati. Babagan sing kaperlu dingerteni Simar yaiku ngapurani awake dhewe. Ngapurani apa salahe dhewe. Banjur ngelakoni urip dina sesuk sing luwih apik saka sinau kedadeyan-kedadeyan sing wis kepungkur.

“Mbok, aku pingin mulih. Aku pingin klelep ing sakjerone tresnaku marang Simbok. Aku pingin mari lan ngekep Simbok kanthi suwi”.

Surakarta, 3 Agustus 2021

 

Sigit Pratama, Sastra Daerah UNS Solo. Dedunung ing Wonosobo, Jawa Tengah





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya