SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

CERKAK: Rahayu Nur Istiana

Dadi caturing tangga, Mbak Ruri putrane Pak Mitra kae wis umur 25 tahun nanging kok isih legan. Krungu sriwing-sriwing swara ura kepenak marai ngabangne kuping. Urip bebrayan ana desa pancen ngene iki. Prawan menawa nganti umur 25 kok durung sesandingan bisa dadi caturing tangga, jare kakehan milih, nek ura pegawai ora lolos seleksi. Cangkir, kencenging pikir. Kebacut dicap kakehan nimbang-nimbang dadi menawa ana jaka arep nyedak rak ya wedi.
Mbak Ruri uga kerep didangu Mbak guru ana desane. Sabibare lulus kuliah kanugrahing Gusti langsung oleh pagaweyan, mulang ana salah sawijining sekolahan ing tlatah Karanganyar. Bola-bali digosipke menawa Pak Mitra arep mantu, sapa maneh yen ora mantokne Mbak Ruri, kuliah wis rampung pagaweyan ya wis antuk.
“Apa maneh sing ditunggu,” ngono pitakone mbokde-mbokde menawa ana ing rewangan.
Ora beda menawa ana rewangan tangga sing kagungan kersa mantu.
“Sekedap malih giliran nggone Mbak Guru.” Mesti ngono celathune piyayi-piyayi ing rewangan.
“Amin. Selot-selote bude, pangestune kemawon”, manggkono wangsulane ibune Mbak Ruri.
Luwih-luwih saiki, syukur dumateng Gusti amargi sampun menehi kelancaran dalan rizki. Mbak Ruri lulus anggone tes pegawai negeri. Kaya kenya-kenya liyane, karepe Mbak Ruri sampung rampung anggone kuliah, pagaweyan ya wis mapan, adik-adik uga wis lulus kuliah, sampun rampung tugas wragad. Karep ati dang mikir jejodohan. Dadi swara kang sumebar ing desa menawa Mbak Ruri kakehan timbangan anggone milih sesandingan, kuwi ura bener. Niating ati kados dawuhe Rasulullah menawa arep golek sesandingan gatekno petang babagan, agama prayogane menawa dadi urutan nomor siji banjur rupa, banda, lan trah.
Luwih nggegirisi ati maneh jarene wingi ibu nangis magep-magep. Jalaran krungu ngendikane Mbokde Mami.
“Nganti umur 25 kok ora ana sing mara nembung. Mesthi wae Mbak Ruri kae duweni cacat! Mung ora kasat mata bae.”
“Ampun dados galih jenengan, Bu. Mboten marga niku kula dereng sesandingan. Ati kula mawon dereng sreg.” Ngono anggone Mbak Ruri ngeyem-ngeyem ibune.
Mbak Ruri anggone dedonga yuwun marang Gusti mugi enggal cepak jodone wasana diwenehi dalan padang. Ora suwe sabibare oleh pagaweyan kang mesthi, Mbak Ruri kebukak atine kena jemparing asmara. Arjuna saka tlatah Karanganyar kuta kang bisa nlusup ing telenging ati Mbak Ruri. Mas Puja, kuat babagan agami, nggadahi trap sila lan suba sita. Babagan mangkono kuwi kang marai atine Mbak Ruri kesengsem, ora marga rupa lan banda.
***

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Sore kuwi bibar Magrib, kabeh wis pada danganging panggalih. Bapak kaliyan ibu lenggah ana omah ngarep. Mbak Ruri kang tanggap karo kahanan kuwi banjur matur marang Bapak kaliyan Ibu, menawa Mbak Ruri duwe karep sinandingan karo Mas-mas ingkang daleme Karanganyar kuta. Sapa kang nyana apa kang wis digadhang-gadhang Mbak Ruri cengkah karo kekarepane Bapak lan Ibu. Sesawangan dadi mak prepet, rasa kemremyas rata sak awak.
Sak dek sak yet Bapak wangsuli, “Ora kena, Nduk, ditimbang-timbang maneh! Menawa golek sesandingan kuwi kudu nganggo petungan ora jer nuruti senenging ati lan hawa nepsu. Kowe kuwi anak moner siji, dadi pambuka, dadi tuladha adhi-adhine mbesok. Anak nomor siji kok arep jejodohan karo anak nomor telu. Kuwi jenenge lusan, ora pareng!”
Wus dadi adate wong Jawa menawa anak nomor siji kuwi pantangan menawa arep sesandingan karo anak nomor telu.
“Coba delengen Mbak Arum kae, anak nomor siji jejodohan karo anak nomor telu. Apa dadine? Anake lair cacat.” Ngono ngendikane Bapak. Lan isih akeh maneh.
Mbak Ruri amung meneng, ananging ing jero ati uga wangsulan. Bude Wiji kaliyan Pakde Tiyo menika nggih lusan malah geying sisan, wage ketemu paing, miturut petungan Jawa uga ura kena. Ananging, tumekan seprene malah sae-sae bae tansah pinaringan kasarasan lan bagya mulya.
Mbak Ruri mung bisa meneng, kelingan pituture ustazd-ustazd kae menawa amalan kang bisa ngeterake mlebu swarga kuwi amalan anak soleh salah sawijining bekti marang wong tuwa. Kapan maneh bisa nyenengake ati tiyang sepuh nek ora saiki. Nanging, apa kang dingendikakake Bapak ora sarujuk karo pangandele Mbak Ruri. Selenca karo apa dawuhing Gusti. Ya ngene iki kang diarani konflik batin.
Sabibare kuwi, Mbak Ruri ora tau maneh ngrembug babagan jejodoan. Angger-angger didangu Mbak Ruri amung meneng, dawa-dawane tes…tumetese luh kang nggegirisi ati.
“Karepmu kepriye to, Nduk? angger-angger didangu babagan jejodohan kok meneng pijer tes…nangis. Bapak kaliyan Ibu wis sumarah. Sapa bae pilihaning atimu, ayo pada dedonga nyuwun marang Gusti mugi langgeng teka kaki-kaki nini-nini,” Ngendikane Ibune Mbak Ruri.
Sasi wingi ana piyayi kang ngajak sinambungan silaturahim. Putrane Pak Wigya sing kondang babagan dol tinuku kayu jati. Kebon jatine wis ora kepetung ambane. Celukane Mas Hans, jangkepe sapa Mbak Ruri ya ora ngerti. Gandeng ora sreg hayo wegah Mbak Ruri arep genah-genahake.
Ora maido piyayine pancen gedhe dhuwur, bagus, kuning, resik, tur tumpakane honda city griss….Bola-bali dudu babagan kuwi kang dadi timbangan. Mbak Ruri ora bisa ngapusi apa kang dirasakake ing telenging ati. Ana babagan kang ora sreg lan kuwi wigati tenan. Menawa piyayi kakung kang bakale dadi imam kaluwarga, ananging ora kuat babagan pangandelan apa ya bisa diajak omah-omah? Hayo genah ora mlebu sket! Batine Mbak Ruri.
***

Rong tahun Mbak Ruri anggone nandhang tresna. Rasa kangen kaya-kaya wus nlusup ana lulang-lulang. Kangen karo dawuhing Gusti supaya pinuju kasampurnanan agami lan nindakake sunah Rasul. Saiki wis umur 27 taun. Mateng babagan emosi lan materi. Ora kendhat anggon memuji marang Gusti enggal dipethukake karo salah sawijining pangriptaning Gusti kang bakal dadi sigaraning nyawa.
Esuk kuwi Mbak Ruri nyelakake sedela nalika jeda jam ngajar ana prelu ning kantor pajek. Anggone mlaku ora karo nyawang dalan, nanging karo mbukaki kertas ing jero map. Sajak kesusu marga selak bali ngajar.
Kae Arjuna sik ning jero kantor kae kok katon nginceng bae karo Mbak Ruri, anyak mlaku saka parkiran tumekane jero. Pancen ketok saka solahe menawa arep naroh Mbak Ruri.
“Ada yang bisa kami bantu, Mbak?”
Mbak Ruri sing lagi mlaku dumadakan mandeg jegreg, lambe kaya kena pulut, mingkem rapet ora kena kanggo mangsuli. Rasa ati dag dig dug ura karuan. Rasane isih pada nalika krungu kang sepisan. Swara mau, tansah disimpen rapet ana ing memori. Swara kang bisa anggawe tresna rong taun kepungkur.
***

Gegarane wong akrami dudu bondho dudu rupo, amung ati pawitane, luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel angel kalangkung, tan kena tinumbas arta…
Sekar asmarandana dipun midangetaken para tamu sinambi dahar pasugatan. Kabeh sesawangan ora luput saka temanten kekalih. Pengantin putrine pancen manis, sumringah kaya sumunaring candra lan kartika. Ora beda pengantin kakung uga katon gagah lan  perbawa. Sapa maneh nganten putri nek ora Mbak Ruri putrane Pak Mitra.
Apa kang digarisake Gusti menawa bisa ditampa kanthi sareh rasane mesthi kepenak. Keletana gunung sap pitu jodho mesti ketemu, ngono bebasane.
“Nuwun sewu, Mbak..nganten kakung asmane sinten nggih?” pitakone salah sawijining tamu.
“Pujo…saking Karanganyar kuto”
Kira-kira sepasar sabibare pawiwahane Mbak Ruri. Dusune Mbak Ruri geger krungu warta menawa Pak Wigya sak antek-anteke dijebloske penjaran. Ora keri Mas Hans putra ontang-antinge Pak Wigya. Gusti ora sare, jebule kayu jati kang dienggo dol tinuku Pak Wigya kuwi ilegal.

Wasana, Desember 2009

Penulis adalah alumnus tahun 2006 FKIP Bahasa, Sastra Indonesia dan Daerah, UNS. Sekarang sebagai staf pengajar di SMK N 2 Karanganyar. Aktif di TASCAKRA (Komunitas Pembaca Karanganyar). Eks Pembimbing KIR dan Jurnalistik di SMP N 1 Tasikmadu. Karya yang dipublikasikan: cerpen (Jeda), Artikel (Bahasa Kita), Cerkak (Jagag Sastra), Ah Tenane_ Solopos; cernak (Yunior)_Suara Merdeka.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya