Jagad-jawa
Sabtu, 5 Maret 2022 - 21:14 WIB

Cerkak Kangen Cengkaruk

Endang S. Sulistiya  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Sajake bener yen udan iku duwe kuwasa magis. Ngrungokake tletik-tletik banyu grimis, ati krasa diiris-iris. Semana uga rikala keprungu tlebok-tlebok banyu udan, dhadha kaya didhodhog-dhodhog. Sawise kuwi awak iki keseret kenangan. Dadi gampang gembeng utawa bahasa liyane melankolis.

Aku lungguh sangga uwang sandhek lawang, cedhak cendhela. Dhewekan neng ruwang tamu sing rada petheng amarga lampu dakjarna mati. Mripatku ora bosen nyawang tibane banyu udan saka weninge kaca cendhela. Banyu udan sing tiba natap dalan banjur nyiprat muncrat. Neng sawanganku kaya air mancur mini ing taman kutha.

Advertisement

Jaman cilikanku biyen, wewayanganku iku cukup anggone nambani kepinginanku ndelok air mancur sing ora kelakon. Olehku weruh air mancur kaping pisan yaiku saka film-film ing TV. Maklum wae bocah cilik ndesa, weruh apa sithik ing TV sing katon apik mesthi langsung dadi melik.

Dene bojoku lan anakku wadon padha sibuk karo kagiyatane dhewe-dhewe. Bojoku dolanan HP sinambi nunggu warung. Werna-werna tontonan sing asring didelok saka YouTube. Kayata bal-balan, musik, lan film.

Padha dene kaya bapake, Dinar sing taun iki mlebu SMP uga ora isa adoh saka HP. Ajeg ngakune nyang aku sinau utawa nggarap tugas ing kamar. Nanging kasunyatane malah dolanan HP. Mau pas dakinjen bocahe malah asyik selfi-selfi. Banjur kuwi foto diedit-edit ben saya ayu kanggo diposting ing Instagram. Aku amung gedhek-gedhek sirah nyurupi tumindhake anakku wadon.

Advertisement

Mboh, nek aku kok kawit biyen ora tau jenenge fanatik karo HP. Aplikasi sing kerep dakgunakake kawit biyen tekan saiki ya mung tilpun lan kanggo nulis pesan. Kala-kala ya ngrungokake musik utawa dolanan game nanging mung pisan pindo. Ora nganti tuman utawa keblablasen.

Nyurupi anak lan bojoku sing kedanan HP ngunu kuwi kok rasane dadi nglangut dhewe. Jare kulawarga nanging ora tau kumpul bareng sing tenanan srawung amarga kesingget karo kadigdayan HP.

Lungguh pancen jejeran nanging tolah-toleh wae ora. Mripat tansah menthelengi HP. Apa maneh ngarepake isa jagongan saka ati nyang ati. Kahanan iki kaya tembung: raga cedhak, ati adoh. Bener-bener ora ana quality time. Kamangka ancase aku metu saka pabrik iku supaya bisa fokus ngurusi bojo lan anak. Uga ngraketake gegayutan antarane bapak, ibu lan anak. Lha kok saiki malah kedadeyane kaya mangkene.

Swara umeg bocah-bocah sing padha udan-udanan kaya-kaya ngitik-itik kenangan jaman cilikan. Biyen nalika udan aku lan kanca-kancaku asring udan-udanan. Playon mrana-mrene banjur mandeg yen nemoni talang. Gembrojog banyu talang dakanggep air terjun Tawangmangu. Kaya mengkana wae rasane wis bungah banget.

Advertisement

Lamunanku sansaya adoh. Biyen yen bapak uga ibu menging aku udan-udanan, aku bakal mrengut nesu. Dening Mas Didik kangmasku sing nomer papat, aku banjur diajak gawe kapal-kapalan. Prau saka kertas itu sabanjure dakuncalake lewat cendhela nyang dalan banyu.

Kenangan wayah udan liyane sing ora bakal daklalekake yaiku kulawargaku sing bakal nglumpuk dadi siji ngrubungi tembor sing isine cengkaruk. Prasasat cengkaruk ing jaman semana iku ora ana tandingane. Kaya-kaya cengkaruk uwis dadi panganan wajib ing wayah udan.

Lungguh nyingkruk, jagongan, guyonan, ece-ecenan dikancani karo kriyuk-kriyuk cengkaruk pancen nyenengake. Sanajan cengkaruk dudu panganan larang nanging aku lan dulur-dulurku mesti wae padha rebutan. Ngeruk cengkaruk sak akeh-akehe terus tangane ngecengceng supaya ora direbut karo liyane.

Kaya mengkana iku genah wae dudu rebutan congkrah-congkrahan nanging rebutan sayang-sayangan. Dene cengkaruk sing rupane soklat utawa diarani teyengen mesthi dadi rebutan. Cengkaruk teyengen iku dumadi saka sega sing dipeme terus kudanan. Mula ora sampurna garinge. Nanging amarga iku rasane dadi slenca tur malah ndadekake tuman.

Advertisement

Swara gludhug saknalika gawe aku kaget. Aku tangi saka anggonku ngalamun. Ngerti-ngerti pipiku uwis teles kebes dibanjiri luh. Nganggo lengen kaos luh neng pipi dakusap.

Dumadhakan dhadhaku krasa seseg nalika kelingan marang sedulurku sing cacahe papat. Kangmas-kangmasku kabeh saiki wis padha netep manggon ing kutha gedhe. Sajake wis jenak neng paran, kangmas-kangmasku iku padha ora tau mulih nyang desa maneh.

Pamungkasane kangmas-kangmasku padha mlebu omah iki maneh yaiku nalika nyewu ibu. Sawise acara tahlilan, tangga-tangga padha mulih, aku lan kangmasku kumpul neng ruwang tamu sing dakpanggoni iki. Wiwit kangmas-kangmasku padha ngotot ngomongake babagan adum warisan, aku wis duwe sangkan yen mburine bakal congkrah.

Dumadi apa sing dakwedeni, pasuryane kangmasku pada mencereng. Kabeh pingin oleh bageyan lemah utawa sawah sing amba lan sing pas pinggir dalan gedhe. Genah congkrah iku dudu congkrah sayang-sayangan maneh kaya biyen pas rebutan cengkaruk.

Advertisement

Wektu iku, aku nganti ngewel keweden nyawang kangmas-kangmasku sing padha padu. Omonganku lan tangisanku babar blas ora digagas karo kangmas-kangmasku. Begjane wektu iku aku isa duwe kakuwatan kanggo mlayu nyang omahe pakdheku nalika kangmas-kangmasku arep padha jotos-jotosan.

“Woalah, Ibu wonten mriki ta?” swara Dinar dumadhakan gawa bali kasadaranku.

“Piye, Dhik?” semaurku karo ndingkluk. Ndhelik-ndhelik aku ngusap luh sing uwis mbanjiri pipi maneh.

“Panjengan dipadosi Bapak. Turene Bapak kepingin ngemil.”

“Lha ing warung kan akeh jajanan ta, Dhik. Gari jupuk ngunu wae kok.”

“Lha Bapak nyuwunipun ingkang anget-anget niku, Bu. Bakwan, tempe, punapa klethikan sing anget-anget ngoten,” wangsulane Dinar.

Advertisement

Aras-arasen aku njangkah nyang pawon. Teka pawon, mripatku langsung nubruk kresek isi sega garing sing cementhel ing lawang. Ora let suwe, sakbaskom cilik cengkaruk uwis sumadya. Aku, bojoku, lan Dinar lungguh nyingkruk neng klasa. Jagongan lan gojegan. Dhuh, ati iki langsung krasa maknyes. Adhem.

 

Endang S. Sulistiya. Pandhemen sastra Jawa manggon ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remem nulis sastra Jawa lan Indonesia. FB: Endang S. Sulistiya. IG: @endangsrisulistiya.

Advertisement
Kata Kunci : Cerkak Cengkaruk
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif