Tutup Iklan

Sugiarto B Darmawan

"Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane."

"Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe."

"Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?"

Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh.

"Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?" Sarmin takon maneh sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk gragapan. Abot rasane arep njawab, dheweke mung bisa mijet-mijet sirahe mitrane mau.

Sarmin saiki siji-sijine mitrane saka desane sing ana sandhinge. Nanging mitrane sing mung keri siji iki saiki gumlethak tanpa daya. Wis meh sepuluhan dina iki lara. Embuh lara apa. Parman ora ngerti amarga durung dipriksakake menyang dokter. Dheweke uga ora ngerti carane kepriye nambani larane mitrane raket kuwi. Sing bisa dilakoni mung ngancani lan mijeti awake sinambi ngerih-erih supaya sabar lan ndonga marang Sing Maha Kuwasa supaya enggal mari.

"Coba rungokna, Man. Rungokna! Rungokna kae bocah-bocah padha nembang Jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Ing sangisore wit sawo ing latare pak lurah. Jamuuuran… yo gegethok… jamuuuran… piye teruse, Man? Piye?"

"Elinga, Min! Elinga! Iki ing kutha gedhe, ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Tontonen kae lampu mercury sing padhang njingglang. Tontonen kae gedhong-gedhong dhuwur sing pating jenggelek. Ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran," semaure Parman lirih amarga ngantuk.

Rong sasi kapungkur kekarone teka ing kutha gedhe iki. Saka ndesa pengin golek pagaweyan. Miturut ujaring wong akeh golek dhuwit ing kutha gedhe luwih gampang ketimbang ing desa sing mencil ing ereng-erenging gunung ing pinggir alas. Ora lali ijazah SD sing sing ditampa limang tahun kapungkur ya digawa. Sangu dhuwit ora sepiraa kekarone teka ing kutha gedhe iki. Kanggone nom-noman loro iki nyambut gawe apa bae dilakoni, sing baku halal ora nerak angger-angger. Kekarone dadi buruh bangunan. Kekarone wis melu mbangun puluhan gedhong lan melu mblasak ing saindhenging kutha ngetutake juragane proyek.

Kekarone pancen mung duwe tenaga lan otot sing rosa minangka piyandele. Nanging, kuciwane sepuluhan dina kepungkur Sarmin nandhang lara. Mundhak dina larane mundhak ndadra. Sidane saiki nglempreg tanpa daya. Jan-jane Parman pengin ngajak mulih, nanging durung oleh idi palilah saka mandhore, isih disemayani telung dina engkas.

"Man, aku pengin menyang sawah maneh. Macul, nandur pari, matun lan  pengin ngambu gandane lendhut sing anyep ing sikil. Ooo… tontonen kuwi! Tontonen kuwi manuk-manuk kuntul padha nunggangi gegere kebo. Rungokna kuwi kodhok-kodhok sing padha ngorek mbungahi!"

Parman gragapan maneh krungu tembunge kancane iku. Gumun krungu kandhane Sarmin sing lancar, kamangka lagi nandhang lara sing nemen. Parman mijet-mijet awake Sarmin. Krasa panas kaya mawa.

"Nanging… ah geneya rembulan  ing dhuwur kae pucet kaya ngana!"

Parman mandeng langit. Rembulan ing langit kana pancen katon pucet. Dheweke kelingan sore mau Sarmin njaluk metu saka brak sing dinggo turu buruh-buruh bangunan kaya dhewe. Lan saiki kekarone turu ing latar amba ing ngarep gedhong sing durung dadi, saengga langit wengi kang bawera lan kebak lintang ngenthang-ngenthang ing ndhuwure.

"Man, kapan awake dhewe bali menyang desa?"

"Sabar Min. Aku wis oleh idi palilah Pak Mandhor, nanging nunggu telung dina engkas amarga dhuwite bayaran durung ana."

"Eh, ya. Aku wis kangen banget marang bapak simbok. Aku pengin banget menyang sawah maneh. Mesthi sedhela maneh desane dhewe panen lan ana wayang rasulan, bersih desa. Nanging ah… geneya rembulan ing ndhuwur kae sansaya pucet cahyane."

"Min, elinga, Min!" aloke Parman lirih lan tambah gumun marang kancane sing ngoceh ora karuwan iku.

"Sesuk esuk manawa srengenge wis mlethek, aku ora kepengin ana kene maneh. aku pengin macul lan ngrungokake swarane manuk prenjak sing ngayer ing papringan. Aku wis ora kepengin ngrungokake swarane montor sing mbudhegi kuping lan sengake bensin sing mlebu ing irung."

"Ya… ya… aku mangkono uga, Min. Sing sabar ya! Suk yen Pak Mandhor wis menehi dhuwit kowe mesthi tak jak mulih. Kowe bakal ketemu bapak lan simbokmu maneh."

"Tenan ya, Man?" swarane Parman sing mau lirih saiki dadi rada banter kebak pengarep-arep.

"Tenan, Min! Aku uga pengin macul ing sawah maneh. Ngrasakake anyepe banyu kalen sing mili. Ngrungokake ocehe manuk ing papringan. Nonton wayang lan nyawang bocah-bocah dolanan jamuran," ujare Parman ngeyem-ngeyemi kancane amarga mesakake nyawang kahanane.

Sajake Sarmin marem, amarga sawise kuwi dheweke banjur meneng. Kahanan dadi sepi maneh. Kadhangkala saka arah brak keprungu swara watuk-watuk lan napas sing sajak abot saka buruh-buruh sing turu kekeselen. Mesthine buruh-buruh kancane mau padha turu kepati nyaur kesel sing disangga sawise sedina muput meres tenaga.

Ing dalan krungu swarane mobil kang ngebut banter. Sawenehing mobil liwat, lan dumadakan saka njero mobil mau kumleyang gendul-gendul minuman keras kang diuncalake, ngantem aspal lan ambyar dadi sawalang-walang. Banjur lamat-lamat keprungu guyune wong sing lagi padha mendem ing sajroning mobil mau. Lan ing emperan gedhong sing durung dadi mau, Parman liyer-liyer nyangga ngantuk. Sirahe Sarmin isih ana pangkone.

"Man, Parman!" lirih Sarmin aruh-aruh. Ora ana jawaban.

"Maaaan!" saiki rada banter.

"Heeemm…  ya. Ana apa?" saute Parman aras-arasen.

"Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae katon pucet."

Parman tambah gumun amarga kancane sing lagi nandhang lara iku takon bab rembulan sing pucet maneh. Rembulan lan sawah. Geneya?

Ah, mesthine Sarmin kangen banget marang desane lan kelingan marang jaman isih cilik nalika saben padhang mbulan bareng-bareng dolanan ana latar kang jembar lan padhang. Parman dadi kelingan jaman nalika isih cilik lan manggon ing desa pinggir alas kana. Bebarengan wong loro angon kebo. Dheweke kelingan nalika kekarone dioyak-oyak Mbah Suta sing kondhang galak amarga kebo-kebone mangani parine Mbah Suta. Menyang sekolah sawise angon kekarone uga bareng, turu ing langgar nganti nyolong pelem ing kebone Pak Lurah uga bareng.

Nanging saiki Sarmin nglempreg tanpa daya. Awake panas kaya mawa. Ya Sarmin sing sregep menyang sawah lan terus bae macul ing sangisore srengenge kang panas. Sarmin sing seneng dolanan jamuran sing sangisoring sunar rembulan. Sarmin sing sadurunge mangkat menyang kutha terus terang kandha marang dheweke manawa kepencut marang Sumini, anake Lik Wongso, lan duwe rencana manawa wis oleh dhuwit sing akeh saka kutha bakal nglamar Sumini. Ah, apa Sumini ngerti manawa saiki Sarmin nglempreg tanpa daya?

"Aku kangen marang sawah lan pengin dolanan jamuran maneh, Man!"

"Ya…ya… aku uga mangkono, Min!"

”Jamuran…ya gegethok…jamuran ya gegethok… Ah nanging geneya mbulane tambah pucet!" grenenge Sarmin.

Sepi sauntara. Hawane sansaya atis. Parman pengin ngajak Sarmin mlebu menyang brak. Nanging…

"Man, apa gelem kowe tak jak munggah menyang rembulan?"

"Oooo… mesthi bae! Mesthi bae!" saure Parman kanthi bingung. Tangane ngelus-ngelus bathuke Sarmin. Panas sing kaya mawa ora mendha-mendha.

"Ohh… Man! Awake dhewe bareng-bareng munggah menyang rembulan. Apa ing kana ya ana sawah lan kebo ya, Man?"

"Ohh… mesthi ana, Min! Mesthi ana!"

"Oohh… senenge manawa mangkono," lirih kandhane Sarmin. Banjur sepi maneh. Rada suwe, Parman tambah ngantuk.

Bebarengan karo Sarmin, Parman mabur menyang rembulan. Tangane wong loro gegandhengan. Nanging dumadakan ing satengahing dalan tangane Parman uwal saka tangane Sarmin. Parman tiba kumleyang ing langit kang jembar, dene Sarmin terus bae mabur. Mabur. Mabur menyang rembulan. Parman mbengok sarosane nyeluki Sarmin. Nanging Sarmin ora nggape. Lan wekasane awake Parman tumiba ing bumi. Parman mbengok sora. Mripate melek pendirangan. Aahhh… tibake mung impen. Nanging…

Min…Sarmin! Min…Sarmin…!" Parman ngoyog-oyog awake Sarmin sing isih turu ing pangkone. Nanging ora ana wangsulan…

Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya

Kolom

Langganan Konten