Cerkak Kacembang Gadhung

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake.

 Ilustrasi sarang walet (Freepik)

SOLOPOS.COM - Ilustrasi sarang walet (Freepik)

Sipat wasis utawa kapinteran dening sakehe kewan iku kena kanggo ngangkat sipate manungsa. Kadhang kala sipate bisa kanggo pameling utawa tuladha sarta sarana kawruh kawicaksananing urip ana ing alam donya.

Kacarita, ing satengahing wana gung utawa alas gedhe kang ora nate diambah dening manungsa ana kauripane sato wana utawa kewan alas kang jinise iwen, yaiku jejering manuk kacembang gadhung. Alas mau kondhang gawat kaliwat-liwat sarta isih kebak ri bandhil bebondhotan uga wit-witan gedhe. Akeh manuk lan kewan-kewan galak kang mapan ing sajrone alas. Awit karana mangsa katiga kang wus lumaku suwe, dumadakan alas mau kobong.

Ana sawijine manuk wadon kang manggon ing jerone alas, manuk iku mau lagi wae nduweni anak kang durung bisa mabur, lima cacahe. Dene pasangane, utawa manuk kang lanang, lagi miber golek babon liya ing sajabaning alas. Dheweke lali marang pasangane. Manuk wadon ijen anggone ngopeni anak-anake.

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake, “Geni wus meh teka, nuju susuhe awake dhewe, bakale ngobong kabeh apa sing dipethuki. Ora suwe maneh, awake dhewe melu kobong lan tumeka pati. Kabeh sato wana wis kelangan pangarah, maneh-maneh swaraning alas gumludhug awit saka rubuhe wit-witan kang kobong. Oh Ngger, anakku, melas temen nasibmu. Dene kowe durung bisa mabur. Bakale kowe mesthi dadi mangsane geni. Apa kang bakal dak tindakake? Bapakmu wis lunga ninggalake awake dhewe nalika kowe padha durung netes. Aku ora kuat yen ta nggawa lunga kowe kabeh saka alas kene.”

Nadyan geni samsaya gedhe lan wus meh mrambat tumuju ing susuhe manuk, manuk wadon mau ora nduweni pangrasa bakal ninggalake anak-anake. Ujare kandha, “Aku bakal tetep ana kene. Bakal mati bareng karo kowe kabeh, Anak-anakku.”

Sawise ngucap kaya mangkono, manuk wadon banjur weruh leng tikus, “Sacedhake oyot wit gedhe kae ana leng tikus. Aku bakal mapanake kowe kabeh ana ing sajerone leng kae. Sawise, dalane lumebu bakal dak tutup supaya geni ora bisa tumeka njero. Yen geni wus sirep, aku bakal bali lan ngetokake kowe kabeh, Anak-anakku.”

Anak-anake kabeh mau nampik panemune ibune, kandhane, “Ibu, tikus ing sajerone leng punika bakal mangsa awake dhewe kabeh. Aluwung mati kobong katimbang mati dados mangsane tikus, Bu.”

Ibune ngupaya supaya atine anak-anake ayem, “Tikus ing sajerone leng kae wis dimangsa manuk alap-alap, Ngger. Mula, ora ana sing bakal mbok kuwatirake.”

Anak-anake nyemauri kandhane ibune, “Nanging maksih wonten tikus sanes-sanese, Bu. Sapatine si tikus, mboten kok ndadosaken mboten wontene bebaya sanese. Ibu, enggala ibu ninggalake kula kabeh. Kula kabeh mboten purun menawi mlebet ing leng nika. Ibu mboten usah ngurbanaken dhiri kangge kula kabeh. Kula kabeh mboten pantes nampi pangurbananing ibu. Kula kabeh dereng nate males menapa-menapa kagem ibu. Kula kabeh namung nekakaken kasusahan dhateng ibu. Enggala tindak saking ngriki ibu. Saupami kula kabeh saged slamet, ibu saged wangsul mriki sabibare geni sirep. Enggala tindak saking ngriki, Ibu!”

“Plasss!” Saka cupete nala, si manuk wadon mabur ninggalake alas.

Kanthi kebat, geni nyamber susuh kang isine anak-anak manuk kacembang gadhung. Anak manuk sing paling tuwa kandha, “Wong kang wicaksana iku, bisa ngerti tekane bebaya lan tetep teguh saka bebaya kang nyedhaki.”

Kanthi mesem sarta teguh, anak-anak manuk mau angrantu tekaning geni, pangucape, “Oh geni, ibu wis ninggalake aku kabeh. Aku kabeh durung ngerteni wujud salirane bapak. Oh geni, kowe papan pangayomanku. Sawangen, aku kabeh durung nduweni daya kakuwatan kanggo mabur. Ora ana sing bisa ngayomi. Aku pasrah pangayoman marang kowe, Geni.”

Kobare geni saklangkung ngobong saisine alas. Nanging karana gaibing alam, anak-anak manuk kacembang gadhung mau, siji-sijia ora ana sing katut kobong. Nalika geni wus sirep, banjur ibune si manuk mau bali. Atine kaget dene meruhi anak-anake ora ana sing kobong kepangan geni. Kanthi bungahe ati banjur nyikep anak-anake.

Ing sajabane alas, manuk lanang meruhi dene alas kang dadi papan susuhe pasangane kobong. Banjur kepikiran marang pasangane kang wektu ditinggal lagi ngangremi endhog. Sakala, dheweke banjur bali menyang papan susuhe.

Katon si manuk wadon ora perduli tekane pasangane, si manuk lanang. Manuk wadon kadlarung bungah atine karana anak-anake bisa slamet saka bebaya alas kobong. Sawetara manuk wadon nyawang marang manuk lanang karo takon kenapa dheweke bali mrene.

Kandhane manuk lanang, “Oh pasanganku lan anak-anakku, kowe kabeh bisa slamet saka bebaya alas kobong. Endi anakku sing paling tuwa?”

Semaure manuk wadon, “Apa sampeyan perduli? Kana balia marang pasangan anyarmu!”

Kanthi ngucap kang ngemu surasa, si manuk lanang banjur kandha, “Yen wis peputra utawa nduweni anak, jejere wanita iku mesthi luntur kaperduliane marang kakunge. Ya, ya pancen kaya mangkeneiki, urip!”

***

Kevin Meinandoval
Sutresna Sastra Jawa, mapan ing Pengging, Banyudono, Boyolali, Jawa Tengah. Alumnus Institut Seni Indonesia Solo.

Berita Terkait

Espos Premium

Kemarin Delta Bikin Heboh, Sekarang Covid-19 Ada Varian Mu, Harus Bagaimana?

Kemarin Delta Bikin Heboh, Sekarang Covid-19 Ada Varian Mu, Harus Bagaimana?

Pemerintah memperketat pengawasan dan karantina pelaku perjalanan ke Indonesia di bandara dan pelabuhan internasional guna mencegah varian Mu dari virus penyebab Covid-19 masuk ke Tanah Air. Kemunculan varian Mu mendorong pemerintah memperketat pengawasan dan karantina pelaku perjalanan internasional yang masuk ke Indonesia.

Berita Terkini

Geguritan Anjrah Lelono Broto

wewayangan klawuning jangkah kutah malambah kinanthi kidung manembah

Cerkak Kacembang Gadhung

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake.

Geguritan Eko Wahyudi Merapi

Ing pojokan sisih kidul wetan, Titenane akeh wong pating grumbul, Ngrahapi pecel sinambi guneman pating trecel

Cerkak Nggoleki Dalan Padhang

Wong loro banjur golek dalan mlaku mlebu wana, sing miturut wong loro wis meh cerak desane. Dhuwit asil dodolane sing akeh ing tas dadi ora ana ajine. Nganti sedina wutuh wong loro kuwi mau durung nemu dalan.

Geguritan Faris Al Faisal

Aku nganggo blangkone mbah kakung, Mésem ing ngarep pangilon, Mbayangna pangéran jawa

Cerkak Katresnan kang Suci

Sruwing-sruwing aku kok krungu swara sing ora menake kuping, jare antarane aku lan bakul sayur saka Tawangmangu ana hubungan istimewa.

Geguritan Susanto Sagipah

Pepeling lan wis ditulis mawa tenger barang wis ilang ing suwalike kahanan peteng

Cerkak Tikus Ampak-Ampak

Gemrudug, tikus-tikus mau terus mlaku kanthi rancak, krosag..krosag….krosag

Cerkak Wani Ngalah Nyata Tenan Larane

Dheweke duwe pirasat ora apik, dheweke sumelang menawa kandhane Erwin iku dadi ukara pamit salawase.

Cerkak Ninggal Cathut Pinggir Lurung

Wiwit ketemu ing Jogja wulan sadurune, nganti seprene tetep ora ana pirembugan maneh. Citra wis mantep, manawa Argo nggekengi panemune, dheweke trima mundur.

Geguritan Siti Siamah

Wis pantes diarani edan-edanan, yen mayit bae dadi rebutan

Cerkak Ingon-Ingon Putu

Endah bungahe dhadhane Pak Zuhri. Wiwit saiki dheweke ora bakal krasa sepi maneh. Kawit garwane seda, terus sapine didol, Pak Zuhri kaya wong linglung saking bingung ora duweni kagiyatan lan panglipuran.

Parikesit Ngleluri Pambiwara Basa Jawa

Sanggar Budaya Jawa, Lembaga Kursus dan Pelatihan (LPK) Parikesit, Karanganyar. dadi wadah kanggo ngleluri pambiwara basa Jawa.

Cerkak Tato Gambar Naga

Tato iku padha karo preman, rusak, laku ma lima, murang tata, lan kabeh cap kang ndumuk pakarti ala.

Geguritan Bonari Nabonenar

Langit Wis Kebak Panjerit lan Kumandhange Tangis

Terjadi di Solo, Pertunjukan Wayang Tanpa Penonton

Pertunjukan wayang tanpa penonton terjadi di Solo, tepatnya saat pelaksanaan Festival Dalang Cilik Surakarta 2021.