Jagad-jawa
Minggu, 1 Agustus 2021 - 22:45 WIB

Cerkak Kacembang Gadhung

Kevin Meinandoval  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ilustrasi sarang walet (Freepik)

Sipat wasis utawa kapinteran dening sakehe kewan iku kena kanggo ngangkat sipate manungsa. Kadhang kala sipate bisa kanggo pameling utawa tuladha sarta sarana kawruh kawicaksananing urip ana ing alam donya.

Kacarita, ing satengahing wana gung utawa alas gedhe kang ora nate diambah dening manungsa ana kauripane sato wana utawa kewan alas kang jinise iwen, yaiku jejering manuk kacembang gadhung. Alas mau kondhang gawat kaliwat-liwat sarta isih kebak ri bandhil bebondhotan uga wit-witan gedhe. Akeh manuk lan kewan-kewan galak kang mapan ing sajrone alas. Awit karana mangsa katiga kang wus lumaku suwe, dumadakan alas mau kobong.

Advertisement

Ana sawijine manuk wadon kang manggon ing jerone alas, manuk iku mau lagi wae nduweni anak kang durung bisa mabur, lima cacahe. Dene pasangane, utawa manuk kang lanang, lagi miber golek babon liya ing sajabaning alas. Dheweke lali marang pasangane. Manuk wadon ijen anggone ngopeni anak-anake.

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake, “Geni wus meh teka, nuju susuhe awake dhewe, bakale ngobong kabeh apa sing dipethuki. Ora suwe maneh, awake dhewe melu kobong lan tumeka pati. Kabeh sato wana wis kelangan pangarah, maneh-maneh swaraning alas gumludhug awit saka rubuhe wit-witan kang kobong. Oh Ngger, anakku, melas temen nasibmu. Dene kowe durung bisa mabur. Bakale kowe mesthi dadi mangsane geni. Apa kang bakal dak tindakake? Bapakmu wis lunga ninggalake awake dhewe nalika kowe padha durung netes. Aku ora kuat yen ta nggawa lunga kowe kabeh saka alas kene.”

Advertisement

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake, “Geni wus meh teka, nuju susuhe awake dhewe, bakale ngobong kabeh apa sing dipethuki. Ora suwe maneh, awake dhewe melu kobong lan tumeka pati. Kabeh sato wana wis kelangan pangarah, maneh-maneh swaraning alas gumludhug awit saka rubuhe wit-witan kang kobong. Oh Ngger, anakku, melas temen nasibmu. Dene kowe durung bisa mabur. Bakale kowe mesthi dadi mangsane geni. Apa kang bakal dak tindakake? Bapakmu wis lunga ninggalake awake dhewe nalika kowe padha durung netes. Aku ora kuat yen ta nggawa lunga kowe kabeh saka alas kene.”

Nadyan geni samsaya gedhe lan wus meh mrambat tumuju ing susuhe manuk, manuk wadon mau ora nduweni pangrasa bakal ninggalake anak-anake. Ujare kandha, “Aku bakal tetep ana kene. Bakal mati bareng karo kowe kabeh, Anak-anakku.”

Sawise ngucap kaya mangkono, manuk wadon banjur weruh leng tikus, “Sacedhake oyot wit gedhe kae ana leng tikus. Aku bakal mapanake kowe kabeh ana ing sajerone leng kae. Sawise, dalane lumebu bakal dak tutup supaya geni ora bisa tumeka njero. Yen geni wus sirep, aku bakal bali lan ngetokake kowe kabeh, Anak-anakku.”

Advertisement

Ibune ngupaya supaya atine anak-anake ayem, “Tikus ing sajerone leng kae wis dimangsa manuk alap-alap, Ngger. Mula, ora ana sing bakal mbok kuwatirake.”

Anak-anake nyemauri kandhane ibune, “Nanging maksih wonten tikus sanes-sanese, Bu. Sapatine si tikus, mboten kok ndadosaken mboten wontene bebaya sanese. Ibu, enggala ibu ninggalake kula kabeh. Kula kabeh mboten purun menawi mlebet ing leng nika. Ibu mboten usah ngurbanaken dhiri kangge kula kabeh. Kula kabeh mboten pantes nampi pangurbananing ibu. Kula kabeh dereng nate males menapa-menapa kagem ibu. Kula kabeh namung nekakaken kasusahan dhateng ibu. Enggala tindak saking ngriki ibu. Saupami kula kabeh saged slamet, ibu saged wangsul mriki sabibare geni sirep. Enggala tindak saking ngriki, Ibu!”

“Plasss!” Saka cupete nala, si manuk wadon mabur ninggalake alas.

Advertisement

Kanthi kebat, geni nyamber susuh kang isine anak-anak manuk kacembang gadhung. Anak manuk sing paling tuwa kandha, “Wong kang wicaksana iku, bisa ngerti tekane bebaya lan tetep teguh saka bebaya kang nyedhaki.”

Kanthi mesem sarta teguh, anak-anak manuk mau angrantu tekaning geni, pangucape, “Oh geni, ibu wis ninggalake aku kabeh. Aku kabeh durung ngerteni wujud salirane bapak. Oh geni, kowe papan pangayomanku. Sawangen, aku kabeh durung nduweni daya kakuwatan kanggo mabur. Ora ana sing bisa ngayomi. Aku pasrah pangayoman marang kowe, Geni.”

Kobare geni saklangkung ngobong saisine alas. Nanging karana gaibing alam, anak-anak manuk kacembang gadhung mau, siji-sijia ora ana sing katut kobong. Nalika geni wus sirep, banjur ibune si manuk mau bali. Atine kaget dene meruhi anak-anake ora ana sing kobong kepangan geni. Kanthi bungahe ati banjur nyikep anak-anake.

Advertisement

Ing sajabane alas, manuk lanang meruhi dene alas kang dadi papan susuhe pasangane kobong. Banjur kepikiran marang pasangane kang wektu ditinggal lagi ngangremi endhog. Sakala, dheweke banjur bali menyang papan susuhe.

Katon si manuk wadon ora perduli tekane pasangane, si manuk lanang. Manuk wadon kadlarung bungah atine karana anak-anake bisa slamet saka bebaya alas kobong. Sawetara manuk wadon nyawang marang manuk lanang karo takon kenapa dheweke bali mrene.

Kandhane manuk lanang, “Oh pasanganku lan anak-anakku, kowe kabeh bisa slamet saka bebaya alas kobong. Endi anakku sing paling tuwa?”

Semaure manuk wadon, “Apa sampeyan perduli? Kana balia marang pasangan anyarmu!”

Kanthi ngucap kang ngemu surasa, si manuk lanang banjur kandha, “Yen wis peputra utawa nduweni anak, jejere wanita iku mesthi luntur kaperduliane marang kakunge. Ya, ya pancen kaya mangkeneiki, urip!”

***

Kevin Meinandoval
Sutresna Sastra Jawa, mapan ing Pengging, Banyudono, Boyolali, Jawa Tengah. Alumnus Institut Seni Indonesia Solo.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif