SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Untung Sularno

Bola-bali wanita kuwi ndhingkluk sajak lingsem. Anake sing umure kira-kira petang taun lungguh anteng ing pangkone. Sirahe sengaja kanggo amping-amping praupane ibune sing katon semburat abang nalika aku lungguh ing jejere.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Tindak ngendi, Mas?” pitakone wanita kuwi keprungu lirih kairing swarane mesin bis antarkota. Sanalika aku noleh ngulati wanita kuwi. Bareng irung, lambe lan janggute katon komplit atiku dadi ora karuan rasane.

“Heni?”

Ekspedisi Mudik 2024

“Iya, Mas,” pocape kanthi esem merak ati, esem sing tau gawe ngalad-alading tresnaku, gawe sumedhoting atiku, lan gawe morak-mariking panjangkahku. Karo nata ati sing sanalika gumregah binarung sadhengah panggraita kang ngulandara aku gedhed-gedheg nyingkirake saklentheng ati cuwa.

Pawakane Heni saiki kuru, pipine katon rada kempot, sorot mripate sing saiki kaya dimar mbleret kentekan lenga nambah praupane sansaya katon alum.

“Kok dhewekan, Mas? Garwane endi?” pitakone Heni. Aku mung mesem kecut kanggo njawab pitakone. Embuh aku ora ngerti apa sing ana ing pikiran lan atine marang aku saiki.

“Dhasar, wanita!” pocapku nggugah pitakone.

“Apa, Mas?”

“Wanita, wani ditata, wani mranata,” pocapku njarwa dhosok.

“Saiki luwih komplit, Mas. Sakliyane kuwi uga wani ora tumata, wani ora tatan, wani totoan, wani dienggo totoan,” ujare. Sawetara aku mung mesem nanggapi ukarane.

“Arep tindak ngendi, Mas?”

“Sowan Ibu, silaturahmi kaluwarga. Bojoku wis ana kana wiwit wingi, saiki aku lagi bisa nusul merga kantor akeh gawean sing kudu dilembur,” jawabku. Sawise mbenakake lungguhe bocah ing pangkone, Heni njupuk jaket sing kasimpen ing njero tase. Nalika jaket kuwi kajereng dienggo ngemuli anake, atiku dadi tambah ora karuan.

“Lho! Jaket kuwi jaketku! Bener!” pocapku jroning ati. Nanging genea saiki digawa Heni, kanggo kemul anake? Sawetara rasa gumun nggrayang ing pikiranku. Ah, mesthine jaket sing dienggo kemul kuwi mung siji-sijine ing donya iki, awit gambar lan tulisan sing kacithak digital printing kaya mengkono iku hasil disainku, mung dakcithak siji dadi jaket klangenanku. Jaket gambar siluet wit klapa ing pesisir kanthi warna gradasi putih kuning oranye gegambaraning srengenge angslup kuwi katon endah. Apa maneh tulisan kacithak cillik-cilik nanging cetha kawaka: “tresnaku saambaning segara, marang sliramu kangenku ngulandara, gumantia jaman gumantia kalamangsa, manawa katresnan isih duwe pangaribawa, sumandhinge wulan-bagaskara bakal tumeka.” Aku kelingan jaket kuwi biyen dakjenengi jaket asmara, seprene mesti ora ana tunggale. Nanging genea bisa ana ing tangane Heni? Dhetik-dhetik sabanjure aku ngeling-eling lelakone jaket asmara iku.

Aku kelingan jaket kuwi dakgawe kira-kira pitung taun kepungkur, nalika aku kelangan lacak ing ngendi Heni sing daktresnani wektu kuwi. Wong tuwane ngomong yen Heni nyambut gawe ing Malaysia, nanging kancane ana sing ngerti yen dheweke ana ing Surabaya, malah kabar liya ngandhakake yen Heni wis krama karo juragan bathik ing Ngayogjakarta, kabar liya ngandhakake dheweke dimaru karo dosen ing Solo. Uwis! Uwis! Aku pancen ngedheg pangarep-arepku marang dheweke. Mesthi dheweke wis ora tresna maneh marang aku, kasunyatan akeh priya liya kang sarwa linuwih tinimbang aku. Tresnaku melik-melik tanpa pangaribawa maneh wektu kuwi.

O, iya! Kelinganku nalika jaket kuwi lagi dakenggo ping pindho, banjur ana kenya liya sing gawe tentreming atiku, sing nyatane nganti seprene dadi bojoku. O, iya! Aku kelingan uga nalika merapi njeblug nggegirisi kurang luwih petang taun kepungkur. Ora let suwe bojoku ngimpun dhana liwat ibu-ibu PKK kanggo tuku sembako, bubar kuwi banjur dhudah-dhudah lemari nggoleki sandhangan sing isih pantes dienggo banjur dilebokake kerdus, diangkut tumuju salah sijining pos pangungsen nganggo colt pruthul. Aku kelingan nalika bojoku nyritakake kahanane pengungsi kang banget nrenyuhake wektu kuwi.

“Kepriye kabare panjenengan, Mas?” pitakone Heni gawe buyar wewayangan ing mripatku.

“Apik. Kepriye kabarmu, Hen? Ngerti-ngerti kok ilang tanpa kabar, ketemu-ketemu wis duwe momongan.” Ora dakkira pocapanku gawe kembeng-kembeng mripate Heni. Ora suwe ilining waspa ing mripate enggal-enggal diusap nganggo jaket iku.

“Ngapuranen aku, Mas. Aku wis khianat marang panjenengan,” ujare kanthi sedhih. Dheweke banjur crita lelakon kepungkur, nalika komunikasi antarane aku lan dheweke wis ora sambung nganti njebluge merapi, jebul Heni kalebu salah sijining pengungsi sing wis ora duwe apa-apa wektu kuwi. Omah saisine dilalap lahar, bojone melu dadi korban pangamuke merapi.

“Apa aku kuwalat karo panjenengan, ya, Mas? Apa aku ngundhuh karma?”

“Wis-wis, ora sah kaya mengkono. Awake dhewe pancen ginaris kudu pisah. Aku lan kowe kudu tabah.” Dhetik-dhetik sabanjure lumaku tanpa ukara. Aku mung mbatin mesthi Heni ora ngerti manawa jaket sing diduweni saiki ewasemana jaket asmara klangenanku.

“Jaketmu apik,” ujarku. Nanging dheweke mung meneng, katon sedhih. Wektu kuwi dakdeleng isih ana sisa-sisa tresnane marang aku. Ora let suwe dheweke siap-siap arep mudhun. Dheweke ngandhakake manawa saiki saomah maneh karo wong tuwane.

“Salam kagem Ibu, kanggo garwa panjenengan,” pocape nalika arep mudhun saka bis antarkota.

Kira-kira sakjam sabanjure aku tekan daleme Ibu. Sawise uluk salam aku langsung nemoni Ibu lan bojoku sing lagi jagongan ing teras.



“Dhik, kowe kelingan apa ora, karo jaketku biyen?”

“Jaket sing endi, ta, Mas? Apa sing ireng, sing ana tulisane kae?”

“Iya. Ana gambare siluet wit klapa.”

“Genah ndhisik dakgawa karo sandhangan liyane kanggo pengungsi merapi ngono, kok. Lha ana apa, ta, Mas?”

“O, ya bener yen ngono. Mau aku ketemu karo wong sing nggawa jaket kuwi, Dhik. Wanita karo anake. Jaket kuwi dienggo kemul anake sing liyer-liyer. Aku mung mbatin, ora wani takon.” Aku mung crita sithik bab wanita lan jaket asmara kuwi marang bojoku. Kapak-kapakna, kasetyaning bojoku luwih utama tinimbang dheweke sing tau cidra.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya