Kategori: Jagad Jawa

Cerkak Ingon-Ingon Putu


Solopos.com/Newswire

Asmanipun Pak Zuhri. Pensiunan tentara ingkang katon bagas waras senajan sampun sepuh sanget. Yuswanipun kinten-kinten sampun wolongpuluh tahun luwih. Tanggal lair ingkang tinulis wonten KTP, KK, Ijazah, utawa layang nikah yaiku 31 Desember 1944 namung karangan petugas catatan sipil saengga yuswanipun andhedhasar sedaya niku mboten valid.

Tujune salah sawijining sedulur, biyasa diceluk Paklik Mangun, nate nyukani pirsa menawi kelairane Pak Zuhri kaliyan rayine setri benten sangang tahun. Kamangka rayine setri Pak Zuhri ingkang asmane Jumaroh, kacathet lair taun 1948. Dadhos menawi diwilang yuswane Pak Zuhri sampun 81 tahun.

Lumrah kathah tiyang jaman rumiyin mboten ngertos tanggal laire piyambak. Dene rama ibune menawi ditangleti larene wangsulane mesthi mboten ngertos. Lha kepriye maneh kasunyatan rama ibune mboten padha mudheng pananggalan Masehi. Maklum wae jaman semana jaman perang. Tiyang ingkang saged maca nulis tasih sekedhik. Sekolah dianggep dereng penting, becik ngewangi pagaweyane wong tuwa ing sawah utawa tegal tinimbang mangkat sekolah. Sing kabegjan bisa ngincipi sekolah wae asring preine amarga sedhela-sedhela wonten perang. Kahanan negara ingkang taksih kajajah Walanda kasambung dening Jepang dereng njurung anane pendidikan ingkang adil lan rata. Dene isa lulus SR (Sekolah Rakyat) wae wis mirunggan kanggone bocah ndesa kaya Pak Zuhri.

Menawi sakniki ijasah SR niku langkung luwihe sami kalihan ijasah SD (Sekolah Dasar). Ijasah SR rikala semana uwis aji banget. Kabukti Pak Zuhri nyampar nyandhung pagaweyan ning kutha gedhe Jakarta.

Saking gampange oleh pagaweyan iku, Pak Zuhri sing isih enom lan legan rada kemlinthi. Dene pagaweyane ora cocog sithik, langsung golek pagaweyan liyane. Saka dadi administrasi ing kantor pamarentah lan swasta tumeka karyawan Peruri (Perusahaan Umum Percetakan Uang Republik Indonesia) nate dilakoni Pak Zuhri. Pungkasane, Pak Zuhri madhep mantep mlebu tentara. Sajroning atine, Pak Zuhri kaya-kaya kaceluk melu urun bela negara.

***

Jumangkah tabuh telu sore, Pak Zuhri miwiti dadek geni kanggo nggodog banyu ing pawon mburi. Ora prelu nganti umub banyune amarga mung kanggo ngombor sapi. Bu Sarti; garwane Pak Zuhri, ngracik katul, setrat lan uyah ing ember gedhe ireng. Banjur kaloron gugur gunung tandang gawe. Racikan kang uwis diantahi banyu panas, digotong menyang kandang sapi. Selang ijo dawa dipasang ing keran banyu, diolor kanggo ngebaki ember.

Bu Sarti nyekeli selang ngecurake menyang ember, Pak Zuhri ngudhak komboran nagnggo enthong kayu gedhe. Banjur ember ireng gedhe sing uwis kebak, ditarik bebarengan menyang ngarep moncong sapi sing uwis kethok ngorong.

Sawise sapine sing loro wis rampung ngombe, Pak Zuhri nimpal kandang sing uwis reget maneh kamangka ndhek esuk-esuk uwis diresiki. Bu Sarti mendet damen ing bekas jeding sing wis disulap dadi gudang. Ora luput, Bu Sarti uga ngeret-eret suket kalanjana. Ora beda karo manungsa, sapi ya ora nepsu mangan yen ora ana lawuhe. Ijon-ijon kayata suket lan godhong-godhongan ditata ing dhuwur damen kanggo mancing nepsu mangane sapi.

***

Putrane Pak Zuhri wonten tiga, jaler sedanten, sampun mentas sedanten, lan sampun gadhah padamelan ingkang sae. Ingkang kalih dados PNS, setunggal nyambut damel wonten bank.

Pungkasane wulan, ngepasi tanggal abang ing dina Jemuwah lan disambung Setu-Minggu, sedaya putrane Pak Zuhri wangsul. Pasuryan Pak Zuhri katon bungah. Wengi niku Anang, Andi, Anton ngrencangi ramane lungguh leyeh-leyeh ing gazebo ngarep omah. Cangkir lan cemilan kasedya ngrencangi pacelathon ingkang sajake saya suwe saya gayeng.

"Pak, panjenengan niku sampun sepuh. Ngaso kemawon, mboten usah ingon-ingon malih. Lembune punika mang sade, kersane panjengan mboten sayah," mature Anang, pambarepe.

"Injih Pak, lembune mang sade kemawon. Jenengan mboten sayah malih, griyanipun njih katon resik tur mboten mambu srang-sreng." Andi, anak nomer loro melu nanggapi.

"Kula njih sarujuk kaliyan Mas Anang lan Mas Andi. Keleresan, mangke artane kula ampile kangge renovasi griya." Wuragile sing rada celelekan melu urun rembug.

"Lha priye maneh, Le. Bapak ingon-ingon kuwi kanggo hiburan. Apameneh ibumu wis ndhisiki seda. Bapak bisa nglangut yen ora duwe kagiyatan lan ora duwe kanca."

"Pripun menawi mangke kula padoske rewang kersane Bapak mboten rumaos sepen malih? Babagan blanja, kula rembuge kaliyan rayi-rayi. Bapak mboten usah menggalih."

"Bapak kepareng milih piyambak, rewang kados punapa ingkang dikersakake. Ajeng kakung napa setri, ajeng enom napa tuwa." Andi njurung usulane Kangmase.

"Yen wong liya sing ngancani, Bapak genah emoh. Nanging upama anak-anak utawa putu sing gelem ngancani, bapak ora bakal nulak. Masalahe ya kuwi kira-kira enek sing gelem ora?" Pak Zuhri sajake wiwit kasengsem dening usulan anak-anake nanging ngejokake sarat.

"Menawi larene kula kalih Anton cetha mokale, Pak. Mboten napa-napa, masalahe taksih alit-alit. Mangke malah saya ngrepoti Bapak. Cobi Mas Gagah, pambarepe Mas Anang mbok menawi purun."

"Njih sampun mangke kula nari bocahe rumiyin kaliyan rembugan kalih ibune," jawabe Anang sambi nyekel cangkir. Nyeruput kopi ireng.

***

Kocap carita, Gagah gelem ngancani Mbah kakunge. Ibune sing biyasane owel kok ndilalah ya ngidini. Bubar rapotan unggah-unggahan kelas, Anang ngurus pindhahan sekolah anake saka Jakarta menyang Boyolali.

Endah bungahe dhadhane Pak Zuhri. Wiwit saiki dheweke ora bakal krasa sepi maneh. Kawit garwane seda, terus sapine didol, Pak Zuhri kaya wong linglung saking bingung ora duweni kagiyatan lan panglipuran.

Surup wis ngindik ing sikile langit sisih kulon. Werna kuning jeruk saya suwe saya malih abang kates. Pak Zuhri ngadeg saka lungguhane kanthi rasa sedhih lan kuwatir. Socane sing katon surem kaya kinemulan pedhut ngematke enggok-enggokan dalan. Suwara montor saka kadohan mumbulake karsa. Nanging montor matik abang sing liwat banter dumadakan gawe kuciwa.

Pangarep-arep Pak Zuhri kawit mau kuwi jebul ora liya putu lanange enggal mulih. Sukur-sukur putu lanange gelem dijak salat bareng ing musala. Mlayu adoh saka kajengipun Pak Zuhri, putu lanange kawit pindhah sekolah pindhah omah sesasi kepungkur ing Boyolali, luwih akeh ngentekke wektune ing njaba omah.

Saben dina sawise mulih sekolah, Gagah mesthi lunga maneh menyang embuh parane. Alesane jare sinau bareng menyang omahe kancane. Gagah kerep mulih omah nalika Mbah Kakunge rampungan ndonga bibar Salat Magrib. Banjur Gagah njupuk panganan sing wis cumepak ing meja banjur digawa mlebu kamar. Bubar kuwi, isine amung cekikikan karo nyekel HP. Sewengi muput.

Bola-bali Pak Zuhri wis menehi wejangan marang putune. Tobat sedhela, bubar kuwi kumat maneh. Ajeg ngono terus. Kamangka skuter matik premium gandem werna abang kaya sing dikarepke Gagah uwis dituruti. Dhuwit adol sapi loro nganti enthek enthing kabeh saprelu kanggo nuruti panjaluke putu.

Soca Pak Zuhri sing maune buthek uwis malih peteng. Adan Magrib sing keprungu saka musala nibakake luh sing ora diundang. Aneh lan ajaibe, Pak Zuhri dumadakan kangen karo sapine. Senajan mung kewan, luwih gampang open-openane. Ora bakal njaluk sing neka-neka. Mung damen, suket lan komboran. Upama pedhet yen kethoke uwis saya gedhe lan nakal nyeruduki, gampang wae kari dikeloh. Beda adoh tinimbang ingon-ingon putu tibake.

 

Endang S. Sulistiya

Pandhemen Sastra Jawa mapan ing Dukuh Poncol, Desa Pulutan, Kecamatan Nogosari, Kabupaten Boyolali. Lulusan saking Fakultas ISIP UNS Solo.

Share
Dipublikasikan oleh
Damar Sri Prakoso