SOLOPOS.COM - Ilustrasi bersalaman (JIBI/Solopos/Dok.)

Solopos.com, SOLO — Idulfitri utawa Lebaran taun iki pancen mirunggan tumrape warga Dhusun Selamarta. Akeh penyebabe sing njalari mirunggan.

Sepisan, warga Selamarta sing lunga saparan-paran padha mudhik, mulih ndhusun kabeh. Jalaran sajrone pandemi Covid-19 warga sing lunga saparan-paran ora bisa mudhik. Rong taun punjul wong-wong iku ngampet kangen karo kulawargane lan tangga teparone sing ana ing ndhusun.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kapindho, acara halalbihalal dibarengake karo acara reuni warga Selamarta. Kanggo acara mirunggan iki diwenehi irah-irahan sing nengsemake ati, Reuni Nyawiji Idulfitri Mbangun Toleransi lan Paseduluran Salawase. Irah-irahan iki digawe dening tim sing dipandegani dening Bu Guru.

Kaping telune, warga Selamarta tinarbuka nampa para warga sing lunga saparan-paran iku lan sumadya andum rejeki, pamikiran, lan tenaga murih lancar lan kasil acara Reuni Nyawiji Idulfitri.

Cekake kabeh warga nyepakake dhaharan, nyamikan, lan unjukan kanthi lega lila. Sakabehane gratis, ora ana sing dibayar. Idhep-idhep syukuran andum berkah, mengkono sarujuke warga.

Isih akeh maneh sing njalari Lebaran taun iki mirunggan. Umpamane, nyamikan digawe warga kanthi bahan dhasar asil tetanen. Ana gedhang godhog, kacang godhog, blanggreng, gethuk, gathot, maneka krowotan, lapis, klepon, lan sapanunggalane.

Kanggo dhahar siang dicawisake sega bancakan dibuntel godhong jati. Dene unjukane kajaba teh panas, wedang jeruk, wedang jahe. Uga ana banyu wening sing wis digodhog lan diedhemake, diwadhahi kendhi.

Saben meja diwenehi kendhi siji lan cangkir enem. Uga nyamikan maneka warna. Lan ora lali hand sanitizer. Kabeh ditata rapi lan endah. Sapa wae sing nyawang mesthi bungah.

Papan Reuni Nyawiji Idulfitri, uga kalebu mirunggan. Abene halalbihalal mapan ing daleme Pak Kepala Dhusun nanging acara iki dileksanakake ing daleme Pak RW.

Ing emperan digawe panggung, sisih mburi dipasangi kaya dene spanduk saka plastik. Wong-wong padha ngarani MMT. Ing MMT iku tinulis kanthi cetha, Reuni Nyawiji Idul Fitri Mbangun Toleransi lan Paseduluran Salawase. Ing panggung iku tinata rapi saperangkat piranti musik campursari.

Para warga padha lunggah tumata rapi ing latare Pak RW sing wis dipasangi tratag. Ing ngisor tratag iku ditata meja lan kursi. Saben meja diubengi enem kursi. Kabeh kursi dileti siji lan sijine. Kabeh warga taat aturan. Kabeh warga nganggo masker.

Tabuh sepuluh, Reuni Nyawiji Idulfitri diwiwiti. Kabeh tamu undangan jumeneng karo ngidung lagu Indonesia Raya.

Tumini dadi dirigen katon luwes lan apik banget, nada dhasare jumbuh karo iringan musik saka Youtube. Dhasare ayu, Tumini sing uga sekretaris Karangtaruna iku luwes banget ngabani kabeh pasarta. Mulane kabeh tamu padha nggatekake kanthi bungah.

Rampung lagu Indonesia Raya, acara dibacutake sambutan ketua panitya. Bu Guru minangka ketua panitya ngaturake panuwun marang tamu kabeh. Bu Guru uga ngaturake sugeng riyadi Idulfitri lan nyuwun pangapunten sedaya kalepatan lan kekirangan.

Bu Guru uga njlentrehake anggone ngrancang lan nindakake acara Reuni Nyawiji Idulfitri kanthi cetha. Kajaba iku Bu Guru uga ngaturake babagan mirunggan Program Dhusun Selamarta.

“Bapak, Ibu, tuwin para sedherek sedaya, mliginipun para warga perantau ingkang kula kurmati. Nyaosi pirsa bilih ing Dhusun Selamarta punika gadhah program, Selamarta Dhusun Toleransi. Toleransi punika satunggaling sikap ngurmati lan ngajeni sesaminipun utawi kelompok sanesipun salebeting masarakat utawi pepanthan sanesipun.”

“Toleransi punika antawisipun ngajeni pemanggih utawi pamikiran tiyang sanes ingkang benten kaliyan kita sarta lung-tinulung mring sesami. Utawi gesang sesarengan, mboten nyawang suku, ras agama, budaya, lan antargolongan [SARA]. Ing tembenipun warga Dhusun Selamarta kedah nggadhahi toleransi ingkang unggul.”

“Para warga perantau ingkang kula tresnani. Panjenengan mangke badhe pikantuk tas wonten seratanipun, Reuni Nyawiji Idulfitri Mbangun Toleransi lan Paseduluran Salawase. Salebeting tas wonten buku ingkang njlentrehaken Program Selamarta Dhusun Toleransi.”

“Kejawi punika, ugi wonten brosur ingkang sesambetan kaliyan UMKM [Usaha Mikro, Kecil lan Menengah] ingkang dipuntindakaken warga Selamarta. Ugi wonten cinderamata, dhaharan, lan unjukan ingkang dipunwungkus kanthi edi peni. Sedaya punika produk saking warga Selamarta. Wonten tempe kripik, kripik gedhang, criping, kue kering, thiwul instan, gathot instan, bakso instan, lan sapanunggalane. Sedaya produk punika ugi sampun dipunsade sacara online.”

“Kula nyuwun sedaya warga perantau kersa mundhut utawi tumbas produk warga Selamarta kagem oleh-oleh kulawarga lan tangga tepalih wong ing saparan-paran. Panjenengan ugi saged paring pambiyantu kangge pembangunan lan kemajengan Dhusun Selamarta. Pambiyantu dipunkintun dhateng bendahara dhusun lumantar rekening ingkang kaserat ing buku salebeting tas punika. Mugi-mugi para warga perantau sedaya tansah seger waras lan lancar rejekinipun.”

“Mekaten anggen kula matur, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan lan kekirangan. Mugi-mugi Gusti ingkang Maha Sae tansah paring berkah kangge kita sedaya,” mangkono ature Bu Guru.

Para warga perantau padha nggumun mirengake ature Bu Guru. Apa maneh nalika kadhang kanoman Karangtaruna ngaturake tas marang para warga perantau. Kabeh pasuryane katon bungah lan sumringah. Semono uga warga Selamarta seneng kabeh. Swasana nyenengake banget, ora ana sing nandhang susah.

“Nyuwun pirsa Mas,” pitakone Pak Haji Abdulah, warga perantau sing sukses.

“Inggih Pak. Wonten dhawuh?” pitakone Tarjo, Ketua Karangtaruna.

“Ingkang maringi sambutan kalawau sinten Mas? Coba critakna sing jangkep lan cetha!” panyuwune Pak Haji Abdulah.

“Ingkang pidhato kalawau Bu Guru minangka ketua panitia acara punika. Sejatosipun Bu Guru menika sanes guru. Amargi piyambakipun punika semahipun Pak Parto ingkang dados guru SD lajeng panjenenganipun dipunarani Bu Guru. Estunipun asmanipun Bu Guru punika Sugiyem. Bu Guru punika satunggaling pangrancang Program Selamarta Dhusun Toleransi. Piyambakipun ugi dados penggerak Ibu-ibu PKK Selamarta. Ibu-ibu PKK dipundampingi usahanipun supados saged kangge tambah-tambah tumbas beras,” ature Tarjo.

“Matur nuwun Mas. Maklum Mas aku ora ngerti sapa kuwi Bu Guru. Mergane sing asli Selamarta kene bojoku. Aku ya arang-arang mulih mrene. Aku mrene limang taun sadurunge ana Covid-19. Ya pitung taunan aku lagi bisa mudhik iki,” ature Pak Haji Abdulah.

Sawise swasana sepi adicara diterusake sambutan Ketua RT. Kanthi sigap Pak RT jumeneng banjur mlaku munggah panggung kanthi bungah. Nalika Pak RT jumeneng ing panggung katon wicaksana banget. Babar blas ora ana wong sing guneman dhewe. Kabeh warga nggatekake Pak RT.

“Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Mugi keslametan lan rahmat saking Gusti Allah tansah cumondhok wonten ing kita sedaya. Salam sejahtera kangge kita sedaya. Bapak, Ibu, tuwin para sedherek sedaya ingkang kula aosi. Kula minangka Ketua RT lan ugi wakil saking brayat-brayat non-muslim kepareng badhe matur. Atamanna lakum Eid sa‘id jiddan! Litakun kul a‘malakum al-khayyira maqbula ‘ind Allah. Mabruk Allah Eid al-fitr, taghfir khatayana fi hadha alyawm adzim.”

“Kula ngaturaken sugeng riyadi Idulfitri lan mugi sedaya amal sae panjenengan dipuntampi dening Gusti Allah. Sugeng Lebaran mugi dosa kita dipunapunten ing dinten ageng punika.”

“Bapak, Ibu, tuwin para sedherek ingkang kinasih ing Gusti. Idulfitri maknanipun bali resik maneh, tanpa kaluputan. Dosa lan kaluputane manungsa saderengipun wulan Ramadan sampun kakubur lumantar mati raga kanthi pasa sewulan penuh ing wulan Ramadhan. Sarta niti rasa kanthi ulah jiwa nahan hawa nafsu, njerokake ilmu agama, sregep melu Salat Tarawih, zikir, tahajud, ngaji, sarta akeh ngamal sedekah marang kaum fakir miskin, anak yatim, yatim piatu, para randha, lan pepadha ingkang mbetahaken.”

“Nalika kita sedaya menang ing wulan suci Idulfitri sanes menang amargi sampun ngrampungaken pasa sewulan wutuh. Ananging, amargi saged nelukaken hawa nepsu, mengsah ing dhiri pribadi ingkang njiret jiwa. Inggih punika sipat umuk, nesu, srei, anyel, iri meri, lara ati, sarta nutup ati kanggo njaluk pangapura lan paring pangapura marang pepadha. Selajengipun luput lan dosa saderengipun sampun katebus kanthi amal saleh sarta takwa ingkang langkung ageng ing ngarsanipun Allah SWT.”

“Sumangga wiwit dinten punika kita njagi manah ingkang suci, resik, lan becik supados saged nindakaken Program Selamarta Dhusun Toleransi. Kita matur nuwun kaliyan Bu Guru, Mbak Mar, lan nem-neman Karangtaruna ingkang mandegani program punika. Program punika estu sae sanget lan langkung sae malih menawi saged kalampah sacara maksimal.”



“Bapak, Ibu, tuwin para sedherek ingkang kula tresnani. Wonten ing sangajeng panjenengan sedaya wonten kendhi lan cangkir saking lemah. Punika wonten maknanipun. Lumantar kendhi kita dipunemutaken, kendalikan dhiri. Mangga kita sami mawas dhiri supados gesang kita mboten dipunkuwasani hawa nepsu. Lan ingkang langkung wigati, kita saged gesang sumendhe ing Gusti.”

“Lumantar cangkir kita dipunsuwun ngancang pikir. Tentunipun pikiran ingkang positif. Menawi kita nggadhahi pikiran ingkang positif punapa ingkang kita ucapaken lan kita tindakaken ugi positif. Wondene tembung gerabah maknanipun ubarampe ingkang dipundamel saking siti utawi lemah lempung. Babagan punika ngemutaken bilih kita punika asalipun saking siti lan badhe dados siti malih. Pramila kedah sumendhe ing ngarsa Dalem Gusti.”

“Bapak, Ibu, tuwin para sedherek ingkang kula aosi. Kangge mungkasi anggen kula matur. Kula nyuwun, panjenengan sedaya ingkang sampun suci ing dinten Idulfitri punika, keparenga tansah mawas dhiri lan nggadhahi pikiran positif.”

“Menawi kita saged nindakaken babagan kasebat, kita tansah sae ing ngersanipun Gusti. Lan mbenjang ing tembenipun Gusti nimbali kita, sukma kita ngayun ing ngarsa Dalem Gusti ing swarga. Wondene badan wadak kita badhe wangsul dados siti malih.”

“Cekap semanten anggen kula matur. Wonten kalepatan, kekirangan, punjuling atur kula nyuwun agunging pangaksami. Pungkasaning atur, Wassalamu’alaikum Warohmatullaahi Wabarokaatuh,” mangkone sambutane Pak RT kanthi cetha.

Swasana dadi regeng. Kabeh tamu keplok-keplok. Kabeh iku nggambarake yen pidhatone Pak RT ditampa kanthi bungah. Pancene Pak RT oke banget, mangkono saperangan tamu anggone ngudarasa.

Sawise swasana anteng, pranata cara nyaosi wektu kanggo para warga perantau. Kanthi sigap Pak Haji Muchtar jumeneng lan mlaku munggah panggung.

”Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Rebat cekap. Kula minangka Ketua Papeas [Paguyuban Perantau Asal Selamarta] makili anggota. Ngaturaken sugeng riyadi Idulfitri 1443 H. Nyuwun pangapunten lair lan batin.”

“Lumantar grup WA Papeas kula saged nitik meh sedaya anggota nyerat bilih acara dinten punika sae sanget. Wonten ingkang mastani hebat, ngremenaken, narik ati, lan sapanunggalanipun. Anggota Papeas ndherek nyengkuyung programipun Dhusun Selamarta. Sedaya badhe mundhut produk Ibu-ibu PKK kangge oleh-oleh wangsul dhateng perantauan. Kawula ugi badhe ngintun arta sekedhik kangge pembangunan Selamarta. Acara dinten punika ngremenaken sanget. Idulfitri narik ati. Mekaten atur kula. Matur nuwun,” mangkono ature Pak Haji Muchtar.



Ttamu undangan banjur keplok-keplok kaya-kaya ora bisa pedhot. Kabeh wong bungah, ora ana sing susah. Pranata cara ing sela-selaning keploking tangan ngabarake yen acara teruse yaiku pentas campursari.

Grup campursari nyuguhake tembang nostalgia, tembang kenangan. Sing nyanyi ayu-ayu lan bagus-bagus. Kabeh penyanyi bisa nembang lancar lan apal lagune. Kamangka nalika lagu sing ditembangke kondhang ing jamane, para penyanyi iku durung lair.

Para warga perantau lan warga Selamarta midangetaken campursari karo ngobrol ngalor-ngidul. Saben meja diubengi warga Selamarta lan warga perantau. Umume bahan rembugan pengalaman jaman semana.

Kabeh crita kanthi grapyak lan sumanak. Ora ana siji wae sing umuk. Kabeh warga lembah manah lan ngakoni kaluputane lan njaluk pangapura.

Pancen, Idulfitri Narik Ati, taun iki. Muga-muga taun ngarep isih bisa ketemu Idulfitri. Mangkono panyuwune kabeh warga. Nanging ora ana siji wae sing ngerti bisa lan orane ketemu Idulfitri taun ngarep. Kajaba Gusti Allah piyambak.

Reuni Nyawiji Idulfitri dipungkasi kanthi nembang bebarengan tembang Kemesraan. Puput tembang iku, warga banjur salam-salaman karo ngucap, nyuwun pangapunten lair batin. Lan warga uga ndedonga muga-muga taun ngarep bisa ketemu Idulfitri maneh.

 

D. Roch Ediyanto
Guru SMP Kanisius Wonogiri
Jl. Durian No 9 Wonogiri 57612





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya