Jagad-jawa
Selasa, 1 Februari 2022 - 21:21 WIB

Cerkak Gapura Gang Greja

Naufal Bahauddin Wafi  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Lumrah kaya saben taune, akeh bocah semester anyar mubeng golek kos-kosan. Awit saka bocah kang durung tau ngekos tumeka bocah kos kang kepingin pindhah.

Ing kidulku ana kos-kosan siji kang dipanggoni bocah wadon ayu, manis, sregep lan nengsemake ati. Krungu-krungu bocah iku jenenge Tania. Dheweke lagi sepisan iki ngekos ana ing Kutha Sala amarga ketampa kuliyah ing salah sawijining kampus negeri Kutha Sala.

Advertisement

Krungu saka jagongane karo Bu Warti pecel, Tania awit SMP wus kulina urip dhewe, adoh saka wong tua jalaran sekolah ora tau cedhak omah. Babagan ngekos lan kapang marang bapa biyung wus prakara kang lumrah lan ora sepisan iki kedaden.

Saka kadohan daksawang nalika Tania nemu kos anyare iku langsung tanggap lan nyepakake apa kepreluwan kang dibutuhake sadurunge teka wanci kuliyah kang padhet kanggo nata kos. Pancen wus pakulinane Tania urip temata, urip resik, lan pinter nata wektu.

Nalika kuliyah wus wiwit, akeh kanca sakjurusan dolan menyang kos. Kaya lumrahe bocah kang pisanan tepung, arep polah kepiye sithik isih rada pekewuh marang kanca anyare. Hasna yaiku salah sawijine kanca kelase Tania, dheweke rada ora kepenak arep nyilih piring lan lading arep kanggo lotisan awan iku.

Ora ana piranti kang gumlethak pating semebar ing kose Tania, kabeh barang resik lan mapan ing panggon kang ditata kanthi rapi.

“Tan… aku nyilih piring karo ladingmu oleh apa ora?” pitakone Hasna kang kebak rasa pekewuh.

“Halah kono jikuka… lha kuwi neng rak wis cemepak ta?” semaure Tania kang loma iku.

“Tenane lho Tan? Aku kok eman ya arep jikuk piringmu sing temata kaya pajangan iki,” tangane Hasna ati-ati milih lan alon-alon jikuk saka rak piring iku.

Advertisement

Saking gayenge jagongan sinambi lotisan, bocah-bocah iku lali menawa isih ana jam kuliyah sabubare dhuhur. Weteng wareg, awak wis padha sumendhe tembok kabeh, senadyan kecut lan pedhes mripat nekat kriyip-kriyip jalaran kewaregen, tangan kang ndulat-ndulit sambel wus pindhah ndulat-ndulit HP. Sanalika Leni ngadeg njenggirat karo nyekel HP-ne.

“Gusti Allah… cah-cah… tangi ! ayo tangi!” pangajake Leni kang kelingan menawa isih ana jam kuliyah awan iku.

“Halah ana apa ta Len? Ngaget-ngageti wae, ana apa?” pitakone Tania kang isih kriyip-kriyip mripate.

“Kowe ki apa ora dha kelingan Cah? Awake dhewe isih enek kuliyah jam siji, kamangka iki wus jam siji kurang rong menit. Lha kok kowe malah isih dha klenger.

“Ayo ta…,” Durung rampung anggone ngomong bocah-bocah padha ngadeg nyangklong tas banjur age-age mangkat.

“Heh… ayo ayo, awake dhewe wis telat. Ora nutut iki cah mlebu kampus,” swara kang sansaya kemriyik.

Piranti lotis kang isih gemlethak durung dikukuti lan diasahi langsung ditinggal bareng. Satekane kelas bocah pitu mau diukum ngrangkum buku kanthi cara tulis tangan. Kudu rampung sadurung Magrib. Wus mesthi driji-driji bocah iku padha keju kabeh, surup ngancik Isya praupane Tania kang mlaku nyebrang saka kampus sajak wus ora duwe daya, lemes, awak kesel, tangan njarem kabeh.

Advertisement

Nalika mbukak lawang kos arep mlebu kamar dheweke sansaya nangis weruh piring gumlethak, keceran sambel kang dirubung semut, kulit pelem kang kebak mrutu agawe kesel njaba njero.

Sawise kabeh piranti lan larahan bekas lotisan iku diresiki, dheweke age-age nyelehake geger menyang kasur. Nalika sirah kurang sekilan napak kasur ana swara pawongan kang celuk-celuk saka njaba kos.

“Tan… kulanuwun Tania…”

“Huaaaaaaaaaaaaah… iki jane sapa meneh, apa ya ora rumangsa, ora ngerteni wong kesel lagi arep leren…,” kanthi ndremil dheweke metu saka kos.

Nalika buka lawang dheweke langsung meneng ora bisa kumecap, Tania sajak keweden. Pawongan lanang kang ngadeg ing ngarep lawang iku nalika daksawang saka kadohan kaya pulisi anyaran kang kudu nggawa sragam menyang ngendi-ngendi.

Saka kadohan daksawang ana tulisan “Rian” ing dhadha tengene kang kadhang kala katutup kembang sak dompyok lan kothakan kang digawa iku.

Rai kucem sanalika malih mesem, ananging eseme Tania iku amung nglegani Rian kang katon repot-repot nggawa maneka warna gawan menyang kose. Menawa daksawang saka raine Tania, dheweke rada gila marang tumindake bocah lanang kang kaya mangkono.

Advertisement

Dakkira amung pamikirku thok, jebul temenan. Sawise Rian pamit balik menyang greja sandhingku kang dadi papan tugase nalika Natal iki, Tania nyegat bocah cilik-cilik kang mulih saka masjid. Banjur kembang lan gawan kang akeh diwenehake marang bocah-bocah cilik iku.

Saliyane Rian kadhang kala aku cubriya marang bocah lanang gedhe dhuwur kang kerep sliwar-sliwer ing dalan ngarep kose Tania. Saben liwat ngarep kose Tania, dheweke mengo kaya nyawang ana Tania apa ora neng kos. Aku rada sumelang menawa bocah iku maling utawa durjana kang ngincer kose Tania. Menawa disawang saka rupane lan sandhangane wus persis golongan bramacorah.

Aku kaget nalika esuk-esuk bocah iku wus ana ing ngarep kose Tania, ora nyana aku luput marang dakwaku. Bocah gedhe dhuwur kaya rampok iku Eren, bocah kang dakkira maling iku jebule malah kanca cedhake Tania. Saka tumindake Eren kang kerep ngawasi Tania iku dakkira dheweke duwe rasa marang Tania.

***

Samulihe saka lelungan Rian katon nggawa kothak kang isine panganan, dheweke wus nggejejer ngadeg ing ngarep kose Tania. Eren katon sujana weruh pamrihe Rian kang kaya mangkono. Jane mono Tania ora bakal balik menyang Rian maneh, amarga kadadeyan kepungkur wus banget gawe tatu atine Tania. Ananging Eren bisa apa, dheweke ora ngerti apa kang satemene dirasa Tania.

Saka kadadeyan iku Eren sansaya kerep sliwar-sliwer ngawasi kahanan kang jane mono malah gawe lara atine. Wus kena dititeni saben bubar Magrib, Rian mesthi ngeterake kothakan kang isine panganan utawa jajanan menyang kose Tania. Eren kepingin ngerti langsung kepriye tumindake Tania nalika diparani bekas pacangane iku.

Srengege wis wiwit angslup, warna langit cetha abang mbranang endah kepenak disawang. Eren mapan ing warunge Bu Warti nunggoni Rian pulisi anyaran iku ngeterake panganan menyang kose Tania kaya lumrahe.

Advertisement

Eren uga kepingin ngajak metu Tania wengi iku uga, amarga dheweke kepengin blaka ngenani apa kang sasuwene iki dirasa ing jroning ati. Ora let suwe, panyawange Eren tumuju ing sawijining pulisi kang metu saka greja mlaku ing dalan cedhak kose Tania.

Pulisi iku ora liya Rian, dheweke wis nyangking panganan, ombenan, jajanan kaya sabendinane. Lawang kos iku durung didhodhog Rian, ananging Tania wus metu.

Tangan kang wus arep ngelungake, lambe kang arep kumecap mau kandheg gara-gara Tania miwiti omongan lan nulak barang kang digawa Rian sore iku.

Saking ndremimile Tania, ngasi ora cetha dheweke ngomong apa. Saka kadohan dheweke katon keweden marang Rian.

Sawise Rian balik menyang greja, Eren age-age marani Tania. Lawang kos kadhodhog pisan dening Eren ananging ora dibukake marang Tania. Kaping pindho.

“Tan… metua… aku Eren” ora nunggu suwe lawang langsung dibuka.

Pipi kang isih teles iku sanalika nemplek ing dhadhane Eren, Tania nangis kejer. Amarga kurang becik jagongan suwe ing ngarep kos wadon, Eren ngajak Tania golek angin kaya kang dikarepake sore mau.

Advertisement

Ing sadalan-dalan angin kang semribit nerak pipi manis iku ngreka crita manis sawetara. Swasana kang sansaya tentrem ing ati agawe Eren kepingin miwiti omongan kang wus ditata awit wingi.

Nalika pit motor mandheg ing bangjo bocah loro iku malah tabrakan anggone ngomong.

“Tan” “Er”

“Eh piye Tan arep ngomong apa?” wus persis kaya nggon FTV polahe bocah loro iku menawa digatekake.

“Gapapa tenan aku miwiti omongan?” pitakone Tania kang wus ngempet pirang-pirang dina padha kepingin blakane.

“Loh ayo ndang ngomong wae, ana apa?” atine Eren sansaya deg-degan.

“Mengko wae Er. Yen wus teka kos,” krungu ukara kaya mangkono dheweke sansaya kebak pitakon ing atine.

Advertisement

***

“Lha saiki wis tekan ngarep kos, gage ngomonga,” Eren wus ora sabar.

“Mandhega Er,” swarane Tania alus, alon-alon ngandhani Eren.

“Lha iki aku wis mandheg Tan,” Eren malih dadi bingung.

“kudune kowe ngerti apa kang dakkarepake Er,” tangane Tania sinambi ngelus pundhake Eren.

“Oh ya wis yen pancen kaya mangkono kepinginanmu Tan, aku wus banget matur nuwun isa kekancan karo kowe. Kudune aku ora prelu njaluk luwih. Ana kene aku sing luput Tan,” sirahe Eren sanalika ndhingluk ndhelikake eluh kang mili.

“Kowe ora kleru Er. Aku wae sing wegah kelangan kowe. Aku ora bisa nuruti apa kang mbok pingini amarga aku wegah duwe rasa nduweni Er. Nalika manungsa ngrasa nduweni, ing liya wektu dheweke kudu wani ketemu rasa kelangan Er. Aku wegah iku kedaden, aku wegah kelangan kowe Er,” Alesane Tania kang lagi wegah duwe sesambungan marang bocah lanang.

Aku kang saben dina weruh polahe bocah lanang-lanang iku kanggo narik kawigatene Tania rada mesakne. Amarga wus mesthi ing wektu iki angel kanggo gayuh atine Tania. Krungu nalika Tania crita marang Bu warti, dheweke ora bisa nampa wong lanang ing wektu iki amarga isih trauma marang kadadeyan pelecehan seksual kang telung taun kepungkur dijalari saka tumindake Rian kang durjana iku.

Aku pinangka gapura gang greja amung bisa mesam-mesem lan nggatekake apa kang kedaden ing sakiwa tengene manungsa. Sejatine aku lan manungsa ora ana bedhane, nalika ana kadadeyan pelecehan seksual utawa kadurjanan liyane aku amung bisa meneng, ora bisa nyuwara, lan ora bisa tumindak akeh amarga aku ora duwe kuwasa.

 

Naufal Bahauddin Wafi
Mahasiswa Jurusan Sastra Daerah UNS angkatan 2019. Remen nyerat cerkak, geguritan, ugi nate damel naskah teater tradhisional. Aktif ing unit kesenian mahasiswa mliginipun teater tradisional. Nate juwara I lomba nulis cerkak tingkat umum Kota Solo taun 2021.

Advertisement
Kata Kunci : Gereja Cerkak Gapura
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif