Cerkak Dhokter Budi, Dhokter Tresnaku

Ing Sajroning kamar priksa rumah sakit, dhokter Budi lungguh. Ana ing kana dhokter Budi maca daptar pasiene dina iku saka buku tamu dhuwur meja sajroning kamar priksa iku. Ora let suwe dhokter Budi banjur ngaturi pasien nomer siji. Jam sanga luwih limalas menit. Ratri digandeng ibune mlebu kamar priksa jalaran entuk panggilan antrian nomer siji. Larane Ratri awit tiba saka motor sing ditumpaki nalika mangkat kerja. Ratri mung meneng jalaran dhadhane krasa sesek ngampet lara ing tangane kiwa. Ing batin kuwatir banget, gek kasangsaran apa sing bakal disandang ing tembe, apa tangane kudu dioprasi?

“Iki ana balung sing kudu dibenakke,” kandhane dhokter Budi satengahing ndelengi poto rontgen ana ing perangkat monitore. “Wis suwe tibane ?” Dhokter Budi nerusake.

“Nggih kirang luwih seminggu,” Ibune Ratri mnagsuli, Ratri isih katon meringis ngrasakke lara ing tangane.

“Hemm…kudune bar tiba langsung tindhak rumah sakit, sakjane wis telat. Nanging coba (karo nggujengi tangane Ratri sing lara). Isih krasa lara ?” takone marang Ratri.

“Nggih sakit banget malah boten saged dingge napa mawon,” ujare Ratri gemrobyos ngampet tangane sing lara.

“Poto rontgen iki diarani cidera, dislokasi tulang. Ana balung sing mlengse,” kandane dhokter Budi karo nudingi poto rontgen.

“Lajeng kepripun dhok, menapa kedhah oprasi ?” Ibune Ratri kuwatir.

“Boten, dipuncoba diwangsulaken ing posisinipun,” dhokter Budi mandeng Ratri terus bacute, “Iki ana balung sing kudu dak benakke, disuntik dhisik ya?”

“Kula..kula ajrih kaliyan jarum suntik dhok,” wangsulane Ratri pegat-pegat kaya bocah cilik.

“Ora papa,” Ibune ngayem-ngayemi karo mandeng anake wedhok.

“Ora lara, coba tanganmu yen wis disuntik patirasa bisa dak benakke, kepriye ?” pitakone dhokter Budi maneh.

“Oh napa leres boten kraos?” Ratri isih keweden.

“Ora,” wangsulane dhokter Budi karo nulis ing dluwang, banjur dielungake marang asistene. Asistene mau banjur metu sawise cetha olehe maca pesene dhokter Budi.

“Wis duwe pacar durung?” dhokter Budi mbebeda sajake genit karo Ratri. Ratri karo Ibune mesem krungu pitakone dhokter Budi.

“Pacaripun kathah dhok,” dijawab dhewe karo dhokter Budi sinambi geser-geser layar handphone.

“Enggih, enggih dhok. Lajeng kepripun dhok?” Ratri ngguyu agawe tambah manising eseme.

“Ooo, mbokmenawa mbokya…hemm,” ujare dhokter Budi karo unjal ambegan.

Karo nunggu asistene, dhokter Budi nyekel handphone. Ratri ngulatke dhokter Budi, satengahing dhokter Budi lagi nyawang handphone. Kumesar atine, dhuh nggantenge dhokter Budi, perawakane putih resik kaya wong Cina, grapyak pisan. Ana ing atine tuwuh rasa kepincut.

Handphone sing dicekel diselehake nalika asistene wis teka mlebu nggawa arupa peralatan medis.

“Tileman nggih Mbak Ratri?” Ratri mantuk manut. Ratri nglekar ana ing dhuwur dipan, tangan kiwane digujengi dhokter Budi. Dhokter Budi ngusap tangane Ratri nganggo kapuk sing wis dicelup alkohol. Nyess rasane, banjur jarum suntik dicoblosake nganti tekan balunge. Ratri mengkiring untune digeget ngampet lara.

“Adhuh…,” Ratri krasa lara balunge dicoblos jarum suntik, eluhe deleweran.

“Halah, wong mung ngono wae kok nangis,” ujare dhokter Budi, asistene melu ngguyu.

Tangane Ratri sing wis dipatirasa mau ditarik-tarik, ditekuk-tekuk nganti balung sing owah bisa bali ing papane. Asistene melu nggujengi tangane Ratri. Sawise kuwi, tangan banjur diblebet nganggo gips. Ratri isih gemeter.

“Ora usah kuwatir, balung wis dak benakke,” ujare dhokter Budi sawise wis rampung anggone nambani tangane Ratri, menehi obat sing kudu diombe, lan rujukan kanggo bali priksa kontrol maneh.

“Inggih sampun dhok, menawi sampun kula matur nuwun sanget,” kandane Ibune Ratri karo nggandheng anake wedhok metu saka klinike dhokter Budi.

“Nggih bu, sami-sami mugi enggal sehat,” Dhokter Budi mesem nggatekake metune Ratri karo Ibune saka klinik iku.

Atine dhokter Budi krasa kumesar ser-seran marang pasien sing bar ditepangi mau. Suwe-suwe banjur terus-terusan kelingan pasuryane Ratri sing bunder manis eseme. Dhokter Budi banjur ngarem-ngaremi kanthi nimbali pasien urutan sateruse, supaya ora nganti kedawa-dawa mikiri sing ora-ora.

Ing wanci sore sawise ngombe obat, Ratri lungguh ing kursi ngarep omah. Rada mangu-mangu krasa ing manahe. Dieling-eling pitakone dhokter Budi mau, “Wis duwe pacar durung?” Ratri mesem-mesem dhewe.

“Adhuh dhokter Budi, kula gelem lho dadi pacarmu,” Ratri ngomong lirih. “Mbokya gelema ta?” Bacute ujare karo mesem. Kembang ing taman ngarepan omah katon endah kaya dene atine sing lagi kasmaran karo dhokter Budi.

Tekane wektu sing diarep-arep, let seminggu. Bungahe Ratri, dina iku dheweke kontrol tangane. Genahe ya bisa ketemu pepujaning atine, yaiku dhokter Budi. Dene tangane wis ora krasa lara, anggone ngombe obat digatekake amarga dhokter Budi. Semana uga dhokter Budi wektu iku kelegan bisa ketemu maneh karo Ratri sing saben dinane marakake dhokter Budi ora konsentrasi nyambut gawe amarga kelingan Ratri terus.

Kawit dina iku Ratri karo dhokter Budi banjur raket sesambungane, yen kanggone dhokter marang pasiene pitakonan bab obat wis kliwat. Anggone nggatekake Ratri amarga satemene ana rasa antaraning priya lan wanita. Namung wong sakloron padha ora wani blaka, Ratri lan dhokter Budi.

“Kepiye kabare Ibu guru ?” Pitakone dhokter Budi ana ing Whatsapp.

“Kabaripun sae dhok, panjenengan?” jawabe Ratri dheg-dhegan maca statuse dhokter Budi unine “Kangen” Ratri isin yen blaka, sanajan pancen uga kangen sing dirasakake.

“Ah nggawe kejutan wae kanggo dhokter Budi,” Ratri ngrencanake arep teka neng klinike dhokter Budi.

“Nanging, sapa aku? Pacar dudu?” Ratri mangu-mangu, “Piye ya? Kethoke dhokter Budi ya duweni rasa sing padha kaya aku? Mosok wanita sing kudu maju dhisik?” Bacute. Dheweke mangu-mangu unjal ambegan sedhela.

Jam lima sore Ratri teka klinik prakteke dhokter Budi. Sanajan tangane wis mari, nanging dheweke arep etok-etok mriksakake supaya bisa ketemu dhokter Budi. Sawise ndaptar, Ratri nunggu antrian, ndilalah antrian sore iku ora akeh. Mung nunggu telung pasien nomere antri mlebu ruwang priksa. Dheweke entuk antrian pungkasanr. Atine dheg-dhegan, saka njero ruwang priksa keprungu jenenge disebut. Ratri mlebu alon-alon mbukak lawang sing minep. Sepira kagete dheweke, ana wanita ayu lan anake lungguh ing kursi sajroning kamar priksa iku. Anake lanang ngganteng kaya dhokter Budi.

“Ayah, mantuk jam pinten?” Pitakone bocah lanang ngganteng mau marang ayahe sing ora liya ya dhokter Budi iku.

“Nggih sekedhap malih yen pun rampung pasiene,” ujare dhokter Budi maringi pangerten anake. Anake mau rewel nggeret-geret seragam putihe dhokter Budi, ibune nyekel tangane anake.

“Ayo Le metu dhisik tumbas jajan ing minimarket ?” Anake mantuk banjur metu bareng.

Ana ing lawang tlisipan karo Ratri, wanita ayu mau mesem karo Ratri. Ratri ngadeg njegegek ngarep lawang, getihe kaya disirep. Bareng dhokter Budi minarakke lungguh, dheweke banjur maju terus lungguh. Satemene dhokter Budi ya kaget pasiene jebul Ratri.

“Mbak Ratri arep priksa kok ora WA, apa sing dirasakke Mbak Ratri?” pitakone dhokter Budi. Ratri isih meneng nenangke pikire.

“Dhok, menika tangan kula sing dhawah riyin taksih sakit,” jawabe Ratri, sanajan satemene tangane wis ora lara. Ratri arep nangis jalaran atine kuciwa.

Dhokter Budi ngerti satemene Ratri kuciwa, enggal-enggal dheweke ngrakup tangane Ratri.

“Ratri…ngertiya, satemene aku…tresna marang sliramu, wiwit sepisan ketemu nganti seprene iki,” dhokter Budi mandengi Ratri.

“Dhokter Budi gadhahi rasa kados kula? Saestu? Nanging, wanita wau lan putrane?” Ratri nggeret tangane. Wong loro sesawangan, banjur meneng.

“Aku njaluk ngapura Ratri, pancen wanita mau sisihanku lan putraku. Nanging aku ora bisa ngapusi atiku dhewe, pancen aku tresna marang Ratri,” ujare dhokter Budi.

“Boten dhokter, tresna niki boten saged diterusaken. Kula boten badhe ngrisak omah-omahipun dhokter Budi. Kula suwun dhokter Budi setya marang wanita wau,” Ratri menyat ngadeg saka lungguhe.

“Ratri, jujura karo awakmu dhewe. Sliramu tresna ora karo aku?” Pitakone dhokter Budi. Dhokter Budi nyekel tangane Ratri maneh.

“Boten,” jawabane Ratri karo nggeget untu ngampet eluhe, ninggalake dhokter Budi dhewe. Dhokter Budi ngeculake genggeman tangane, lemes dheweke krungu jawabane Ratri.

Ana ing lawang, Ratri tlisipan maneh karo wanita lan anake mau. Eluhe wis deleweran nanging dheweke tetep isih bisa mesem.

“Mas, ana apa?” pitakone Caroline, wanita sisihane dhokter Budi. Dhokter Budi mandengi anake sing lagi asik maem es krim banjur mandengi sisihane.

“Ora ana apa-apa, Every thing is fine Caroline, Okey,” Dhokter Budi ndingkluk nutup raine nganggo tangane unjal ambegan dawa. Caroline mesem kecut marang sisihane, sajake ngerti kedadeyan mau kae, pasien nomor urut pungkasan.

 

Jeng Uli Kurnia, sutresna Basa Jawa, mapan ing Margorejo RT 012/RW 004 Puro Karangmalang, Sragen.



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya









Kolom