SOLOPOS.COM - Pelajar mengikuti kompetisi bahasa dan sastra Jawa 2022 di Taman Pintar, Yogyakarta, Senin (22/8/2022). Kompetisi bahasa dan sastra Jawa dalam bentuk alih aksara dan membaca geguritan yang digagas oleh dinas kebudayaan Yogyakarta dan diikuti ratusan pelajar tingkat SD hingga SMA itu menjadi media pelestarian bahasa, sastra serta aksara Jawa. ANTARA FOTO/Andreas Fitri Atmoko/hp.

Solopos.com, SOLO — Dina iki lemes atiku, jenengku klebu salah sijining daptar pegawe sing kena PHK. Wiwit sesuk wis ora prelu mlebu nyambut gawe. Ya pancen, oleh pesangon nanging ora sepiraa.

Durung suwe anggonku dadi buruh ing pabrik tekstil iki, kok ya ana wae alangane. Mbiyen nyambut gawe neng toko kayu ya mandeg, tokone kukut. Pancen angel golek gaweyan, wis oleh beras sak thekem, kudu bolong takire. Jenenge urip, sak drema nglakoni.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Mas Wukir, mbok aku dikancani neng daleme Mbah Carik,” swarane Riris sore iki rada ngleremke pikir. Sapa sing ora lerem yen sing ngundang jenengmu kuwi kenya manis kinyis-kinyis?

“Ana apa ta kok sowan Mbah Carik?” aku takon karo mesem sing dak anggep paling nggantheng sak Carikan. Riris mesem, dhuuhh.. samsaya bungah rasane atiku!

“Saben Slasa karo Kemis sore aku ngrewangi Mbah Carik, karo sinau. Gelem ya, Mas Wukir?”

Aku manthuk. Ora suwe Riris wis ngethapel ana ing goncengan pit montor sing durung rampung lebone. Ah, kuwi dipikir keri, saiki wancine menakake ati gocengan karo Riris. Daleme Mbah Carik ora adoh saka omahku, nanging yen mlaku ya kudu liwat kreteg sing saben wayah surup rada ndrawasi. Mesakake Riris yen kudu mlaku dhewe.

Mlebu latar daleme Mbah Carik, wis ana bocah-bocah cilik sing nyekel buku. Ana sing cekikikan dhewe, ana sing nggambar, ana sing nata bukune kancane, ana sing rebutan.

“Kulanuwun, Mbah Carik..”

“Mbak Ririiiisss…!!” bocah-bocah cilik iku padha sumringah weruh Riris. Mbah Carik mbukak lawang tengah karo nggawa kerdhus, gage aku mbiyantu jupuk kerdhus iku saka Mbah Carik sing wis sepuh.

“Weehh, kowe ta, Kir? Kadingaren ngetok?” Mbah Carik katon bungah.

“Nggih, Mbah.. wau ngrencangi Riris. Wonten acara napa ta, Mbah? Kok rame..,” Mbah Carik malah ngguyu keprungu pitakonku. Karo rada nggablog gegerku, Mbah Carik lenggah.

“Wis setaun kepungkur omahku iki dadi jujugan bocah-bocah sing padha gelem sinau lan maca buku. Eman-eman yen buku-buku sing ana ing lemari gedhe kae mung aku sing isa maca.”

“Mbah Carik niku kados perpustakaan desa, Mas Wukir..” Riris semaur karo nggawa buku pirang-pirang. Kabeh gambare panganan. Oh, iku buku resep. Sajake Riris lagi ajar olah-olah, mangsak lan gawe roti. Riris ngetokake kothak plastik isine bakpao.

“Mbah Carik, punika ujicoba kala wau. Mangga dipuncobi, kirang punapa mangke kula dipunsanjangi,” Riris uga nawani aku. Bakpao isi kacang, legi, legit. Enak.

“Dhik, kok sajak sregep maca buku resep. Apa wis ana sing nembung ta?” aku takon.

“Ah, Mas Wukir ki lhooo.. dereng, Mas! Aku nduwe modhal sing arep dak enggo mbukak pesenan snack, yen isuk arep dak cuba nyetori tenongan. Wingi kroket saka sega kae payu, wis ana sing gelem disetori.”

Aku manthuk-manthuk. Owalah, lega atiku yen Riris durung ana sing nembung.

“Kuwi mau kabeh saka anane buku. Migunani yen awak dhewe gelem ndhudhah isi sajroning buku-buku kuwi. Kir, kowe ya aja kalah karo bocah-bocah cilik kae. Ayo, jupuka siji buku sing mbok senengi, wacanen. Sesuk aku pengen ngerti tekan ngendi anggonmu mudheng karo buku sing mbok waca iku!” Mbah Carik katon padhang tuking uripe.

****

Wis seminggu aku nganggur, nanging ora suwuk. Wis seminggu uga aku nyilih buku-bukune Mbah Carik. Kabeh bab tandur lan ternak. Kaya-kayane aku mathuk lan yakin, modhal saka pesangon wis manteb arep dak cakake mrintis ing pangudi. Kebon mburi arep dak tanduri winih kates mboyolali, ngarep arep dak gawe para-para kanggo winih woh naga merah. Karo nyicil tuku iki kuwi kayata pring lan liyane, nyicil macul lan nyirami, mbesiki, lan ndangir.

“Kula nuwun, Mas Wukir!” swara kang dibarengi esem kae sapa maneh yen dudu swarane Riris.

“Aku neng kene, Ris!” aku ngenteni Riris mara. Weruh aku lungguh ing ngisor wit pete, Riris melu nglemprak. Tujune dak gelari klasa elek-elekan. Riris crita yen daleme Mbah Carik, sasi ngarep arep dikukuhake karo Pak Camat dadi rintisan Taman Baca Desa Carikan.

“Buku-bukune Mbah Carik iku tibake akeh tenan. Iki mau aku mampir maneh kanggo nyiapake sasi ngarep. Lemari-lemari gedhe wis diresiki. Hhh, hyoo ora maido..Jaman semana Mbah Carik lak wis nate sekolah ing negara Landa..”

“Saka bukune Mbah Carik uga, aku saiki dadi nduwe karep ora mburuh maneh. Nanging arep dadi tani wae, buku-buku sing dak silih iku pancen kebak mupangate,” aku semaur karo ngombe banyu, karo ngilangi rasa dheg-dhegan ana ing sandhinge Riris. Riris mesem ayu banget.



“Sasi ngarep iku, aku uga oleh pesenan snack kanggo tamu. Buku iku tibake ora ana tembung amoh apa maneh lawas lan kuna. Buku resep lawas iku uga ora njlimet, gampang. Pancen ora salah yen daleme Mbah Carik dadi Taman Baca.”

“Lha terus, Mbah Carik lenggah ngendi, Dhik?”

“Sing kanggo Taman Baca ya mung pendhapa, dadi lemari-lemari gedhe kabeh saiki metu ana ing pendhapa. Mbah Carik lenggahe tetep ing paviliun mburi sing sanding kebon lan tanduran apotek hidup kae.”

Aku mesem karo manthuk-manthuk. Endah penake urip kaya Mbah Carik, ayem.

“Mas, kok ngguya-ngguyu ta? Hayooo.. mikir apa?!” Riris njiwit bangkekan.

“Adhuuhh..! Ora, aku mung mbayangake yen dadi Mbah Carik kae katon ayem.”

Riris mlirik karo mesem. Rasane pingin njiwit genti, nanging kok eman. Kulitane sing resik kuwi mengko dadi abang merga dak jiwit.

****

Taman Baca Desa Carikan, alon waton kelakon wis ngancik luwih saka setaun. Saperangan wektu kliwat, samsaya akeh bocah-bocah tangga desa kang melu amor. Buku-buku sing ana ing perpustakaan mandiri kuwi samsaya rena-rena, saya komplit, akeh lan dadi jujugan bocah sekolah yen nggarap tugas saka gurune.

Wukir saiki uga melu dadi sukarelawan nunggoni taman baca, gentenan karo liyane. Iki kabeh saka Riris, yen jaman semana Wukir ora ngesir kenya manis iku, ora bakal melu sregep ngeterake neng daleme Mbah Carik. Mbah Carik dhewe wis seda, nanging melu menangi buku-buku koleksine dadi bibit taman baca ing Desa Carikan.

Wukir wis manteb dadi tani woh naga, lagi ngenteni panen. Riris wis nduwe usaha katering snack, sing ngrewangi kanca-kancane. Bocah sakloron iku dadi conto liyane, yen di-PHK rasah wedi anggere sregep maca lan usaha ngupaya upa.

 

Yessita Dewi
Gangnam, Solo

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya