Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/9/2018) menika kapacak bab Carane Gawe Tempe.

Solopos.com, SOLO — Denys Lombart (2005) ing bukune kanthi irah-irahan Nusa Jawa Silang Budaya: Jaringan Asia ngandharake dene tempe kajupuk saka tembung tape sing maknane fermentasi.

Tempe pancen wujud fermentasi dhele nganggo kapang. Jinise kapang macem-macem, ana Rhizopus oligosporus, Rhizopus oryzae, Rhizopus stolonifer, utawa Rhizopus arrizhus.

Tempe biyasane digawe saka dhele ireng minangka ubarampe baku. Denys ngandharake budidaya dhele diwiwiti ing jaman Kraton Mataram, Jawa Tengah, ing abad kaping 16. Sabanjure iku ngrembaka nganti tekan ngendi-ngendi.

Gawe tempe butuh wektu sing suwe. Juragan tempe saka Mojosongo, Solo, Robertus Ary Gunanto, nalika ditekani ing daleme, Minggu (9/9/2018), ngandharake butuh wektu nganti telung ndina kanggo gawe tempe.

Cara gawene diwiwiti saka dhele ireng utawa putih dikum banyu, digodhok nganti setengah mateng, isine dipecah dadi loro, dikum meneh ing banyu, dionceki, ditus, ditata, lan diwur-wuri kapang, banjur diwadhahi.

Robertus ngandharake ing jaman mbiyen lumrahe ngadhahi tempe ngango wungkus godhong gedhang utawa godhong jati. Saiki wis akeh sing diwungkus kertas utawa plastik. Ing sawetara wektu kepungkur Robertus nggawe inovasi mungkus tempe kanthi kertas lan gambar supayane memper yen didol ing supermarket utawa pasar modheren liyane.

“Mbiyen wungkuse ya mung godhong utawa plastik. Banjur aku gawe inovasi supayane gawe wungkus saka kertas sing diwernani. Jebule malah saya okeh sing seneng tuku amarga wujude apik,” kandhane.

Minangka panganan padinan, akeh wong kang karem marang tempe. Robertus ngandharake saben dinane gawe tempe nganti 2.000 wungkus sing didol Rp500 sak wungkuse.

Rego sing murah lan rasane sing enak dadi salah sawijining alesan wong-wong milih tempe minangka lawuh kang wajib ana. Apa meneh yen rega lawuh liyane kayata endhog lan daging larang.

Jaman biyen, kandhane Robertus, butuh nganti puluhan wong kanggo gawe 2.000 wungkus tempe. Saiki buruhe luwih sithik amarga ana mesin-mesin saka pabrik sing bisa nyepetake gawe tempe.

“Biyen butuh pegawe akeh. Saiki wis nganggo mesin, kayata mesin kanggo mecahke dhele lan ngonceki dhele,” kandhane.

Ora mung wungkuse, olahan tempe uga samsaya werna-werna. Jaman biyen tempe mung digawe kanggo bacem, oseng-oseng, lan sakpiturute. Saiki ana olahan tempe kanggo steak, isen-isen burger, sate, uga ombenan sing didol kanthi rego larang ing restoran. Tempe sing ngandhut protein uga dadi panganan kanggone wong sing ora mangan iwak lan daging utawa kang diarani vegetarian.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi