SOLOPOS.COM - WAYANG WONG- Salah sijine jejer wayang kanthi lakon Bradjadenta Mbalela kang dibabar ing Gedhung Wayang Wong Sriwedari Jemuwah (27/1/2012) wengi. JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu

WAYANG WONG- Salah sijine jejer wayang kanthi lakon Bradjadenta Mbalela kang dibabar ing Gedhung Wayang Wong Sriwedari Jemuwah (27/1/2012) wengi. JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu

Kakuwasan pancen bisa njalari mripat katutup pedhut. Kakuwasan uga bisa nutup atine manungsa. Ora preduli kanca utawa mungsuh, kabeh dirantasi nganti entek kanggo supaya bisa jumeneng nata.
Gambaran iku coba dituduhake dening seniman wayang wong ing Gedhung Wayang Orang (GWO) Sriwedari, Jemuwah (27/1) wengi. Lakon kang diangkat ing kalodhangan iku yaiku Brajadenta Mbalela.
Lakon kang nyritakake mbalelane Prabu Brajadenta, pamane Gathutkaca iki, nggambarake tatanan pamarentahan Indonesia saiki iki. Kabeh padha rebut kakuwasan, lan isih ditambahi ruwet karo anane provokator ing ngendi-endi.
Kisruh ing Pringgodani diwiwiti saka niyate Prabu Brajadenta kang kepengin nglengserake Gathutkaca saka kakuwasane. Brajadenta rumangsa srei marang sedulure iku. Niyat alane Brajadenta iki sansaya ndadi jalaran pambisike Sengkuni.
Miturut sutradara, Diwasa, sejatine wujude Sengkuni iki kang nambahi ruwete nagara. Anane Sengkuni ing jaman modheren iki bisa mbebayani marang kawutuhane bangsa. Kabeh tumindake bisa agawe crah lan bubrahe nagara. Mula, minangka warga salumrahe, kabeh disuwun supaya ora gampang kena godha utawa kepangan omongane wong liya. Aja nganti kaya Brajadenta kang gampang kepilut swara-swarane wong liya. JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya