SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

  • Dwi Setyarini

Srengenge lagi wae munggah kira-kira limalas derajat, jago-jago lagi wae mandheg kluruk. Kahanan wayah kuwi isih ayem, ananging ana omahe Pak Dimas uwis katon rame. Bengak-bengok swarane Bu Laras, garwane Pak Dimas, uwis krungu tekan omahe para tangga. Kedadeyan kuwi kaya-kaya uwis dadi pakulinan saben esuk sing dirungokake warga ing Desa Surya kana. Apa maneh yen ora merga polahe si Angga Prasetya putra barepe Pak Dimas. Bocah cilik dhuwur, resik pakulitane kuwi pancen saben esuk seneng gawe nesu ibune. Ana wae polah sing dilakoni lan njalari ibune muring kayata angel diakon tangi, angel diakon adus, ngrusuhi adhine lan liya-liyane.

Angga bocah sing seneng polah kuwi lagi Kelas V SD lan duweni adhi siji jenenge Rara lagi Kelas II SD.

Promosi Gonta Ganti Pelatih Timnas Bukan Solusi, PSSI!

“Anggaaaaa…saiki uwis jam pira? Kowe arep sekolah ora?” ujare Bu Laras ngakon Angga adus.

Angga mung meneng wae karo nonton acara kesenengane. Ibune gage-gage marani lan nyedhaki Angga, “Angga…adhimu kae hlo uwis rampung, telat mengko sekolahe!” ujare Bu Laras karo mateni tipi.

“Aahh.. Ibu..! Niku pun arep bubar!” saurane Angga rada melas. Akhire Angga tata-tata mangkat sekolah. Angga karo Rara kuwi tunggal SD, mula Pak Dimas ora repot bolak-balik kanggo ngeterake anake sekolah. Amarga Pak Dimas uga kudu mangkat kerja sabubare ngeterake anak-anake sekolah supaya ora telat. Pak Dimas saiki kerja ana ing salah sawijining perusahaan, dene Bu Laras dadi ibu rumah tangga lan nyambi bukak toko ana ing ngarep omahe.

Ing wayah wengi Angga krungu yen sedhela maneh adhine bakal ulang taun kang kaping wolu. Angga ngerti yen saiki adhine lagi kepengin banget duweni boneka Pandha, mula Angga banjur menehi ngerti kepengenane adhine menyang bapak-ibune. Telung dina banjure ing omahe Pak Dimas uwis rame bocah-bocah cilik sing padha nekani acara ulang taune Rara. Roti tar gedhe wis cemepak ana meja, jajanan kanggo kanca-kancane Rara, lan kadho-kadho uga uwis ana. Atine Rara seneng banget dina kuwi, apa maneh Rara oleh kadho boneka pandha sing dipengeni. Bocah cilik ayu kuwi saben lunga menyang ngendi-ngendi ora lali nggawa boneka pandha-ne sing diwenehi bapak-ibune pas ulang taun wingi.

Ing sawijining dina Angga ngancani adhine dolanan boneka pandha kesenengane. Wektu kuwi Angga kepengen nyilih boneka iku. Pancen sing jenenge Angga ki kakehan polah, ora sengaja Angga narik tangan boneka pandhane Rara lan tangane boneka kuwi mau pothol. Ngerteni boneka panda kesenengane wis ora utuh, Rara nangis ora kira-kira.

Angga ngrasa salah marang adhine, dieneng-eneng ananging tetep wae si Rara nangis malah saya banter. Ibune sing lagi masak banjur metu marani Angga lan Rara.

“Apa meneh ta Ngga?” pitakone Bu Laras.

“Boten sengaja Buk…hla Rara boten purun boneka pandhane disilih, Angga tarik malah suwek!” jelase si Angga.

“Wis Dhik Rara ora usah nangis, mengko dibenerake!” rayune Bu Laras supaya Rara gelem meneng saka nangise. Rara kadhung tresna karo boneka pandane sing diwenehi jeneng si Andha, ditukokake Pak Dimas boneka pandha anyar tetep wae ora gelem.

Saka kedadeyan kuwi Rara nesu marang Angga amarga uwis ngrusak boneka kesenengane, istilah jaman saiki Rara lagi ngambeg karo Angga. Diajak dolanan Angga ora gelem, mangkat sekolah bareng ora gelem.

Angga pancen bocah sing kakehan polah, mrana-mrene ana wae polah sing dilakoni. Ananging Angga kalebu bocah sing tanggung jawab marang apa sing ditindakake. Kedadeyan iku Angga ora sengaja ngrusak boneka pandha kesenengane adhine, boneka mau banjur didelikake ana ing kamare. Angga kepengin benerake boneka pandha kesenengane adhine kuwi. Kanca kelase Angga ana sing ibune tukang jait lan kancane Angga kuwi uga bisa jait.

Angga duweni gagasan kepingin jaluk ajar carane jait kanggo benerake boneka pandhane adhine. Mula saben mulih sekolah, Angga lunga menyang omahe kancane kanggo ajar carane jait manual alias jait nganggo tangan utawa ora nganggo mesin jait. Uwes seminggu Angga ajar carane jait sing bener karo kancane, alon-alon Angga ajar jait kanthi tenanan. Angga kepengen benerake boneka pandha kesenengane adhine, sing uwis dirusak.

Bareng uwes rada bisa jait, Angga banjur alon-alon mbenerake tangan boneka pandha kuwi. Kanthi tenanan Angga jait supaya hasile uga rapi, bapak-ibune sing weruh tanggung jawabe Angga marang apa sing di lakoni rumangsa bangga karo Angga.

Bareng dijait kanthi tenanan, akire boneka pandha dadi apik meneh. Tangan sing maune pothol uwes kasambung meneh, Angga rumangsa seneng banget bisa benerake boneka kesengane adhine.

Ing wayah bengi, Angga mlaku tumuju kamare Rara karo nggawa boneka pandha sing dibenerake mau. Kanthi alon-alon Angga buka lawang kamare Rara lan menehake boneka pandha kesengane adhine kuwi. “Iki Dhik Rara boneka pandamu, saiki uwes bener meneh kaya wingi. Mas Angga lho sing jait! Hehe,” ujare Angga karo adhine.

Karo ati sing bungah weruh bonekane, Rara mangsuli ujare Angga, “Hehe kuwi si Andha Mas? Saiki uwis ora rusak?”

“Iya Dhik Rara iki si Andha bonekamu wingi,” saute Angga.

Bungah banget atine Rara ngerteni boneka pandha kesengane sing diwenehi uwis apik meneh. Boneka pandhane kuwi langsung dirangkul karo Rara, Angga katon bungah atine ngerteni yen adhine seneng banget.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya